Dhalang Sapanyana
Sutradara:
Paraga:
-Adipati Puspa Handungjaya :
-Prameswari :
-Rara Rayungwulan :
-Patih Singapadu :
-Prajurit Carangsoka :
-Dhalang Sapanyana :
-Ambarsari :
-Ambarwati :
-Dhagelan :
-Adipati Grudapati :
-Prameswari :
-Raden Menak Jasari :
-Patih Singapati :
-Wedana Yuyurumpung :
-Penewu Sukmayana :
-Raden Kembangjaya :
-Prajurit Paranggarudha :
Babak
1.
Adegan
1. Pasewakan Paranggarudha.
Casting:
Grudapati, Patih Singapati, Yuyurumpung, Menak Jasari, wadya
Setting:
Pendhapa
Iringan:
Ladrang Pasewakan.
Grudapati : Lah ta Patih
wrangkaningwang,
Sowanmu padha basuki,
Ingsun mundhut wartanira,
Sowane pra wadya sami,
Singapati : Inggih sang
adipati,
Ngaturaken sungkem konjuk,
Pra wadya sami marak,
Yuyurumpung : Sami nengga dhawuh
ndika,
Sembah bekti konjuk ngarsa adipatya.(Sinom
Nyamat)
Grudapati : Banget panarimaku dene kabeh
padha ngaturake bekti. Yayi Prameswari
Prameswari : Kula kanjeng Adipati
Grudapati : Iki mau ndherek sowan
Prameswari : inggih Kanjeng
Grudapati : Apa wis rampung anggonmu
nggulawenthah sakehe putri ing Paranggarudha?
Prameswari : Pikantuk pangestu nan dalem,
nyatanipun para putri ing Paranggaruda tansah mestuti dhawuh panjenengan.
Sanadyan sipate putri nanging kedah saged ngarumaken asma negari
Grudapati : Gawe mongkog lan mareme atiku.
Mula sawetara kepenakna anggonmu sowan. Awit kae akeh para nayaka kang padha
ngabyantara.
Prameswari : Sendika mangestokaken dhawuh.
Grudapati : Patih Singapati
Singapati : Kula Kanjeng Adipati Grudapati
Grudapati : Tih, ing pasewakan dina iki aku
ora bakal ngrembug bab katentremane kadipaten munggahe karaharjane para kawula
ing Parang Garudha. Nanging sing tak rembug ing dina iki ora liya kejaba
putraku si Menak Jasari kang bakal tak palakramakake.
Singapati : Inggih kanjeng. Kang abdi
dereng mireng pawartos anggen panjenengan nglamar putri Carangsoka atmajanipun
Kanjeng Adipati Puspa Handungjaya, menapa sampun katampi?
Grudapati : Wis, kepara yayi Puspa Handung
Jaya lila legawa maringake putrine si Rayungwulan bakal kapundhut garwa dening
putraku si Menak Jasari. Nanging Tih…
Singapati : Kados pundi Kanjeng?
Grudapati : Rayungwulan njaluk bebana…
Singapati : Bebana?
Grudapati : Iya…
Singapati : Lajeng bebananipun menapa
Kanjeng?
Grudapati : Sing dijaluk Rayungwulan, besuk
dina dhedhaupan kudu nganakake tontonan wayang…
Singapati : Lah menika rak gampil ta
Kanjeng…
Grudhapati : Gampang kepriye?
Singapati : Menawi namung tetingalan wayang,
ing Paranggarudha menika kathah seniman dhalang ingkang baut anggenipun ngasta
pakeliran. Sinten ingkang dipun kersakaken kula sagah nyalang dhalang kalawau…
Grudhapati : Tih, yen mung trima dhalang lumrah
wae Rayungwulan ora gelem. Sing dikarepake yaiku dhalang kang wus nguwasani
salwiring reh. Bab antawacana, sanggit crita, sabet lan udanegara kudu kecakup.
Mangka aku durung nate pirsa dhalang kang kaya mangkono…
Singapati : Wah kang abdi piyambak inggih
dereng nate nguningani. Mbok bilih abdi panjenengan pun Yuyurumpung mangertosi…
Grudapati : Yuyurumpung…
Yuyurumpung : Kula kanjenge…
Grudapati : Kowe kang kerep srawung klawan
warga ing Kemaguhan lan warga desa sakiwa tengene. Apa kowe nate krungu dhalang
kang tak aturake ing ngarep mau…
Yuyurumpung : Sekedhap Kanjeng kula emut-emute… oh
wonten kanjeng…
Grudapati : Ana?
Yuyurumpung : Inggih wonten…
Grudapati : Banjur sapa?
Yuyurumpung : Menika dhalang saking Bakaran Kanjeng.
Naminipun Ki Sapanyana. Menika dhalang ingkang sampun kalok kajanapriya mungguh
kawasisanipun anggenipun ndhalang Kanjeng…
Grudapati : yen pancen Sapanyana iku kang
pantes kanggo mahargya dhedhaupane putraku mula iki dina kowe tak utus menyang
Bakaran. Kowe tak dhapuk minangka talange aturku…
Yuyurumpung : inggih Kanjeng, keparenga kula
lumengser sawetawis…
Grudapati : Iya Yuyurumpung…
Adegan
2. Jasari gandrung
Jasari : Bocah ayu, age tuduhna esemu,
Aku wis ra kuwat,
Cintaku tulus lan suci,
Rayungwulan
dimanakah engkau dinda…(Pocung)
Prameswari : Ngger elinga ya ngger… iki ana
pasewakan hlo Ngger…
Singapati : Inggih Raden kula aturi emut…
Jasari : Yung… Rayungwulan… aja
tansah beda aku ta cah manis. Dhung dhung nong tete trenggalung cepret…mbek
meong mbek meong…
Grudapati : Hahahaha… wahhh wis ora kuwat
putraku… Bu…
Prameswari : Kula Kanjeng..
Grudapati : Ayo anakmu didandani cara
nganten. Tih bubarna pasewakan!!
Singapati : Sendika kanjeng…
Babak 2.
Adegan 1. Ki Sapanyana
ketamuan Wedana Yuyurumpung
Setting: Omah desa
Casting: Sapanyana,
Yuyurumpung, Ambarsari, Ambarwati.
Iringan: Srepeg Mataram
Sapanyana : Weh tanggapan kok bladhegan. Yaa
disukuri wae, pancen ya sasi apik mula
akeh wong nduwe gawe. Yen sepi ya klakon ora mangan tenan. Heehh..
nganti mbakyu Ambarsari karo Ambarwati keturon. Ora maido pancen ya tanggapan
bladhegan.
Yuyurumpung : Kulanuwun…
Sapanyana : Nggih mangga, sapa kae?
Yuyurumpung : Ki lawange bukaken!
Sapanyana : Nggih sekedhap… hlo Ndara Dana,
mangga-mangga ndara…
Yuyurumpung : Iya iya Ki…
Sapanyana : Wahhh rak sami kasugengan ta
ndara…
Yuyurumpung : Antuk pangestumu, tekaku ora ana
pambeng. Piye tlatah Bakaran?
Sapanyana : Pikantuk pangestu njenengan Ndara
Dana, tlatah Bakaran ayom ayem tentrem.
Yuyurumpung : Hla iki ngene, tekaku iki diutus
dening Kanjeng Adipati Grudapati supaya…..(domblong)
Ambarsari : Hlo iki mau ana tamu…
Sapanyana : Iya iki ana rawuhe ndara Dana
Yuyurumpung ing Maguhan.
Ambarsari : Rak nggih sami kasugengan ta
Ndara? Ndara… ndara Dana…
Ambarwati : Kok kendelan wae ta mbakyu. Ndara
Dana… sami kasugengan rawuhipun??
Sapanyana : Ndara…
Yuyurumpung : (njondhil) e… ya tak tampa… iki sapa
Ki?
Sapanyana : Hehehe niki mbakyu kula Ambarsari
hla niki adhi kula Ambarwati.
Yuyurumpung : Wehhh ayu tenan… iki apa warangganamu?
Sapanyana : Inggih leres Ndara…
Yuyurumpung : Ngene tak baleni maneh ukaraku mau.
Kanjeng Adipati ing Paranggarudha iki bakal kagungan kersa mantu. Malakramakake
kang putra Raden Menak Jasari klawan putri saka Carangsoka putrane kanjeng
Adipati Puspa Handung Jaya sesilih Rara Rayungwulan. Hla kowe kaaturan supaya mayang
ing pahargyan iku mau
Sapanyana : Niku benjing napa Ndara?
Yuyurumpung : Sasi ngarep iki. Rak lodhang ta? Yen
wis isi iki tak tambahi, liyane wurungna. Iki panjere…
Sapanyana : Wadhuh kok kathah sanget…
Yuyurumpung : Wis ta waton sasi ngarep isa mayang
neng Carangsoka. Lan aja lali sedulurmu iku diajak..
Sapanyana : Inggih inggih Ndara… wah matur
nuwun sanget hlo…
Yuyurumpung : Iya, sawetara aku njaluk pamit…
Sapanyana : Mangga-mangga ndherekaken
konduripun. (srepeg Mataram)… Mbakyu Ambarsari lan Ambarwati…
Ambarsari : Iya piye dhi…
Sapanyana : Sampeyan wis ngerti dhewe yen
sasi ngarep awake dhewe diaturi mayang neng Carangsoka. Mula aja nganti gawe
gela. Ayo dicawisake ubarampene…
Ambarsari : Iya ayo dhi…
Ambarwati : Iya tak dherekne kakang…
Babak 3.
Setting: Pendhapa
Carangsoka
Casting: Puspa
Handungjaya, Prameswari Carangsoka, Grudapati,
Prameswari, Jasari,
Rayungwulan, Yuyurumpung, Sukmayana, wadya
Paranggarudha, wadya Carangsoka, Sapanyana, Ambarsari, Ambarwati.
Iringan: Sampak Sanga.
Adegan
1. Sapanyana mayang sabetan Gathutkaca. Rayungwulan nyaketi
Sapanyana.
Lampu mati sami bingung. Rayungwulan, Sapanyana, Ambarwati,
Ambarsari
ical. Sami geger.
Puspa
Handung : Hlo kok nganti ana kedadeyan
kaya mangkene…
Jasari : Dhuh kanjeng rama
MaraSEPAH kados pundi niki. Gendhuk Rayungwulan nggih mboten wonten…
Puspa
Handung : Ora ana piye?
Grudapati : Wahhh Sapanyana lunga,
Rayungwulan kok ya ora ana kwadhe… piye yayi Puspa Handung Jaya..
Puspa
Handung : Adhuh kula piyambak nggih
mboten mangertos kakang…
Jasari : Wahhh niki mesthi
Rayungwulan digondhol Sapanyana Rama..
Grudapati : Keparat Sapanyana… heh prajurit
Paranggarudha!!
Koor : Kula kula…
Grudapati : Ayo diluru playune Sapanyana…
kecandhak pateni!!!
Koor : Nggih sendika…
Puspa
Handung : Patih Singapadu lan yayi
Sukmayana
Singapadu : Kula kanjeng
Sukmayana : kula kanjeng..
Puspa
Handung : Kowe tak utus ngawat-awati
wong-wong Paranggarudha anggone ngupadi Dhalang Sapanyana lan putriku
Rayungwulan…
Koor : Sendika…
Babak 4.
Setting: Strat dalan
Casting: Dhagelan,
Sapanyana, Rayungwulan, Ambarsari, Ambarwati,
Kembangjaya, Sukmayana.
Iringan: Godril
Adegan
1. Dhagelan guyonan ngentosi Ki Sapanyana mayang ing Carangsoka.
Adegan
2. Ki Sapanyana prapta.
Abdi
1 : Weh Ki, napa
sampeyan bibar wayangan dipun bayar kalih putri triman…
Abdi
2 : Wahhh kaco iki,
jelas ora bakal mangan…
Abdi
1 : Kok gak mangan piye?
Abdi
2 : Biasane Ki Sapanyana
antuk sangu saka sing kagungan kersa njur didum-dumne nyang kanca-kancane
kalebu aku karo kowe. Hla nek bayarane putri triman apa ya klakon didum?
Sapanyana : Sik ta aja nggugu karepmu dhewe,
aku dhewe iki ya bingung. Nalika aku ngepasi mayang kok ndilalah Den Ayu
Rayungwulan ngglandhang aku metu saka pepanggungan.
Ambarsari : Inggih Den ayu, mangga kondur
mawon kula ajrih hlo
Ambarwati : Inggih Ndara Putri mangga wangsul
mawon. Mangke kula didukani kanjenge Dipati…
Sapanyana : Hlo Kok malah nangis. Den Ayu…
Rayungwulan : Kakang Dhalang… sumurupa sejatine ing
pahargyan pawiwahan kuwi aku dipeksa supaya ngladeni Menak Jasari. Mangka aku
ora seneng klawan Menak Jasari. Sapa ta wonge sing gelem leladi klawan wong
lanang kaya Menak Jasari. Mula aku banjur ngglandhang Kakang Dhalang iku mau
beteke aku gawanen lunga saka Kadipaten..
Sapanyana : Wadhuh piye iki Mbakyu, apa ora
mbebayani yen nganti aku ngayomi Gusti Rayungwulan…
Ambarsari : Inggih Den ayu, niki mangke malah
kula kalih adhi kula cilaka hlo…
Rayungwulan : Nyai, aku njaluk tulung tenan nyai,
sapa maneh sing gelem nulungi aku kejaba sampeyan kabeh…
Ambarwati : Nanging ya mesakne hlo Mbakyu
nasibe Den Ayu Rayungwulan iki…
Ambarsari : Mesakne piye hlo Dhi?
Ambarwati : Ya sapa ta sing gelem dirabekne
mangka ora seneng klawan sing kakung. Apa ya klakon ana nganten sepasar bubar…
Ambarsari : Iya bener Dhi, Dhi Sapanyana…
Sapanyana : Apa Mbakyu?
Ambarsari : Ngene Dhi, aku iki wanita ora
beda klawan Den Ayu Rayungwulan, mesthine aku bisa ngrasakne penggalihe Gusti
Ayu. Mula prayogane ayomana Dhi…
Rayungwulan : Kakang Sapanyana…
Sapanyana : Kula Den Ayu…
Rayungwulan : Blaka wae, nalika aku nyawang citramu
aku kasengsem apa maneh sampeyan kuwi dhalang isih mudha. Aku ayomana ngiras
aku tak suwita karo sampeyan ya Kakang…
Sapanyana : Suwita pripun niku?
Rayungwulan : Aku peken bojo. Aku ora tresna Kakang
Jasari. Aku tresna sampeyan kakang…
Ambarsari : Biyuh piye dhi? Iki kanugrahan ya
pacoban hlo…
Sapanyana : Hmmm… nggih Gusti Putri… nggih
kula tampi katresnan panjenengan. Nanging nggih ngaten niki kawontenan kula…
Rayungwulan : Ora dadi ngapa Kakang…
Ambarsari : Hla aku sing nyekseni ya Dhi
Ambarwati : Aku iya Kakang…
Sapanyana : Inggih, Den ayu, mbakyu Ambarsari
lan kowe Ambarwati, seksenana nalika aku mayang mau lan mlayu kaglandhang Gusti
Rayungwulan panggung wayang diroyom-royom klawan prajurit Paranggarudha, mula
papan kana besuk bakal katelah PANGGUNG ROYOM. Nalika
kula mlajeng kelir kula dhawah ing sawah mila benjang papan dhawahipun kelir
katelaha SAWAH SEKELIR.
Rayungwulan : Aku nyekseni kakang…
Ambarsari : Iya Dhi… Dhi aku kok ngelak
banget ta…
Ambarwati : iya kakang aku ngorong banget…
Sapanyana : Iya kene entenana sawetara tak
golek banyu utawa woh-wohan ing pategalan. Sekedhap nggih Den Ayu…
Adegan
2. Sapanyana teka nggawa semangka lan timun
Ambarsari : Wis oleh dhi…
Sapanyana : Iya, mau kau arep ngangsu nanging
sumure ora ana banyune mula sumur tak golingake nganti banyune kutah. Mula
seksenana papan kana besuk katelaha SUMUR GUMULING.
Rayungwulan : Sumur gumuling…
Sapanyana : Inggih Ndara ayu, hla tujune niki
wau kula oleh semangka kalih timun. Mangga dipun dhahar ayo mbakyu, Dhi…
Adegan
3. Kembangjaya prapta
Kembangjaya : O maling thik nggawa putri cacah
telu…
Sapanyana : Kisanak apa karepmu kowe ndakwa
aku maling…
Kembangjaya : Hla sing mbok pangan kuwi timune
sapa… iku saka pategalane Kangmas Penewu Sukmayana ing Majasemi. Mula gandheng
kowe maling manuta tak rangket…
Sapanyana : Ngabangke kuping tembungmu ndakwa
sing dudu dudu…
Kembangjaya : Ngajak sulaya tenan kowe majua!!
Adegan
4. Kembangjaya tandhing Sapanyana dipisah Sukmayana.
Sukmayana : Sik sik aja diterusne anggone
kerengan… iki ana apa?
Kembangjaya : Menika kangmas, pawongan menika
kumawantun nyolong timun kalih semangka. Mangka niku taneman panjenengan.
Pramila pawongan menika badhe kula rangket ngantos dados daredah menika
kalawau.
Sukmayana : Sik, he Kisanak kowe sapa?
Sapanyana : Kula Sapanyana…
Sukmayana : Hlo kowe dhalang saka Bakaran.
Sapanyana : Inggih leres panjenengan sinten?
Sukmayana : Aku panguwasa brangkulon tlatah
Majasemi jenengku Penewu Sukmayana lan iki Adhiku Kembangjaya. He Ki…
Sapanyana : Kula…
Sukmayana : Kowe luput, sepisan kowe wani
nyolong timun lan kapindho kowe wis kumawani nggonjak putrine Kanjeng Adipati
Puspa Handung Jaya…
Rayungwulan : Mangke riyin Paman, ingkang nggonjak
sanes Kakang Sapanyana nanging kula ingkang nresnani Kakang Sapanyana.
Sukmayana : Hlo kok ngaten dhasaripun menapa
Ndara Ayu?
Rayungwulan : Paman, kula mboten tresna kaliyan
Menak Jasari. Lan malihipun sejatosipun kula mangertosi bilih Kadipaten
Paranggarudha kepengin sanget njongkeng kalenggahanipun Kanjeng Rama Adipati.
Pramila saking menika Paman, kula trimah nyabaraken pahargyan kalawingi…
Sukmayana : Inggih, pancen sejatosipun kula
sampun ngertos bab menika, awit salah satunggilipun dinten kula nate tandhing
kaliyan andhahanipun Wedana Yuyurumpung ingkang kepengin nyidra pusaka Majasemi
sekawan cacahipun ingkang name Kroncong Gumbalageni, Sabuk Taliwangke, Kuluk
Kanigara saha Keris Rambut Pinutung. Nanging bab Sapanyana tetep lepat…
Ambarsari : Kula sagah dados tombok
kalepatanipun adhi kula kanjeng…
Sukmayana : Iki sapa?
Ambasari : Kula Ambarsari mbakyunipun
Sapanyana. Kula sagah nglironi timun saha semangka…’
Sukmayana : Sapanyana,
Sapanyana : Kula Kanjeng…
Sukmayana : Timun karo semangka kena diijoli
mbakyumu. Mula mbakyumu bakal tak pundhut sisihan lan Ambarwati dadi sisihane
Kembangjaya.
Kembangjaya : Hlo sinten rame-rame manika, hlo
wadya Paranggarudha ngamuk kangmas…
Sukmayana : Ayo ditrenggalani, prajurit
siyaga!!!
Babak 5.
Setting: Alas
Casting: Prajurit
Paranggarudha, Prajurit Carangsoka
Iringan: Srepeg Barang
Adegan
1. Gepuk
-Menak
Jasari gugur mengsah Sapanyana.
-Adipati
Grudhapati gugur lumawan Kembangjaya
-Wadya
Paranggarudha bubar. Ambarsari Ambarwati kabradhat Wedana
Yuyurumpung.
-Prajurit
matur menawi Ambarsari Ambarwati kabradhat Yuyurumpung,
Sukmayana
ngoyak.
-Yuyurumpung
nggonjak Ambarsari Ambarwati. Kedenangan Sukmayana perang,
Yuyurumpung
gugur. Rampung.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar