Kamis, 01 Oktober 2015

Naskah Lakon Angling Darma Ngumbara-Madrim Sayembara-Setyawati Obong




Katresnan Linambaran Darmane Narendragung


 Babak 1.
Setting: Pendapa
Tokoh: Suryagupala, Suryanggana, Suryakantha lan wadya.
Adegan 1. Suryawasesa hendak melamar Setyawati
Suryakantha                 : Milanipun ta Sinuwun, menawi badhe lenggah menika ingkang atos-atos, aja sukur nyelehne bokong, thik awak abot eram...
Suryawasesa                : Aduh... kelakuane sapa ki mau...
Suryakantha                 : Hihihi...
Suryawasesa                : Sik... kancamu lungguhe ana kana kok kowe lungguh ning kene dhewe hmmm... Mesthi kowe sing ngelih kursi ki mau... Hayo ngaku...
Suryakantha                 : Mboten sumpah sanes kula, menawi mboten percaya cobi mang takon penonton nika, sing nggeser kursi rak kula nggih...
Suryawasesa                : Lha kuwi genah kowe ngono... lungguh kana... nduwe patih ledha-ledhe...
Suryakantha                 : Nggih..
Suryawasesa                : Kabeh para wadya lan tamtama miwah manggalaning praja, iki dina ingsun bakal njateni wigatine pasewakan, mula padha rungokna...
Suryanggana                 : Inggih sinuwun lajeng wonten wigatos menapa panjenengan ngawontenaken pasewakan ing dinten menika?
Suryawasesa                : Yayi Suryanggana saiki coba miturut panemumu anggonku jumeneng ratu iki apa ana cacad e, aja ndadak nganggo wigih areringa mara age matura!
Suryanggana                 : Sinuwun lepat diagung pangaksama panjenengan, miturut pamanggih kula sampun mboten cacad keprabon panjenengan. Katitik saking sugihing raja brana, endahing kedaton miwah kathahing negari jajahan sampun mboten kirang...
Suryawasesa                : Coba diwaspadakne maneh, yen rumangsaku isih cacad keprabonku...
Suryanggana                 : Hmmm menapa nggih... Oh nggih taksih wonten cacadipun...Panjengan dereng palakrama...
Suryawasesa                : LHAAAA.......!!!
Suryanggana                 : Abab e....
Suryawasesa                : Pinter kowe Suryanggana...Hahahaha...
Suryanggana                 : O... Menika ta... Lha napa panjenengan sampun nggadahi wanita ingkang ndudut manah panjenengan...
Suryawasesa                : Wis...wis... panjenenganingsun wis nduwe wanita pepujaning ati...
Suryanggana                 : Sinten Sinuwun wanita kalawau?
Suryawasesa                : Ora ana liya putri saka Untarasegara sing jenenge SeTYAwati...
Suryanggana                 : O ngaten, menawi mekaten kula ingkang sagah nginang jambe suruhe, nglenggahi klasa gumelare saperlu nglamar Setyawati...
Suryawasesa                : Mangkono kang sun karepake... Tih... Patih Suryakantha... Tih... Patih Suryakantha...
Suryakantha                 : Nuwun mangga kula dherekne...
Suryawasesa                : Kene... Patih ra betah melek...gayenge kaya ngene kok jik kober micek...kene lungguh kene...
Suryakantha                 : Nggih bos...
Suryawasesa                : Mula saka kuwi kowe kabeh kudu ngestokake dhawuhku aja kongsi siji wae nduwa kersaku.... aduhhhh... Heh malah dicokot
Suryakantha                 : Sukunipun kok malah ngalor ngidul...
Suryawasesa                : Iya... kene lungguh sing penak... Tih metua njaba...
Suryakantha                 : Njawi wonten napa?
Suryawasesa                : Prajurit saka Tunggul malaya sawegakna, dina iki tumuli kabudhalake...
Suryakantha                 : Sendika ngestokaken dhawuh...


Babak 2
Setting: Alun-alun
Tokoh: Wadya Bala.
Adegan 1. Bodholan.

Babak 3.
Setting: Alas Bolong
Tokoh: Suryanggana, Raja Ngesyam, lan Raja Tar-tar
Adegan 1. Strat
Suryanggana                 : Iki ana narendra kang leledhang ing Untarasegara, panjenengan sapa Kisanak?
Raja Ngesyam              : Acha...acha tepangaken leh nami guwe Maharaj Ketesing sakeinge Bombay e...
Raja Tar-tar                 : Oe saking Tar-tar... jeneng oe Kaisar Li Ceng Sui... Ni siapa?
Suryanggana                 : Aku rayi dalem kanjeng sinuwun Prabu Suryawasesa, jenengku Raden Suryanggana. Njur tekamu ing tapel wates kene ngemu karep apa?
Raja Ngesyam              : Acha...acha nehi...nehi...kuch-kuch hota hai... adoh-adoh saka Bombay e mere rene perlune nglamar Setyawati sing ayu rupane e...
Suryanggana                 : Lha banjur Kaisar Li Ceng Sui nduwe karep apa?
Raja Tar-tar                 : Semono uga oe... Saka Tar-tar menyang tanah jawa kene oe pengin nglamar Setyawati...
Suryanggana                 : Iya Sang Prabu, kekarepanmu padha karo kersane kanjeng sinuwun Prabu Suryawasesa. Yaiku padha-padha ngayunake Endhang Setyawati. Mula iki mengko yen salah siji raja ditampa panglamare, raja liyane ora kena serik gedhene gawe ontran-ontran.
Raja Ngesyam              : Calo he... guwe setuju wae e...
Raja Tar-tar                 : Oe satuju...
Suryanggana                 : Iya yen pancen mangkono ayo enggal-enggal tumuju ing pertapan Untarasegara.                     
Babak 4
Setting: Rumah Desa
Tokoh: Maniksutra, Jaka Madrim, Setyawati.
Adegan 1. Maniksutra membicarakan maksud Jaka Madrim
Maniksutra                   : Mengko ta ngger anakku bocah loro pisan Madrim lan kowe Setyawati padha prayogakna nggonmu lungguh.
Jaka Madrim                : Inggih bapa sampun mboten kirang prayogi. Pangabekti kula katur.
Setyawati                     : Iya bapa wis ora kurang jenak anggonku lungguh bektiku tampanana
Maniksutra                   : Iya-iya wis tak tampa pangestuku kebat tampanana
Jaka Madrim                : Kapundhi ing mustaka dadosa jejimat
Setyawati                     : Tak tampa dadia jejimat
Maniksutra                   : Pirang-pirang dina iki aku krasa beneh klawan padatan bareng ngulati solah tingkahe Madrim dene kowe kumawani adeg sayembara perang ing Untarasegara kene ki ngemu karep apa kulup? Mara age kandhaa!
Jaka Madrim                : Kepareng matur bapa lepat nyuwun pangapunten, anggen kula kumawantun adeg sayembara perang menika betekipun kula kepingin sanget darbe kadang ipe ingkang alitipun sababag agengipun ngasoraken jurit kula. Awit sakmenika kadang kula Setyawati kathah ingkang ngayunaken.
Maniksutra                   : Lho iya… Gegayuhanmu pancen luhur, nanging ngger… apa sekirane ana pawongan kang sembada nggembari juritmu. Awit wis kalok kajanapriya mungguh kang dadi kasudibyane Madrim. Yen ta ora ana sing bisa ngembari juritmu apa klakon adhimu dadi prawan tuwa?
Jaka Madrim                : Bapa bebasan sak inggile langit taksih wonten langit, saknginggile gunung taksih wonten ingkang ngungkuli. Sanadyan kula sampun kondhang kajanapriya bilih kula anggadahi pinten-pinten kadigdayan nanging kula pitados wonten ingkang saged ngasoraken jurit kula bapa.
Maniksutra                   : Iya yen pancen mangkono pun bapa amung paring jurung pangestu. Saiki ganti pun bapa ndangu klawan Nini Setyawati. Kepriye ngger sira apa gelem dadi putri minangka kukupane sayembara.
Setyawati                     : Bapa aku mung manut wae karo kersane Kakang Madrim Bapa.
Maniksutra                   : Wei ladhalah hahahaha sukur yen mangkono, ngger Madrim mara age tindakna anggonmu nggelar sayembara, pangestuku kang mayungi lakumu. Sapa kae...
Suryanggana                 : Amit-amit pasang kaliman tabik tinebihna ing tulak sarik dhumawaha ing tawang towang... Panembahan kula ingkang sowan...

Adegan 2. Suryanggana, Raja Ngesyam, lan Raja Tar-tar
Maniksutra                   : Nuwun mangke ta Kisanak panjenengan menika sinten? Menawi katitik saking busananpun cetha menawi panjenengan menika salah satunggiling priyagung luhur.
Suryanggana                 : Inggih Bapa, kula utusan saking Tunggulmalaya nami kula Raden Suryanggana.
Maniksutra                   : O... panjenengan Raden Suryanggana, lajeng panjenengan ingkang asma sinten?
Raja Ngesyam              : Acha...acha... guwe asli Bombay e, nami guwe Maharaj Ketesing...
Maniksutra                   : Thik angel temen jenenge, inggih mboten dados menapa, lajeng panjenengan sinten?
Raja Tar-tar                 : Oe dari Tar-tar, jeneng oe Li Ceng Sui...
Maniksutra                   : Lajeng wonten wigatos menapa panjenengan rawuh wonten ing Untarasegara.
Suryanggana                 : Bapa sowan kula miwah para narendra menika, yektosipun ngebun-bun enjang anjejawah sonten lir ipun nglamar putri panjenengan ingkang nami Setyawati.
Maniksutra                   : O mekaten... nanging kisanak, Panjenengan kula aturi medal ing njawi mangke anak kula Madrim ingkang paring pawangsulan...
Suryanggana                 : Menawi tetela mekaten kula nyuwun pamit medal ing pasilan...

Suryanggana Cs keluar

Maniksutra                   : Ngger Madrim...mangsa bodho a anggonmu ngawekani perkara iki kulup
Jaka Madrim                : Inggih mnagestokaken dhawuh bapa... keparengan nyuwun pamit
Maniksutra                   : Setyawati ayo nderekne kakangmu Madrim ing pelataran
Setyawati                     : Ayo tak dherekne bapa...


Babak 4.
Setting: Alas Bolong
Tokoh: Jaka Madrim, Para Raja Sewu Negara.
Adegan 1. Jaka Madrim menghadapi para Raja Sewu Negara.
 Suryanggana                : Madrim iki…?
Jaka Madrim                : Iya Sang Prabu…
Suryanggana                 : O… jebul kowe nggelar sayembara perang…
Jaka Madrim                : Iya Sang Prabu
Suryanggana                 : Kukupane?
Jaka Madrim                : Adhiku Setyawati…
Raja Tar-tar                 : Madrim a… Ni  gak usah nggelar sayembara perang, mengko oe njaluk apa wae tak wujudi waton adhimu tak bojo a….
Raja Ngesyam              : Bener e… Wenehne aku wae… bakal mukti adhimu e…
Jaka Madrim                : Sang Prabu yen ta pancen panjenengan kabeh tresna karo adhiku Setyawati, tetepana tembung mbedah praja, mboyong putri, mbandha raja hayo bandhanen Madrim. Kondhang asma panjenengan yen bangkit ngasorake Jaka Madrim lan mboyong Setyawati. Ning kosok baline, yen balimu saka Untara segara tanpa gawe apa ora malah mbeber wiring.
Suryanggana                 : Aja kakean wuwus kowe Madrim. Yen pancen mbok antebi tenan cobanen kasektene Raden Suryanggana.

(Perang Para raja kalah, lalu berlalu)


Babak 5.
Setting: Alas Bolong
Tokoh: Jaka Madrim, Jaka Darma
Adegan 1. Jaka Darma Hendak mengikuti sayembara.

Jaka Madrim                : Iki ana wong bagus manjing blabar kawat sapa kowe?
Jaka Dharma                : Kula Jaka Dharma, lajeng ingkang asma Jaka Madrim menika sinten?
Jaka Madrim                : He Jaka Dharma jagad iki ora ana loro sing jeneng Jaka Madrim ya Bathik Madrim kejaba aku, banjur tekamu ing Untarasegara kene ana wigati apa?
Jaka Dharma                : Inggih calon kakang ipe …
Jaka Madrim                : Lho piye… lancang pangucapmu…
Jaka Dharma                : Nyuwun pangapunten, dugi kula ing pertapan mriki nedya ngebun-bun enjang, anjejawah sonten nglamar kang rayi Endhang Setyawati.
Jaka Madrim                : He Jaka Dharma apa ora melek mripatmu, mentas wae para raja narpati padha salang tunjang playune ora kuwawa ngembari juritku. Apa maneh mung kaya dhapurmu, menungsa klemar-klemer, midak telek ora pendheng. Isih kena tak eman baliya!
Jaka Dharma                : Kakang Madrim kula purun wangsul menawi sampun saged mboyong Setyawati.
Jaka Madrim                : Nekat kowe Jaka Dharma, paitanmu apa?
Jaka Dharma                : Namung kepingin nyobi kapawiran jengandika Kakang.
Jaka Madrim                : Wah klakon pecah sirahmu…

Adegan 2. Jaka Darma bisa mengalahkan Rasaksa. Jaka Madrim menantang Jaka madrim perang playon.

Jaka Madrim                : Wah… keparat Jaka Dharma…
Jaka Dharma                : Kados pundhi kakang… mangga dipun lajengaken.
Jaka Madrim                : Mengko dhisik sinambi ngaso sawetara, kowe bakal tak tantang perang playon.
Jaka Dharma                : Niku perang napa Kakang, mboten wonten jamak limrahipun  perang kok playon.
Jaka Madrim                : Pancen ora lumrah nanging aku kepingin neter sepira rikate playumu.
Jaka Dharma                : O mekaten… inggih nyumanggakaken Kakang…
Jaka Madrim                : Hayo oyaken playuku….

Adegan 3. Jaka Darma mengejar Jaka Madrim.

Jaka Dharma                : Weh… nom-noman saka Untarasegara pancen banter playune. Iya tak oyak nganggo sepi angin kewirangan kowe…

Adegan 4. Jaka Darma berhasil mengejar Jaka Madrim.

Jaka Madrim                : Hahahaha… mokal kowe bisa ngoyak aku…
Jaka Dharma                : Kakang kula teng wingking jengandika.
Jaka Madrim                : Lho…

Adegan 5. Jaka Madrim berlari.

Jaka Madrim                : Iblis laknat dudu manungsa kowe Jaka Dharma. Iya sawangen…jagad bakal tak petengake …!!!!
Adegan 6. Jaka Madrim metengake jagad. Jaka Darma isa madhangake jaagad.

Jaka Madrim                : Hahahaha… Hayo Jaka Dharma jagad wis tak petengake, aku mung kari ningkes kowe hahahahaha
Jaka Dharma                : Kakang Madrim aja pamer kadigdayan, mara age sawangen …jagad bakal tak padhangake…!!!!

Adegan 7. Jaka Madrim merasa kalah, dan menanyakan asal, usul Jaka Darma.

Jaka Madrim                : Wah ya… aku ngrumangsani kalah karo kowe Jaka Dharma. Pancen kowe satriya uthutane jagad. Haduh… nganti kaya dilolosi bayu ototku.
Jaka Dharma                : Wis ngaku kalah tenan Kakang Madrim…
Jaka Madrim                : Iya aku ngaku kalah…sik aku arep takon, sapa sejatine kowe Jaka Dharma?
Jaka Dharma                : Aku Jaka Dharma Kakang… jejaka kang kleyang kabur kanginan, kendhang kebaraten.
Jaka Madrim                : Ah ora… kowe dudu salumrahe manungsa katitik bisa ngembari kridhaku… Mara age ngakua kowe sapa?
Jaka Dharma                : Hmhmhm… Kakang Madrim semurupa sejatine ingsun iki narendra ing Malawapati ajejuluk Prabu Angling Dharma…
Jaka Madrim                : Lho sinuwun…

Adegan 8. Jaka Madrim sudah mengetahui asal-usul Jaka Darma. Maniksutra datang.

Maniksutra                   : Ngger Madrim piye wusanane anggonmu nrenggalani nom-noman iki?
Jaka Madrim                : Duh bapa ngaturi kawuningan bilih sejatosipun Jaka Dharma menika narendra ing Malawapati jejuluk Prabu Angling Dharma, mila mboten nama mokal menawi kula kasor ing jurit…
Maniksutra                   : O… nyuwun pangapunten sinuwun, dene kula mboten mangertosi sinten sejatosipun paduka sang Prabu…
Anglingdharma              : Inggih mboten dados menapa bapa, malah dhawah kaleresan kula sampun saged pinanggih ingkang kula upadi Panembahan.
Maniksutra                   : Inggih lajeng ingkang dipun upadi sinten Ngger?
Anglingdharma              : Saklintunipun kula ngupadi garwa prameswari kula ugi dipun utus Kanjeng Eyang Patih Suksara supados ngupadi wayahipun ingkang nami Madrim. Menapa kakang Madrim menika ingkang dipun kersakaken?
Maniksutra                   : Keparenga kula ndongeng sekedhik ngger, sejatosipun Madrim menika sanes anak kula, nanging menika anak anggen kula mupu. Nalika semanten ing negari Mamenang nembe wonten pangamukipun narendra yaksa jejuluk Prabu Merusupadma. Prabu Merusupadma ngamuk punggung lajeng pinanggih jabang bayi ingkang dipun tilar wonten kedaton. Lajeng dipun bucal dening Prabu Merusupadma, wekasan kula temu ing madyaning wana. Lare kalawau sampun dipun maringi tetenger asma Madrim, Lha nalika kula wangsul saking wana bojo kula nembe mbathik, lajeng kula paringi tambah tetenger Bathik Madrim.
Anglingdharma              : O dados Kakang Madrim menika ingkang kula upadi Panembahan.
Maniksutra                   : Inggih ngger…Madrim…
Jaka Madrim                : Bapa…dados kula….
Maniksutra                   : Iya ngger sira pancen dudu anakku kang sejati, sira iku isih tedhake ngaluhur wayah dalem Gusti Patih Harya Suksara, ibumu sesilih Dewi Sulastri.
Jaka Madrim                : Waduh bapa, ngaturaken agenging panuwun dene jengandika sampun purun nggulawentah kula ngantos akhir dewasa.
Maniksutra                   : Iya-iya ngger, lajeng kepareng paduka sinuwun kados pundhi?
Anglingdharma              : Panembahan dinten menika ugi kula badhe mboyong yayi Setyawati lan ugi misudha Kakang Bathik Madrim minangka warangkanata ing Malawapati anggentosi Eyang Patih Suksara.
Maniksutra                   : Piye ngger Madrim, sira saguh apa ora kawisudha minangka pepatih ing Malawapati.
Jaka Madrim                : Inggih ngaturaken agenging panuwun sinuwun.
Maniksutra                   : Adhimu Setyawati timbalana mrene Madrim.

Adegan 9. Jaka Madrim memanggil Setyawati. Setyawati datang.

Setyawati                     : Sampeyan ki piye ta kakang, mosok sayembara perang sampeyan kalah. Mangka kondhange sampeyan ki wong sekti lho kakang.
Jaka Madrim                : Ora kok tak kalahne, pancen aku kalah jare, pun kakang antuk mungsuh sing bobote imbang karo kasektenku. Mula siadhi kudu gelem ngladeni pawongan sing menang sayembara iki.
Setyawati                     : Emoh aku… aku emoh ngladeni wong lanang kejaba Kakang Madrim.
Maniksutra                   : Heh yo ora pareng kaya ngono, iki wis dadi patembayane kakangmu si Madrim, sok sapa wae sing bisa ngasorake jurite ya pawongan iku sing dadi jatukramamu. Setyawati…
Setyawati                     : Sapa calon bojoku bapa?
Maniksutra                   : Calon garwamu narendra gung ing Malawapati yaiku sinuwun Prabu Anglingdharma.
Setyawati                     : Emoh bapa aku emoh yen di boyong menyang Malawapati tanpa Kakang Madrim…
Anglingdharma              : Diajeng Setyawati…
Setyawati                     : Ahh…aja nyenggol-nyenggol ta…risi aku…
Bathik Madrim             : Ora pareng kaya ngono…
Anglingdharma              : Sampun-sampun bapa resi keparenga dinten menika ugi kula badhe mboyong kang putra kekalih yayi Dewi Setyawati saha kakang Bathik Madrim.
Maniksutra                   : Menawi tetela mekaten kula sumanggakaken sinuwun…
Anglingdharma              : Yayi Setyawati ayo bareng pun kakang…
Setyawati                     : Emoh aku tak bareng kakang Madrim wae…
Anglingdharma              : Hmmm…
Bathik Madrim             : Heh…kok ndableg ta….

Adegan 10. Prabu Suryawasesa beserta pasukan ingin merebut Setyawati secara
paksa.
Suryawasesa                : Kula ingkang sowan Bapa…
Maniksutra                   : Nuwun sewu kisanak menika sinten…?
Suryawasesa                : Kula narendra saking Tunggul Malaya jejuluk kula Prabu Suryawasesa
Maniksutra                   : Lajeng darbe kersa menapa sowan dateng Untarasegara?
Suryawasesa                : Kula arsa nglamar anak sampeyan kang sesilih Endhang Setyawati, keparenga dinten menika badhe kula suwun kondur dateng Tunggulmalaya.
Maniksutra                   : Nuwun sewu Sang Prabu, anak kula Setyawati sakmenika sampun kagarwa narendra ing Malawapati ingkang ajejuluk Prabu Anglingdarma.
Suryawasesa                : Pripun…??? Setyawati wis diwengku wong lanang liya?!!!
Maniksutra                   : Leres Sinuwun…
Suryawasesa                : Wathathithah… Adoh-adoh saka negaraku nganti kedarang-darang ing Untarasegara jebul Setyawati wis dipek bojo wong liya… Setyawati tak jaluk…
Maniksutra                   : Nanging menika sampun kawengku priya sanes…
Suryawasesa                : Mbuh… Ora idhep Setyawati tak jaluk… (Bathik Madrim ndugang Suryawasesa)

Adegan 11. Gepuk, wadya sabrang kalah dan melarikan diri

Babak 7.
Setting: Taman Sari
Tokoh: Emban, Anglingdarma, Setyawati.
Adegan 1. Emban guyonan. Setyawati datang dengan ekspresi sedih
Adegan 2. Anglingdarma datang
Anglingdharma              : Setyawati…wis pirang-pirang dina sliramu cumondhok ing taman kaputren, nanging saben-saben ingsun kondur ngedaton ora mbok papag kanthi ulat kang sumringah ning tiba kosok balen. Polatanmu suntrut, sajak ora kelegan atimu yen ingsun nyaketi marang sira…Setyawati ingsun iki garwamu wong manis…
Setyawati                     : Punten dalem sewu sinuwun keparenga kula matur ing ngarsa paduka sinuwun…
Anglingdharma              : Iya arep matur apa?
Setyawati                     : Pancen leres kula menika sampun sah dados garwa paduka nanging batos kula taksih dereng saged nresnani paduka sinuwun…
Anglingdharma              : Apa sing njalari ngganjel ing batinmu?
Setyawati                     : Kula mboten mangertosi sinuwun nanging kula pancen dereng saged nresnani paduka kanthi lair batos…
Anglingdharma              : Iya yen pancen mangkono ora dadi ngapa…Prajurit timbalana Kakang Patih Bathik Madrim kinen marak ing ngarsaku….
Prajurit                         : Nuwun inggih sendika…

Adegan 3. Bathik Madrim datang menghadap

Bathik Madrim             : Wonten wigatos menapa Paduka sinuwun amiji dumateng kang abdi pun Bathik Madrim
Anglingdharma              : Kakang Madrim, ingsun bakal pitakon klawan sira Kakang Patih…
Bathik Madrim             : Inggih badhe ndangu menapa sinuwun
Anglingdharma              : Ing Untarasegara kae sapa sing nggelar sayembara?
Bathik Madrim             : Inggih kula sinuwun…
Anglingdharma              : Kukupane sapa Kakang?
Bathik Madrim             : Adhi kula Setyawati…
Anglingdharma              : Sapa sing tanggung jawab sakabehane ing sayembara iki?
Bathik Madrim             : Inggih kula sinuwun
Anglingdharma              : Kakang Madrim semurupa wis sawetara ingsun nambut silaning akrama klawan adhimu si Setyawati, parandene nganti dina iki Setyawati durung gelem leladi marang ingsun, Kakang Madrim perkara Setyawati tak pasrahne Kakang Madrim, ingsun bakal enggar-enggar sarira ing taman Bagindha….
(Anglingdharma metu)
Setyawati                     : Kakang Madrim…ayo bali wae menyang pertapan. Aku ora krasan manggon ning kraton Malawapati…
Bathik Madrim             : Setyawati…saiki tak takon karo kowe coba rungokna. Si adhi isih tresna karo aku apa ora?
Setyawati                     : Iya aku isih tresna karo kowe Kakang…
Bathik Madrim             : Lha yen si adhi isih tresna lan pun kakang tak jaluk si adhi kersaa ngladeni kanjeng Sinuwun Prabu Anglingdharma. Setyawati, yen sira njaluk bali mring Untarasegara, banjur sapa sing ngancani aku ing Malawapati kene. Mangka Setyawati yen sira ora ana ing kraton aku ora ana ajine Setyawati.
Setyawati                     : Banjur aku kudu piye Kakang?
Bathik Madrim             : Tak jaluk siadhi kersaa ngladeni sinuwun kaya salumrahe wong jejodohan. Yen pancen sira si adhi tresna lan pun Kakang.
Setyawati                     : Iya yen mangkono aku manut kakang Madrim
Bathik Madrim             : Ya wis kono enggal manjinga ing bangsal Sri Manganti, yen mengko kanjeng sinuwun rawuh saka anggone ngenggar-enggar sarira sira kudu gelem leladhi…
(Setyawati manjing Kedaton, Bathik Madrim metu ing pagelaran
njaba)

Babak 8.
Adegan 1. Nagagina menanti Ula tamper
Setting: Taman sari
Tokoh: Ula Tampar, Nagagini
Ula Tampar                  : Gusti Bethari…
Nagagini                       : Kakang Ula Tampar..

(Ula Tampar ngrangkul Nagagini)

Nagagini                       : Kakang Ula Tampar kok suwe banget ora enggal tumeka ing Taman Baginda
Ula Tampar                  : Nyuwun pangapunten Hyang Bethari radi randhat anggen kula dugi ing Taman Baginda awit taksih kathah pakaryan ingkang kedah kula ayahi.
Nagagini                       : Ora usah ndadak nganggo basa ta Kakang, mbok biasa wae…
Ula Tampar                  : O inggih nyuwun pangapunten… Yayi Nagagini wus suwe pun kakang mung tansah ngimpi-impi kapan bisane sapejagong catur netra lan sliramu wong manis…
Nagagini                       : Ah kok mesthi senengane nggombal…
Ula Tampar                  : Aku ki ora tau goroh kok nimas
Nagagini                       : Buktine apa yen panjeneganmu tresna karo aku kakang?
Ula Tampar                  : Ayu-ayune wanita,
Nagagini                       : Kaya sapa Kakang?  
                                     Ora kaya sira yayi,
Nagagini                       : Ah tenane?
                                     Mustikane pra wanodya,
                                     Amung sira Nagagini
Nagagini                       : Senengane kok ngrayu gething aku
                                     Tresna lair batin
Nagagini                       : Kanggo sapa kakang?
                                     Marang sira duh wong ayu,
Nagagini                       : Kuwi tenan Kakang?
                                     Rungokna sumpah ingwang,
Nagagini                       : Sumpah piye?
Luwih becik tekeng lalis,
Kalamunta tan bangkit nyandhing lan sira.
(dipun lajengaken langgam aja lamis kawiwitan saking buka celuk)
Ula Tampar                  :Aja sok gampang janji wong manis yen ta amung lamis
                                    Becik aluwung prasaja nimas ora agawe cuwa
Naga Gini                     :Tansah ngugemi tresnamu  wingi jebul amung lamis
                                     Kaya ngenteni tukule jamur ing wangsa ketiga
Ula Tampar                  :Aku iki prasasat lara tan antuk jampi
                                    Mbok aja amung lamis kang uwis dadine banjur dhidhis
Naga Gini                     :Akeh tuladha kang dimen cidra uripe rekasa
(“Koor” Naga Gini lan Ula Tampar):Pilih nyawiji endi kang suci kanggo bisa mukti

Nagagini                       : Kakang semono uga aku, ora bakal nyandhing wong lanang kejaba mung kakang Ula Tampar.
Ula Tampar                  : Iya Nimas nanging kepriye yen sesambungan iki mengko kedenangan dening Sang Resi Nagaraja?
Nagagini                       : Kakang Ula Tampar aja was sumelang penggalihmu, ra-orane yen bakal kedenangan dening Kakang Nagaraja.
Ula Tampar                  : Aduh… (kena panah dari belakang)
Adegan 2. Nagagini menangisi Ula Tampar, Anglingdarma datang.
Nagagini                       : Kakang Ula Tampar… Kowe kok tega ninggal aku… Kakang Ula Tampa raja mati dhisik Kakang, aku durung katog angonku ngesok katresnan klawan kowe Kakang… Sapa…sapa pawongan kang cumanthaka merjayani kowe Kakang?
Anglingdarma               : Kula Kakangmbok…
(Nagagini kaget)
Nagagini                       : Yayi Prabu, ana wigati apa sira tumeka ing papan kene lan apa karepmu nyikara klawan Kakang Ula Tampar.
Anglingdarma               : Punten dalem sewu Kangmbok, anggen kula namakaken jemparing mring angganipun Ula Tampar awit kula kepingin sanget njagi asmanipun Kakang Resi Nagaraja ing pertapan Guwa Dumung.
Nagagini                       : Ehm… Yayi Prabu apa mbok kira yen kowe wis bisa mateni Kakang Ula Tampar njur sira antuk pangalembana saka Kakang Resi Nagaraja. Yayi ora trima rasaning atiku, lelakon iki bakal tak aturake ing ngarsane Kakang Resi Nagaraja. Dhandhang tak unekne kuntul semono uga sakwalike..
Anglingdarma               : Kangmbok Nagagini….
 (Nagagini masuk, Anglingdharma bingung)
Anglingdharma              : Duh Dewa mboten nginten menawi angkah kula ingkang becik jebul tinampi kosok wangsul dening Kakangmbok Nagagini. Duh Dewa kula nyuwun pengayoman.

Babak 9.
Setting: Geber ireng polos (Guwa Dumung)
Tokoh: Nagaraja, Nagagini
Adegan 1. Nagaraja sedang bertapa, Tiba-tiba Nagagini datang dengan menangis
Nagagini                       : Kula ingkang sowan kakang Resi
Nagaraja                      : Hehehe Yayi Nagagini lonjong mimis playumu tur tawang-tawang tangis ana wigati apa?
Nagagini                       : Keparenga matur Kakang…
Nagaraja                      : Iya…
Nagagini                       : Kala semanten kula nyuwun pamit enggar-enggar salira ing taman Baginda, nanging Kakang ketiwasan…
Nagaraja                      : Ketiwasan piye Yayi?
Nagagini                       : Ing taman Baginda kedadak wonten praptanipun Yayi Prabu Anglingdharma. Ing mriku Yayi Prabu Anglingdharma ndawahaken raos tresna kaliyan kula ngantos kula dipun rudha peksa.
Nagaraja                      : Hei….dudu karepe dhewe Angling dharma, wus kumawani nggonjak garwane gurune, iya… Yayi Nagagini sumingkira tak jangkahe dewe Anglingdharma…

(Nagaraja berubah menjadi Naga dan hendak pergi ke Malawapati)
Nagagini                       : Iki piwalesku Yayi Prabu Anglingdharma…

Babak 10.
Setting: Pendapa
Tokoh: Anglingdarma, Setyawati, Mangunjaya, Wijanarka, Wadya
Adegan 1. Pasewakan agung. Setyawati wis gelem ngladeni Anglingdarma
Anglingdharma              : Begja kemayangan dene ing pasewakan dina iki jeneng ingsun wis sinandhing dening nimbok Ratu Setyawati....
Setyawati                     : Inggih sinuwun awit menika sampun dados jejibahan kula, nyuwun pangapunten dene rikala semanten kula dereng kasdu leladi mring panjenengan sinuwun.
Anglingdharma              : Iya ora dadi ngapa...mula sumenea sawetara yayi awit akeh para sentana miwah manggalaning praja kang padha marak...
Setyawati                     : Inggih Sinuwun...
Anglingdharma              : Kakang Patih Batik Madrim...
Batik Madrim               : Kula wonten pangandika ingkang adhawuh sinuwun?
Anglingdharma              : Lan sira Yayi kadange pun Kakang, Wijanarka lan Mangunjaya...
Wijanarka                    : Kula wonten dhawuh kanjeng Sinuwun..
Mangunjaya                  : Kula wonten dhawuh Sinuwun...
Anglingdharma              : Kepiye kabeh pisowanane para nayaka miwah manggalaning praja ing Malawapati?
Batik Madrim               : Para sentana miwah manggalaning praja mboten wonten ingkang nggothangaken kalenggahanipun, sedaya namung nengga dhawuh ngarsa dalem Kanjeng Sinuwun.
Anglingdharma              : Sukur bage sewu sekethi jumurung Kakang Madrim. Ing dina iki jeneng ingsun bakal mbabarake lelakon ing Taman Bagindha nalika semana.
Batik Madrim               : Inggih lajeng wonten kedadosan menapa ing Taman Baginda Sinuwun?
Wijanarka                    : Semanten ugi kang rayi cumadhong dhawuh Kaka Prabu.
Anglingdharma              : Ing taman Baginda jeneng ingsun uninga Kakangmbok Nagagini garwane Kakang Resi Nagatatmala ya Nagaraja ing Guwa Dumung,lagi carem asmara kalawan siswa ing Guwa Dumung yaiku si Ula Tampar.
Setyawati                     : Menika kenging kawastanan Kakangmbok Nagagini tumindhak sedeng kaliyan priya sanes Sinuwun.
Anglingdharma              : Yayi Setyawati bener aturira, lha wekasan kedenangan dening panjenenganingsun. Nalikane padha andon asmara si Ula Tampar sun tibani jemparin g nganti tumekane pati
Batik Madrim               : Menika rak sampun trep kaliyan kalepatanipun Sinuwun...
Anglingdharma              : Iya, mung emane kakang, sakpatine Ula Tampar kakangmbok Nagagini ora karenan ing penggalih, kepara daya-daya bali ing Guwa Dumung matur ing ngarsane Kakang Resi Nagaraja. Dhandhang diunekne kuntul semono uga walike.
Setyawati                     : Duh Sinuwun kados pundi menawi ing mangke Sang Resi Nagaraja ngamuk punggung?
Anglingdharma              : Iya iku sing dadi petenging pikirku...
Nagaraja (saka njaba)  : Anglingdharma metua... ayo ayonana kridhaku....
Batik Madrim               : Sinuwun menika wonten suwanten ingkang ngggegirisi keparenga kula sawadya ingkang methukaken.
Anglingdharma              : Iya Kakang sing ati-ati
Adegan 2. Nagaraja perang melawan Wadya Malawapati. Anglingdarma datang ditelan oleh
Nagaraja dan dibawa ke Guwa Dumung

Babak 11.
Setting: Guwa Dumung/ Geber Ireng Polos
Tokoh: Anglingdarma, Nagaraja
Adegan 1. Nagaraja marah kepada Anglingdarma
Nagaraja                      : Dosamu mbok gendhong mbok indhit… Kowe wus kumawani nggonjak garwaku Nagagini…
Anglingdarma               : Sewu-sewu kalepatan diagung pangaksami duh kakang Resi…
Nagaraja                      : Apa kaya ngono trap-trapane narendra binathara… Hayo wangsulana…
Anglingdarma               : Sepisan malih kula nyuwun sih agunging samudra pangaksami, keparenga kula matur ingkang salugunipun.
Nagaraja                      : Sing bener piye mara age matura…
Anglingdarma               : Pancen leres nalika kula enggar-enggar salira ing Taman baginda kula pinanggih kaliyan Kangmbok Nagagini. Ingkang njalari gawoking manah kula, Kakangmbok Naggini nedeng pepasihan kaliyan siswa ing Guwa Dumung ingkang nami Ula Tampar. Selajengipun Ula Tampar kula perjayani. Nanging Kakangmbok Nagagini kawistingal mboten karenan ing penggalih, kepara daya-daya wangsul ing Guwa Dumung. Mekaten lelampahan ingkang sayektosipun kakang
Nagaraja                      : Wei ladalah…. Yayi Prabu…Lelakon iki dudu sapa-sapa sing luput kejaba ya mung pun kakang dhewe. Aku rabi karo mbakyumu yen dinulu saka umur wae wis katon adoh. Mula ora mokal yen Mbakyumu kurang ing rasa pamarem nalika daup lan pun Kakang, luwih-luwih pun kakang tansah nengenake ing kasutapan kepara ora nate cangkrama klawan garwa. Yayi Prabu pun kakang malah ngaturake gunging panuwun dene yayi Prabu wis ngemutake tumindake mbakyumu si nagagini.
Anglingdarma               : Inggih kakang, mugi-mugi kemawon sakbibaripun lampahan menika kakangmbok Nagagini saged ngrumaosi ing reh kalepatanipun.
Nagaraja                      : Yayi Prabu iya… Mula kanggo nelakake rasa panuwunku sira nyuwun apa wae bakal tak wujudi…
Anglingdharma              : Ngaturaken agenging panuwun Kakang. Kula namung badhe nyuwun katrangan, nalika kula manjing ing lak-lakan paduka kakang, kula nyumerapi wonten cahya ingkang mbalerengi. Menika cahya menapa Kakang?
Nagaraja                      : Yayi Prabu kawruhana, cahya kang mijil saka Caksu utawa cethakku iki sing diarani Aji Gineng. Daya pangwasane bisa nguningani basa, basane Kutu-kutu wong walang antaga.
Anglingdharma              : Nah menika ingkang kula suwun. Kula nyuwun aji Gineng kakang…

(Nagaraja kaget)
Nagaraja                      : Hehehehe yayi Prabu, sabda pandhita Ratu, sabda sabdane pandhita pangandikane ratu ora kena wola-wali, pindhane wre kresna tumetes ing dlancang seta sayekti tan bisa den ilangi. Ya Yayi Prabu yen pancen iku panjalukmu bakal tak udaneni. Tatanen rasamu!
(Anglingdharma bersemedi)
Nagaraja                      : Yayi Prabu, Aji Gineng iki uga sinebut aji Dipa Suleman kang tegese aji kang nate didarbe Kanjeng Baginda Suleman. Piyambake bangkit cecaturan klawan samubarang makhluk ing alam donya iki. Yayi Prabu sepisan maneh panjalukku marang sira, yen wus ndarbeni pira-pira kadigdayan aja hambeg kumalungkung sapa sira sapa ingsun. Lire aja ndarbeni watake kidang kang banter playune tur kebat lumpatane njalari dheweke kumalungkung, Semono uga watake si Gajah, dupeh nduweni awak kang santosa gedhe dhuwur nanging tumindake sewiyah-wiyah, Ora keri watake Ula, kondhang mandi upase nanging demen kibir aja nganti darbe tumindak kang kaya mangkono yayi… Ya mung iku pitungkas Ulun marang sira Yayi Prabu Anglingdharma. Mara iki tampanana aji Dipa Suleman.


                             Mangkono ngelmu kang nyata,
                                    Sanyatane mung weh reseping ati,
                                    Bungah ingaran cubluk,
                                    Sukengtyas yen den ina,
                                    Ora kaya si Pengung anggung gumrunggung,
                                    Ugungan sadina-dina,
                                    Aja mangkono wong urip.

(Nagaraja memberi aji Gineng kepada Anglingdharma, Anglingdharma
bangun dari semedinya)
Anglingdharma              : Ngaturaken agenging panuwun dene panjenengan kakang Resi sampun maringi aji Gineng inggih Aji Dipa Suleman dumateng kula.
Nagaraja                      : Iya Yayi Prabu, Coba mirengna kae ana swara jangkrik kae unine piye?
Anglingdharma              : Kakang Resi menawi mboten lepat jangkrik manguwuh bilih begjane Prabu Anglingdharma wus winejang aji Gineng.
Nagaraja                      : Bener yayi… Nanging sakwise Yayi Prabu nampa aji Gineng  iki aja kongsi sapa wae ngerti ngenani aji iki kalebu karo garwamu.
Anglingdharma              : Inggih Kakang Resi ngestokaken dhawuh.
Nagaraja                      : Nah gandheng wus sawetara anggonmu cumondhok ing Guwa Dumung mara enggal baliya Yayi, awit garwamu wus ngantu-antu.
Anglingdharma              : Inggih kakang… keparenga kula nyuwun pamit.

Babak 12.
Setting: Kanthil Pagulingan
Tokoh: Setyawati,Anglingdarma
Adegan 1. Setyawati menanti Anglingdarma
Setyawati                     : Sinuwun kula tansah mrihatosaken paduka.
Anglingdharma              : Yayi Setyawati ora-orane yen Kakang Resi Nagatatmala paring deduka lan pun kakang jer nyatane pun kakang ora luput.
Setyawati                     : Lajeng Sang Resi Nagaraja paring dhawuh menapa sinuwun?
Anglingdharma              : Kakang Resi Nagaraja tak wedharne wiwitan engga pungkasan kedadean ing Taman Bagindha. Ngenani slingkuhe kakangmbok Nagagini klawan Ula Tampar.
Setyawati                     : Lajeng…

(Ada suara Cicak)
Cecak Lanang              : Ckckckckck… Cicak wedok mbok aja mloya-mlayu wae, nyedhaka aku kene… wis suwe aku gak kumpul karo kowe
Cecak Wedok              : Cecak lanang mbok kowe mesakna aku. Aku ki ora gelem kumpul karo kowe ora kok aku ora tresna karo kowe.
Setyawati                     : Sinuwun lajeng kados pundi sapatemon paduka kaliyan Pukulun Nagaraja…Sinuwun

(Anglingdharma mendengarkan perbincangan Cicak dan tidak
menghiraukan Setyawati)

Cicak lanang                 : Lha yagene ta kok ora gelem kumpul karo aku. Kae lho sawangen kanjeng Sinuwun Prabu Anglingdharma tansah runtung-runtung reruntungan pindhane mimi lan mintuna. Aku pengin kaya Kanjeng Sinuwun ngana kae lho Cecak wedok.
Cecak Wedok              : Cecak lanang apa ta sababe aku ora gelem kumpul karo kowe sebab aku dinane iki lagi nggembol endhog, mosok kowe tega karo aku to Cecak Lanang?
Cecak Lanang              : Wah mbuh ora idhep bakune kowe kudu ngladeni aku…
Cecak Wedok              : Cecak lanang aja nekat …aduhhhh….

(Anglingdharma ingat kepada Setyawati)
Anglingdharma              : Setyawati, kena apa dene sira Yayi kok muwun?
Setyawati                     : Sinuwun sekawit pancen kula sampun nggrahita menawi kula mboten pantes sumandhing ing Ratu. Awit kula namung wanita mijil saking ndusun.
Anglingdharma              : Kena nggene dene sira darbe atur kang kaya mangkono, apa ana kaluputane Pun Kakang wong ayu?
Setyawati                     : Anggen kula sapejagong lan Paduka, Paduka sinuwun tansah ngendelaken dumateng kula, menika cetha menawi paduka nyepelekaken dumateng kula.
Anglingdharma              : Setyawati, iya-iya… sakdurunge pun Kakang minta aksama dene ora ngrewes klawan sira Yayi. Sumurupa anggonku mung meneng wae iki sabab ngungun wruh caturane cecak lanang lan cecak wedok anggone padha kepingin andonasmara nanging si cecak wedok ora gelem ngladeni si cecak lanang. Nganti si cecak lanang ora sranta banjur ngrudhapeksa si cecak wedok. Yen ora percaya sawangen kae ana buntute si cecak wedok isih krogel-krogel.
Setyawati                     : Lho inggih sinuwun leres… Sinuwun
Anglingdharma              : Apa Yayi?
Setyawati                     : Teka paduka saged nguningani caturipun sato menika larah-larahipun kados pundi sinuwun?
Anglingdharma              : Setyawati sumurupa, apa ta sababe pun kakang bisa nguningani cecaturane bangsane kewan  sabab pun kakang wus winejang Aji Gineng ya Aji Dipa Suleman dening Kakang Resi Nagaraja. Dayane aji Gineng yaiku bisa nguningani basane kutu-kutu wong walang antaga.
Setyawati                     : Oh… mekaten sinuwun.
Anglingdharma              : Iya Yayi…
Setyawati                     : Sinuwun menawi kepareng mbok kula ugi nyuwun wejangan aji Gineng supados kula saged nguningani basanipun sato kewan.
Anglingdharma              : Setyawati garwane pun Kakang, mawantu-wantu pangandikane Kakang Resi Nagaraja, sapa wae ora kepareng nampa wejangan Aji Gineng, awit apa bakal gedhe walate Yayi.
Setyawati                     : Sinuwun, menapa paduka sampun mboten tresna kaliyan pun Setyawati?
Anglingdharma              : Sing kandha sapa yen aku wis ora tresna marang sira wong manis?
Setyawati                     : Katitik paduka mboten ngeparengaken misik wujudipun Aji Gineng dumateng kula.
Anglingdharma              : Setyawati, nyuwun apa wae pun kakang bakal minangkani nanging yen sira yayi mundhut wejangan aji Gineng, sing gedhe pangapuramu, aku ora isa minangkani.
Setyawati                     : Menawi tetela paduka mboten purun maring wejangan aji Gineng, nuwun sewu sinuwun kula nedya PEJAH OBONG Sinuwun….
Anglingdharma              : Setyawati…teka semono tekadmu, mung merga ora sun wejang Aji Gineng malah sira pilih pati obong..oh…Setyawati…apa wis mbok pikir hei?
Setyawati                     : Sampun kula niati sinuwun, punaginipun Setyawati pilih pejah menawi mboten kasembadan nampi wejangan aji Gineng.
Anglingdharma              : Iya…ketang tresnaku marang sira Setyawati bakal tak pinangkani…Prajurit timbalana Kakang Bathik Madrim supaya marak…
Prajurit                         : Nggih sendika…

Adegan 2. Bathik Madrim datang

Anglingdharma              : Kakang Madrim, apa dadi kaget ing atinira, sira kakang sun timbali?
Bathik Madrim             : Kadidene sinamber ing gelap lepat, tinubruk ing mong tuna. Lajeng wonten wigatos ingkang pundi dene paduka animbali abdhi Paduka pun Madrim?
Anglingdharma              : Kakang Madrim iki dina yasakna patumangan kinarya patio bonge kadangira Setyawati…
Bathik Madrim             : Punten dalem sewu sinuwun, lajeng menapa dosa saha kalepatanipun kadang kula pun Setyawati?
Anglingdharma              : Kakang Patih, andadekna sumurupmu, kadangira yayi Setyawati nyuwun wejangan aji Gineng. Nanging ora sun pinangkani. Ora jeneng aku ora gelem paring wejangan nanging dhawuhe kakang  Pukulun Nagaraja, sapa wae ora dikeparengake nampa wejangan iki.
Setyawati                     : Kakang Madrim wis ora susah digetuni, tinimbang ora kajen uripku ing kraton luwung tak enthengke patiku wae kakang.
Bathik Madrim             : Adhiku-dhi… Kanjeng Ratu Setyawati, aji Gineng iku mung pantes kagaduh dening para narendra gung binathara. Yen Setyawati kanggo apa nampa wejangan aji Gineng?
Anglingdharma              : Kakang Madrim, wis cukup ora susah ndadak ndedawa laku…Kakang kanggo mbuktekne katresnanku marang Setyawati, mbesuk jeneng ingsun uga bakal manjing patumangan patio bong klawan Yayi Setyawati…
Bathik Madrim             : Sinuwun kula aturi emut, paduka jejering narendra ngayomi para kawula ing Malawapati, sampun ngantos nuruti adrenging kanepson. Duh sinuwun kula aturi emut kanjeng sinuwun.
Anglingdharma              : Kakang Madrim aja kesuwen tindhakna dhawuhku, Setyawati ayo tata-tata siram jamas, banjur ngagem busana sarwa seta tumuli manjing patumangan.
Babak 12.
Setting: Mega
Tokoh: Bathara Indra, Bathara Brama, Bathara Penyarikan, Bethara Prit Anjala.
Adegan 1. Para dewa hendak menghalang-halangi Anglingdarma yang hendak ikut Pati obong dengan Setyawati.
Indra                            : Astungkara sidham sekaring bawana langgeng, nuwun mangke ta kakang pukulun Bathara Brama…
Brama                          : Apa yayi pukulun bathara Indra…
Indra                            : Lan jeneng kita Bathara Penyarikan lan Bathara Pritanjala…
Penyarikan                   : Kula wonten dhawuh pukulun..
Pritanjala                      : Wonten dhawuh pukulun…
Indra                            : Mestuti dhawuhe Rama pukulun Bathara Guru lamun dina iki jeneng ulun lan sira kabeh kadawuhan ngendakake titah pujangkara Anglingdharma anggone bakal sabela pati obong lan garwane si Setyawati.
Brama                          : Ya bener sabab eling-eling Anglingdharma iku kalebu titising Bathara Wisnu, mangka jejibahane ing dina iki durung rampung. Mula sakbisa-bisa kudu diendakake kekarepane Anglingdharma.
Penyarikan                   : Lajeng kados pundi kepareng paduka Hyang Adi Pukulun?
Indra                            : Ngene, iki dina Penyarikan lan sira Pritanjala memba a dadi wedus lanang lan wedus wedok, pamrihe ngalang-alangi sedyane si Anglingdharma.
Pritanjala                      : Mekaten pukulun..
Indra                            : Iya, mara age tindhakna….

(Bathara Penyarikan dan Bathara Pritanjala berubah menjadi kambing)

Indra                            : Kakang pukulun Bathara Brama..
Brama                          : Piye yayi Pukulun…
Indra                            : Mangga sareng-sareng ngawat-awati lampahipun Bathara Penyarikan saha Bathara Pritanjala…
Brama                          : Ayo tak dherekne Yayi…

Babak 13.
Setting: alun-alun
Tokoh: Anglingdarma, Mangunjaya, Wijanarka, Setyawati, Bathik Madrim
Adegan 1. Para sentana mengingatkan lekas Anglingdarma
Mangunjaya                  : Duh sinuwun kepareng matur sisip diagung pangaksama paduka…
Anglingdharma              : Yayi Mangunjaya lan Wijanarka arep matur apa?
Mangunjaya                  : Menapa sampun dipun penggalih kanthi wening, teka paduka badhe sabela seda obong kaliyan Kakangmbok Setyawati..
Wijanarka                    : Inggih Sinuwun menapa paduka sampun tegel nguningani kawontenan kawula ing Malawapati. Menawi tinilar ing sesembahanipun pindha kuthuk kecalan babonipun..
Anglingdharma              : Mangunjaya lan Wijanarka. Sabdha pandhita ratu, sabdane narendra ora bakal mindho gaweni…Mula aja ngalang-alangi sedyaku…
Mangunjaya                  : Nanging…
Anglingdharma              : Wis cukup, Yayi Setyawati sawangen kae lho geni manghalad-halad kang bakal mbesmi aku lan sira…
Setyawati                     : Mangga sinuwun…
Adegan 2. Kambing lanang kambing wedok bertengkar, Anglingdarma tertegun.

Wedus wedok              : Wedus lanang-wedus lanang…
Wedus lanang               : Apa ta wedus wedok kok celuk-celuk…
Wedus wedok              : Aku dinane iki meteng, lumrahe wong meteng kuwi rak ngidam ta wedus lanang…
Wedus Lanang             : Iya aku ngerti wedus wedok, ning kowe saiki ngidam apa?
Wedus wedok              : Aku ngidam pengin mangan janur kuning sing manglung ing patumangan kae wedus lanang…
Wedus lanang               : Wedus wedok kowe apa ora mikir, yen aku bakal nuruti karepmu njupuk janur kuning kae wurung tan wurunga aku mesthi mati diranjab prajurit Malawapati, moh aku ora sudi nuruti karepmu.
Wedus wedok              : Wedus lanang, jebul kowe ora tanggung jawab, iya ora pa pa… yen ora mbok turuti luwih apik aku tak mati obong sisan…
Wedus lanang               : Ora nduwe bojo kowe ora patheken…
(Wedus wedok masuk ke patumangan, Anglingdharma sadar)
Setyawati                     : Sinuwun kepareng nyuwun pamit….
Adegan 3. Setyawati masuk ke Patumangan
Anglingdharma              : Setyawati…Setyawati…


(Anglingdharma dihalang-halangi oleh prajuritnya agar tidak ikut masuk
patumangan)


 Paripurna
       Kasambet Cariyos “Angling Dharma Badar”

Tidak ada komentar:

Posting Komentar