Kamis, 01 Oktober 2015

Ranggalawe Banjut



I
Minakjingga Nagih Janji
-Ratu Kencanawungu           :
-Patih Larasati                       :
-Adipati Ranggalawe            :
-Adipati Sindurareja             :
-Adipati Menakkoncar         :
-Adipati Minakjingga           :
-Patih Lohgender                  :
-Patih Yudapati                     :
-Wangsapati                           :
-Dayun                                   :
-Patih Angkatbuta                :
-Patih Ongkotbuta                :
-Mentarwati                           :
-Banowati                               :
-Bathara Indra                      :
-Dewagung Walikrama        :          
-Adipati Jarumuka               :
-Buntaran                              :
-Watangan                             :          
-Emban                                  :
-Dhagelan                               :


Babak 1.
Casting: Minakjingga, Dayun, Angkatbuta, Ongkotbuta, Jarumuka, Dewagung Parikrama, Sindurareja.
Setting: Pendhapa Kadipaten
Iringan: Srepeg Mataram, Pocung Kethoprak
Adegan 1. Pasewakan.
Minakjingga    : Rada maju, sowanmu ing ngarsaningsun,
  Jroning pasewakan,
  Padha winantu basuki,
  Daya-daya ingsun mundhut wartanira.
Angkatbuta     : Dhuh Sang Prabu, ngaturaken sembah konjuk,
  Sahandhaping pada,
  Miwah para wadya sami,
  Angentosi sabda ndika dhuh sang Nata.
Minakjingga    : Cethut Siyuuu ngono Man, Paman Angkat Buta…
Angkatbuta     : Hrrrrgg… he..he..he… Kula Sinuwuuuunnn..
Minakjingga    : Ndika ngaturaken pangabekti, sampun kula tampi nggih Man, boten langkung kasekecakna anggen ndika marak sowan nggih Maannn
Anggatbuta     : Ngestokaken dhawuhhh sinuwun…
Minakjingga    : Paman Ongkot Buta Maaannn…
Ongkotbuta     : Hrrrgggg kula sinuwuuunnn
Minakjingga    : Sami raharja sowan ndika Man?
Ongkotbuta     : A..A..A… Inggih Sinuwuuunn, pikantuk berkah pangestu nan Dalem, nyatanipun sowan kula kalis ing sakara-kara, sungkem kula katur Nggeeerrr
Minakjingga    : Inggih sampun kula tampi dhawaha sami-sami nggih Man… kasekecakna anggen ndika marak nggih Man nggiiiihhh
Ongkotbuta     : Inggih Sinuwun sampun boten kirang prayogi.
Minakjingga    : Ratu tetelukan, Jarumuka lan Dewagung Walikrama, kepenakna anggonmu lungguh
Jarumuka         : Inggih Sinuwun sampun boten kirang prayogi.
Dewagung       : Inggih sampun boten kirang prayogi…
Minakjingga    : Mesthine sampeyan sami tuwuh tandha pitakon dhateng kula nggih Maann, ingatase kula niki bupati ing Blumbangan, nanging boten nate netepi wajib sowan ing Majapuit…
Angkatbuta     : Inggih Nggeerr, kula menika kuwatos. Jalaran sampun pinten-pinten pisowanan ing Majapait, panjenengan boten nate netepi wajib asok bulu bekti glondhong pangareng-areng. Menawi panjenengan boten nate seba menapa boten damel dukanipun Kanjeng Sinuwun Kencanawungu ing Majapait kawula nok non…
Minakjingga    : Sampun kula jarag, sampun kula temaha. Ginanipun menapa kula nyembah dhumateng ratu ingkang boten netepi kesagahane. Panjenengan mesthine taksih kemutan Man, nalika semanten ing Majapait wonten pangamukipun Bupati ing Grati ingkang name Kebo Marcuwet. Ngantos Prabu Bratunjung ngawontenanken sayembara. Sok a sinten kemawon ingkang saged ngasoraken Kebo Marcuwet inggih tiyang kalawau ingkang wenang anggarwa Dyah Subasiti inggih Kencanawungu. Nanging ngantos samangke kula dereng nampi ganjaran kalawau Maaann…
Angkatbuta     : O mekaten kersa panjenengan…
Minakjingga    : Miturut panjenengan menapa kula lepaaattt??
Ongkotbuta     : Miturut pamanggih kula kok leres ngger. Awit ratu menika benten kaliyan kawula. Ratu kedah saged netepi sabda brahmana raja. Bebasan sabdanipun pindha wre kresna ingkang dhumawah ing dlancang seta sayekti tan kenging den icali.
Jarumuka         : Inggih sinuwun, menawi menika ingkang dados perkawisipun kula saha wadya saking Bugis sagah dados cagak minangka tetuwak murih mboten thethel siraping Kadipaten Blambangan…
Dewagung       : Semanten ugi kula sinuwun, kula saha wadya Klungkung sagah sabiyantu bot repotipun Kadipaten Blambangan…
Minakjingga    : Cethuuuttt Siyuuuu ngono, sokur bage sewu yen ta kadang-kadangingsun padha gelem sabiyantu marang aku..
Adegan 2. Adipati Sindurareja prapta. Iringan Srepeg Mataram seseg
Sindura            : Amit pasang kaliman tabik, dohna saka sikudhendha. Minakjingga, aja kaget aku kang prapta…
Minakjingga    : Menika kados pepundhen kula ing Daha, paman Adipati Sindura ingkang rawuh… sami karaharjan rawuh ndika ngono??
Sindura            : Iya Umbaran, antuk pangestumu praptaku tan manggih alangan. Taklimku tampanana…
Minakjingga    : Kula tampi nggih man nggih, kok janur gunung panjenengan kersa rawuh ing Blumbangan…
Sindura            : Jingga…
Minakjingga    : Kula nggih Man nggih…
Sindura            : Aku minangka dhutane Sri Subasiti ing Majapait kang kautus supaya nakyinake marang jeneng sira. Wis ana telung pisowanan sira ora nate netepi kwajiban asok bulu bekti. Apa sira ora eling yen ta Blambangan iki uga kebawah paprintahan Majapait…
Minakjingga    : Yung..yung… Paman Dipati Sindura…
Sindura            : Iya piye
Minakjingga    : Pancen kula jarag, ginanipun menapa kula nyembah dhateng ratu ingkang boten purun netepi kesagahanipun. Panjenengan tamtu taksih kemutan. Sayembara ingkang dipun gelar dening Prabu Bratunjung. Tetela kula ingkang saged mupu sayembaranipun.
Sindura            : O… kuwi ta perkarane. Dadi kowe kepengin dhaup klawan Dyah Ayu Subasiti…
Minakjingga    : Leres ngono… awit janji kesagahanipun Subasiti makaten…
Sindura            : Jingga, kuwi lakon jaman Kanjeng Sinuwun Bratunjung kang ngasta bawat paprintahan ing Majapait. Kamangka saiki wis dudu panjenengane. Sinuwun Prabu Bratunjung wus seda. Dadi kowe ora wenang nggarwa Dyah Subasiti. Awit saiki Dyah Subasita ya Sang Juwita Ratu Kencanawungu iku ratu sesembahanmu…
Minakjingga    : Paman Sindura, menawi Kencanawungu boten netepi kesagahanipun, nuwun sewu paripaksa kula badhe merong kampuh jingga bondhan tanpa ratu…
Sindura            : Kowe arep balela… Umbaran, aku minangka saka guru ing Majapait nduweni jejibahan nyingkirake mungsuh kang bakal gawe kisruh ing Majapait. Mula yen pancen mbok niyati balela. Metua njaba tak taker wareg kowe Minakjingga…
Minakjingga    : Kula boten badhe ajrih kalih sampeyan… (Srepeg Mataram Seseg)… Man Angkatbuta…
Angkatbuta     : Kula nggerr…
Minakjingga    : Ndika siyagakne wadya Blambangan, mangga dipun pethukaken wadya majapait…
Koor                : Inggih sinuwun…

Babak 2.
Casting           : Wadya Blambangan, Wadya Majapait
Setting            : Alun-alun
Iringan           : Srepeg Mataram
Adegan 1. Gepuk Wadya Majapait mengsah Wadya Blambangan.
Adegan 2. Perang Kasenopaten (Sinom Wenikenya). Sindura gugur kena Gada
Wesi kuning.
Minakjingga    : Keparat Paman Sindura,
                          Kaya lananga pribadi,
                          Ngancam wani marang ingwang,
                          Adol gendhung klawan mami,
Sindura            : Ingsun tan kurang wani,
                          Sing alena prapteng lampus,
                          Heh Bisma glis nungkula,
                          Mumpung durung tekeng pati,
Minakjingga    : Heh Sindura tan wurung tumekeng lena(Srepeg Mataram)…Ora nggandra sepira kowe Sindura. Mangsa kuwata nadhahi pusaka piyandel Blambangan Gada Wesi Kuning. Klakon sigar mrapat sirahmu. Heh wong Majapait, sawangen Sindura tekeng pati…!!! (Srepeg Mataram)… Dayuuunnn
Dayun             : Kula Lurahe…
Minakjingga    : Kepriye kahanane wadya Blambangan?
Dayun             : Wah mpun, wadya Blambangan saged unggul malah wadya Majapait sami kocar-kacir Lurahe…
Minakjingga    : Sokur yen mangkono. Dina iki para prajurit kareben ngaso ayo dherekna aku menyang Lumajang, sowan Kakang Menak Koncar. Supaya nyengkuyung klawan karepku Dayuuunnn
Dayun             : Inggih mangga Lurahe…

Babak 3.
Casting           : Menak Koncar, Mentarwati, Emban, Minakjingga, Dayun.
Setting            : Taman Sari
Iringan           : Lagon Dolanan.
Adegan 1. Mentarwati gojegan lan para Emban
Adegan 2. Menak Koncar prapta.
Mentarwati      : Kangmas Dipati Menak Koncar, kok panjenengan ketingal sungkawa. Punten dalem sewu menawi dipun keparengaken kula nyuwun dhawuh kangmas…
Koncar            : Dhiajeng Mentarwati bener aturmu. Yen ta dina iki pancen pun kakang lagi nawung dhuhkita…
Mentarwati      : Lajeng menapa ingkang dipun penggalihaken Kangmas?
Koncar            : Sumurupa, ing dina iki praja Majapait lagi nandhang pepeteng awit saka pakartine Adipati Urubisma ya Minakjingga ing Blambangan kang balela mring Majapait.
Mentarwati      : Hlo yayi Urubisma balela kanjeng?
Koncar            : Iya, kepara wis gawe pepati yaiku Adipati ing Daha, Paman Sindurareja.
Mentarwati      : Lajeng kersanipun Urubisma menapa ta kangmas kok ngantos balela mring Majapait…
Koncar            : yayi Urubisma kepengin nagih janji marang Juwita Ratu Kencanawungu. Nalika ana pangamuke Kebo Marcuwet ing Grati kang bisa numpes ontran-ontran mau ya mung si Jaka Umbaran ya Minakjingga. Nanging kok lagi saiki Minakjingga anggone nagih janji kok ora wingi-wingi. Yen kaya ngene iki cetha lamun Urubisma kepengin jumeneng nata ing Majapait.
Mentarwati      : Dhuh Kangmas Adipati, menawi makaten pakartinipun Minakjingga kedah dipun endhakaken…
Adegan 3. Minakjingga prapta
Minakjingga    : Kula ingkang sowan kakang Menak Koncar…
Koncar            : Iya yayi Umbaran, padha becik tekamu…
Minakjingga    : Pangestu panjenengan tansah winantu ing karaharjan ngono. Pangabekti kula katur…
Koncar            : Tak tampa pangestuku tampanana Minakjingga
Minakjingga    : Sanget anggen kula nampi… Kangmbok  Mentarwati sungkem kula katur…
Mentarwati      : Iya iya Yayi, wis tak tampa pangestuku tampanana…
Minakjingga    : Sanget anggen kula nampi…
Koncar            : Yayi Urubisma…
Minakjingga    : Kula Kakang Menak Koncar…
Koncar            : Ana wigati apa dene sliramu prapta ing Lumajang kene?
Minakjingga    : Nuwun sewu saderenge, dene kula sowan jumujug ing taman keputren ngono..
Koncar            : Ora dadi ngapa jer nyatane sira iku isih tak akoni minangka sedulur…
Minakjingga    : Sokur menawi makaten, Kakang Menak Koncar saha panjenengan kangmbok Mentarwati, sowan kula menika yektosipun namung kepengin nyuwun pambiyantu panjenengan…
Koncar            : Ya samesthine lamun sedulur kesusahan wajib aweh pambiyantu. Banjur apa kang bisa tak tindakake…
Minakjingga    : Kakang Menak Koncar, kula kepengin sanget melehaken dhumateng Sri Subasiti. Awit janji kesagahanipun ngantos dinten menika dereng dipun wujudi. Pramila Kakang kula nyuwun senjata pitulung puruna sabiyantu dhateng kula ngemutaken Sri Subasiti…
Koncar            : Umbaran
Minakjingga    : Kula Kakang…
Koncar            : Ngene ya Dhi, sumurupa dinane iki Sri Subasiti wis jumeneng nata ing Majapait. Yen ta siadhi kepengin palakrama klawan panjenengane bebasan cebol nggayuh ngawiyat, wong wuta ngideri jagad. Mendah aloke wong sanagari yen ta siadhi palakrama klawan Sri Subasiti, dikira yen siadhi iki mengko kepengin ngendhih kawibawan praja Majapait…
Mentarwati      : Iya yayi, coba ta penggalihen, akeh Kenya kang sulistya ing warna. Yen ta siadhi kepengin palakrama mengko aku bakal nglamarake. Ing kadipaten Lumajang kene akeh Kenya kang ora nguciwani…
Minakjingga    : Kakang Menak Koncar saha kangmbok… sanadyan widadari ndharat ing ngajengan kula, kula boten badhe kegiwang. Ingkang kula suwun namung Dyah Subasiti. Pramila Kakang mangga kula aturi biyantu dhateng kula…
Koncar            : Jingga!!! Dinane iki cetha yen kowe wis balela tumrap Majapait kepara kowe wis gawe rajapati yaiku Paman Sindura ing Daha malah kowe ngajak supaya aku sabiyantu marang kowe. Ngertiya aku uga sakaguru ing Majapait kang bakal ngrangket kowe…
Minakjingga    : Menawi makaten cethane sampeyan mpun gendhu saglugu kalih Paman Sindura. Yen sampeyan boten kersa biyantu dhateng kula mila sampeyan kedah kula sirnakne.. (Mentarwati njejak Minakjingga) (Srepeg mataram)
Koncar            : Hlo Mentarwati!!!!
 Babak 4.
Casting           : Minakjingga, Dayun, Mentarwati, Menak Koncar
Setting            : Alas
Iringan           : Srepeg Mataram.
Adegan 1. Menakjingga kontal
Dayun             : Hlo hlo Lurahe… kok panjenengan dhawah glangsaran wonten menapa?
Minakjingga    : Toblas toblas Dayuuunnn… aku dicempalani Kangmbok Mentarwati garwane Kakang Menak Koncar…
Dayun             : Ngatos- ngatos lurahe, niku ambakna sipate putri nanging kadigdayanipun ngedab-edabi…
Minakjingga    : Sumingkira tak pethukne Kangmbok Mentarwati…
Adegan 2. Minakjingga ayun-ayunan klawan Mentarwati
Mentarwati      : Heh Umbaran!!
Minakjingga    : Kula Kangmbok..
Mentarwati      : Leletheke jagad gelah-gelahe bumi panjalmane iblis laknat. Dina iki uga nungkula tak rangket tak sowanake Kanjeng Sinuwun Ratu Kencanawungu…
Minakjingga    : Menawi sampeyan mboten kenging kula eman mang tampani gada Wesi Kuning niki.
Adegan 3. Menak Koncar nyumurupi Mentarwati gugur banjur nantang
Minakjingga. Menak Koncar keplayu.
Koncar            : Dhiajeng Mentarwati… ora ngira lamun sliramu bakal ninggalake pun kakang. Ora mati dhewe tak belani. Minakjingga !!!
Minakjingga    : Kula Kakang
Koncar            : Manungsa kepanjingan iblis kowe. Belakna patine garwaku… (Srepeg Mataram)
Minakjingga    : Tinggal glanggang colong playu. Mangka durung babak bucik kulite…
Dayun             : Wah Gusti Menak Koncar thethel jiwa kaprawiranipun Lurahe…
Minakjingga    : Iya Yunn, ayo ditinggal bali. Ingsun bakal nelukake kraton Puralingga Yuuunnn…
Dayun             : O mangga Lurahe…

Babak 5.
Casting: Dhagelan
Setting: Dalan Desa
Adegan 1. Dhagelan guyonan banjur bakal sowan ing praja Majapait.



Babak 6.
Casting: Ratu Kencanawungu, Patih Larasati, Patih Lohgender, Adipati Menak
Koncar, Adipati Ranggalawe, wadya Majapait.
Setting: Pendhapa Kraton
Adegan 1. Kencanawungu susah.
Kencana W     : Larasati
Larasati           : Kula Gusti Ratu
Kencana W     : Kepriye sowane kabeh para nayaka tamtama Santana lan sakaguru ing Majapait.
Larasati           : Inggih Gusti Ratu, sedaya sami netepi jejibahanipun sowing-sowang boten wonten ingkang nggothangaken kalenggahanipun. Boten kesupen sungkem kula mugi konjuk Sinuwun Ratu…
Kencana W     : Iya wis tak tampa, pangestuku tampanana Larasati…
Larasati           : Kapundhi pangestu dalem mugi dadosa jejimatipun gesang…
Kencana W     : Kepenakna nggonmu marak seba
Larasati           : Sampun boten kirang prayogi Sinuwun Ratu…
Kencana W     : Si Wa Patih Lohgender…
Lohgender       : Kawula wonten timbalan dhawuh sang Juwita Ratu…
Kencana W     : Wa, saya tintrim kawontenan ing Majapait awit saking pokal damelipun Adipati ing Blambangan. Menapa namung cekap semanten adegipun praja Majapait Wa?
Lohgender       : Keparenga kula munjuk atur sang Juwita Ratu
Kencana W     : Kados pundi Wa?
Lohgender       : Sanadyan Majapait wonten dahuru ingkang dipun sababaken dening Adipati Minakjingga ing Blambangan, kinten kula boten saged nggepok kusika Nan dalem, jalaran kathah sakaguru ing Majapait ingkang taksih setya bekti njunjung asma dalem..
Kencana W     : Nanging Wa, panjenengan sampun pirsa piyambak, Adipati ing Daha nenggih Paman Adipati Sindura menika kondhang Dipati ingkang pilih tandhing bobotipun prang. Ewa semanten, Paman Sindura kapupuh ing rananggana. Malah mentas kemawon, Minakjingga sampun kumawantun ngrisak kawontenan ing Lumajang. Ngantos Kakang Menak Koncar keplajeng. Lajeng sinten malih Wa, ingkang kuwawi nrenggalani Adipati Minakjingga?
Ranggalawe    : Kula ingkang sagah Juwita Ratu (Srepeg Mataram)
Kencana W     : Paman Ranggalawe..
Ranggalawe    : Inggih, punten dalem sewu, kula jejeripun Sakaguru Majapait kedah saged mbrastha tiyang ingkang badhe ngrisak praja Majapait.
Kencana W     : Nuwun sewu Paman Ranggalawe, menapa sampun dipun penggalih saestu?
Ranggalawe    : Ing ngajeng kula sampun matur menawi jejibahan kula njagi katentremanipun praja Majapait. Gesang kula sawetahipun kula sramakaken kagem jayanipun praja Majapait…
Kencana W     : Adhuh Paman, kados wonten trontong-trontong sulakipun pepadhang ing praja Majapait menawi panjenengan kersa ngendhakaken pakartinipun Urubisma inggih Minakjingga.
Koncar            : Nuwun sewu sang juwita Ratu…
Kencana W     : Kados pundi Kakang Dipati Menak Koncar?
Koncar            : Menawi Paman Dipati Ranggalawe sagah minangka senapati kula ugi ndherek sawadya saking Lumajang…
Lohgender       : Kula ugi badhe nyawegakaken sabregada prajurit ing Majapait…
Ranggalawe    : Nuwun sewu Ki Patih Harya Jejetan inggih Ki Patih Lohgender lan sira Angger Menak Koncar, mboten ateges kula kumalungkung babar pisan mboten. Kula kinten kagem nelukaken Minakjingga cekap kula saha wadya ing Tuban kemawon.
Lohgender       : Nanging kula kedah ngawat-awati angsah panjenengan ing rananggana Kanjeng Adipati Ranggalawe…
Ranggalawe    : Menawi bab menika kula sumanggakaken. Malah daya-daya kula nyuwun pamit wangsul ing Kadipaten Tuban tata-tata gelaring perang. Kula nyuwun pangestu sang Juwita Ratu…
Kencana W     : Inggih Paman mugi-mugi saged lebda ing karya saha ndherekaken raharjane lampah… Si Wa Patih Lohgender lan panjenengan Kakang Menak Koncar
Koor                : Kula sang Juwita Ratu..
Kencana W     : Ndika bubaraken pasewakan saha ndika parentahaken para prajurit sinandhi kagem ngawat-awati Paman Ranggalawe…
Koor                : Sendika…



Babak 7.
Casting           : Ranggalawe, Bathara Indra, Banowati, Watangan, Buntaran.
Setting            : Sanggar Pamujan
Adegan 1. Ranggalawe semedi karawuhan Bathara Indra.
Ranggalawe    : Dhuh Hyang Bathara Gung, kula titah paduka caos sesaji konjuk paduka pukulun. Mugi lestariya jiwa kasatriyanipun Ranggalawe. Lan mugiya ing benjing anggen kula netepi wajib sageda lebda ing karya…
Indra               : Hong Awignam Astu Nama siddam sekaring bawana langgeng, Titah ulun Kaki Ranggalawe, aywa kaget ulun kang rawuh kaki…
Ranggalawe    : Oh pukulun (Srepeg Mataram)… sarawuh panjenengan Hyang Adi Pukulun kula titah panjenengan ngaturaken sungkem pangabekti konjuka Pukulun…
Indra               : Iya Kaki Ranggalawe wis ulun tampa pangestuku tumrapa marang sira Kaki Ranggalawe…
Ranggalawe    : Sinugraha ingkang kapatedhan ing kula pukulun, dene panjenengan Hyang Endra kersa rawuh…
Indra               : Kaki Ranggalawe iya, Ulun wis ngerti mungguh kang dadi sedyamu. Sliramu bakal jumeneng senapati nrenggalani si Minakjingga ing Blambangan…
Ranggalawe    : Inggih leres Pukulun…
Indra               : Nanging andadekna sumurupmu. Lamun dina iki wis kinodrat dening jagad lamun jeneng kita kudu bali mring kamuksan jati…
Ranggalawe    : Dhuh Pukulun…. (Srepeg Mataram-Tlutur)… Adhuh Pukulun, menapa badhe kelampahan kula njejereng wirang. Kula sagah jumeneng senapati nanging samenika ugi kula kedah wangsul ing Lokabaka…
Indra               : Iya pancen mangkono
Ranggalawe    : Pukulun, menawi kula darbe panyuwun menapa dipun keparengaken?
Indra               : Kita darbe panyuwun apa?
Ranggalawe    : Kula namung nyuwun inah. Menawi kula sampun saged nelukaken Minakjingga kula sagah manjing kamuksan…
Indra               : Kaki Ranggalawe, iya ngelingi jejibahanmu durung rampung, bakal Ulun udaneni panyuwunmu. Kita sawise nelukake Minakjingga bakal manjing kamuksan…(Indra ngilang)
Adegan 2. Banawati prapta
Banawati         : Kangmas Dipati…
Ranggalawe    : Yayi Banawati…
Banawati         : Kangmas, punten dalem sewu keparenga kula nyuwun priksa dhumateng kangmas Dipati…
Ranggalawe    : Iya matura Bune…
Banawati         : Nalika panjenengan bibar kondur saking pasewakan agung nagari Majapahit, panjenengan kok kesesa manjing ing sanggar pamujan. Menika ingkang ndadosaken pitaken jroning manah kula kangmas.
Ranggalawe    : Bune, iki dina praja Majapait lagi geger jalaran pambalelane Adipati ing Blambangan kang saiki jumeneng ratu ing Puralingga yaiku Minakjingga. Dheweke kepengin nggarwa Gusti Ratu Kencanawungu. Kepara dheweke wis bisa nyirnakne Sindura adipati Dhaha.
Banawati         : Selajengipun kandos pundi kangmas?
Ranggalawe    : Sagugure Sindura, ndadekna sumurupmu  aku tinuding minangka senapati Majapait ngrangket Minakjingga.
Banawati         : Dhuh kangmas (nangis)
Ranggalawe    : Yayi Banawati, keneng apa sira muwun ngguguk ngrungkebi ampeyanku?
Banawati         : Kepareng kula matur kangmas…
Ranggalawe    : Iya matura…
Banawati         : Kula nampi wasita salebetipun pasupenan, bilih ing Kadipaten ketrajang banjir bandhang. Kula saha putra panjenengan tetiga Buntaran, Watangan saha Sekati saged yuwana. Namung panjenengan ingkang kasaut ing toya banjir ngantos ical saking pandulu. Menika ingkang kula kuwatosi menawi panjenengan magut yuda kangmas.
Ranggalawe    : Yayi Banawati, pasupenan iku aja mbok penggalih nemen-nemen sabab apa. Pasupenan iku mung kembange wong turu. Mula tak jaluk sliramu aja keladuk nduweni rasa was. Ngertenana yen sira darbeni rasa was kang kaladuk tundhone malah dadi ketiwasan. Lan elinga Bune, aku iki jejere senapati sakaguru ing Majapait. Mula yen nganti ana mungsuh kang bakal nekani kudu tak singkirake.
Banawati         : Nanging kangmas, pasupenan kula menika ngemu pralampita bilih anggen panjenengan magut yuda badhe katriwandhan kangmas. Kula suwun kanthi sanget ampun magut yuda mengsah Blambangan kangmas…
Ranggalawe    : Sepisan maneh tak ngendika ya ibune, yen aku maju ing palagan iki beteke netepi sumpahe prajurit. Lan manehe aku maju perang iki ora kok golek kalah nanging golek menang.
Banawati         : Kangmas, kula aturi emut dhumateng putra panjenengan tetiga. Buntaran, Watangan saha Sekati. Ingkang taksih mbetahaken sih katresnanipun ramanipun.
Ranggalawe    : Yayi Ratu, yen nganti iki dina aku kudu gugur ing madyane palagan tak jaluk putramu Buntaran, Watangan apadene Sekati suwitakna ing Majapait wis yayi Ratu pun kakang mundhut pamit. Tegakna pun kakang…
Adegan 3. Buntaran lan Watangan manggihi Banawati
Buntaran         : Punten dalem sewu ibu, kula saha kadang kula Yayi Watangan ingkang sowan
Banawati         : Iya ngger ana wigati apa?
Buntaran         : Ibu, kula badhe nyuwun pirsa, kanjeng rama Adipati kok mboten ketingal kondur. Lajeng wonten pundi ibu?
Watangan        : Inggih ibu. Kula sampun kapang kaliyan kanjeng rama ibu…
Banawati         : Ngene ya ngger, ramamu iki mau tindak ing Majapait saperlu netepi wajib sowan ana ngarsa dalem kanjeng Sinuwun.
Buntaran         : Ibu nuwun sewu saderengipun, kula mangertos bilih kanjeng rama samangke tindak ing Blambangan badhe ngrangket Prabu Minakjingga. Pramila ibu, sowan kula saha dhimas Watangan saperlu ndherek tindakipun Kanjeng Rama…
Banawati         : Ora, ramamu ora tindak ing Blambangan kok ngger…
Watangan        : Ibu kula nyuwun pamit sumusul kanjeng rama, mangga kangmas…
Banawati         : Hlo ngger!!!

Babak 8
Casting: Ranggalawe, Patih Yudhapati, Wangsapati
Adegan 1.
Ranggalawe    : Yudapati lan Wangsapati
Koor                : Kula wonten dhawuh kanjeng
Ranggalawe    : Kepriye siyagane para prajurit ing Tuban
Yudapati         : Sedaya sampun samapta kantun nengga dhawuh saking panjenengan benjing napa bidhal nglurug dhateng Blambangan Kanjeng…
Ranggalawe    : Saiki uga budhalna wadya bala…
Wangsapati     : Nuwun sewu kanjeng…
Ranggalawe    : Ana apa Wangsapati
Wangsapati     : Adhuh kanjeng, punten dalem sewu. Menawi panjenengan badhe tindak dinten menika, kula kinten kok mbebayani kanjeng. Awit dinten menika kalebet dinten Taliwangke saha naga taun mapan wonten ing sisih kidul wetan. Kamangka Tuban dumugi Blambangan lampahipun kidul wetan Kanjeng.
Ranggalawe    : Wangsapati, bakal cinacad ing jagad yen sawijine satriyane praja mundur saka palagan mung karana petungan dina. Mula dina iki aja wedi kangelan pusaka piyandelku Songsong Gilap cawisna. Ayo tumuli nglurug ing Blambangan.




Babak 8.
Casting: Minakjingga, Ranggalawe, Wangsapati,
Setting: Alas
Adegan 1. Minakjingga pinanggih Ranggalawe perang Minakjingga mlayu.
Ranggalawe    : Minakjingga!!! Ayo metuwa. Adhepana sakaguru ing Majapait, Adipati Ranggalawe Tuban… Metua Jingga!!!
Minakjingga    : Adhuh Gusti Adipati Ranggalawe… sarawuh panjenengan ing Blambangan kula ngaturaken pangabekti ngono…
Ranggalawe    : Jingga… ing kene papan paprangan. Ora susah ndadk kowe ndeku-ndeku nyembah marang aku. Hayo ngadega Jingga, adhepana Adipati Ranggalawe.
Minakjingga    : Adhuh-adhuh Kanjeng Adipati Ranggaluwe, panjenengan pepundhen kula. Dosa menapa ingkang kula sandhang menawi kula wanton lan panjenengan Kanjeng Adipati Ranggaluwe.
Ranggalawe    : Jingga, jebul kowe isih awas. Nyatane kowe isih mangerteni yen aku iki sakaguru ing Majapait. Ning yagene kowe kumalancang mbalela mring Majapait. Yen pancen kowe isih ngajeni aku kudune ora kaya mangkono patrapmu.
Minakjingga    : Kanjeng Adipati Ranggaluwe, anggen kula kumawantun mbalela ing Majapuit menika sampun kula etang kanthi maton. Panjenengan tartamtu taksih kemutan, nalika kula nglebeti sayembara ingkang dipun gelar dening Prabu Bratunjung sergi (swargi). Sok sinten ingkang saged ngasoraken Kebo Marcuwet saking Grati, menika ingkang badhe dipun dhaupaken kaliyan Dyah Ayu Subasiti. Mangka kula ingkang saged ngasoraken Kebo Markecrewet… nanging ngantos sepriki kula dereng nampi kanugrahan kalawau.
Ranggalawe    : Mengko dhisik. Nalika kowe bubar nrenggalani Kebo Marcuwet, kowe ditanting dening Kanjeng Sinuwun Bratunjung swargi. Kowe pilih putri apa pilih kamukten. Nyatane kowe milih kamukten. Mula tumindakmu iku luput mungguhing praja Majapait. Nganti kowe gawe gugure Sindurareja.
Minakjingga    : Kula mboten njarag nyedani Adipati Sindura. Namung tangan kula kumlawe nyampluk sirahipun Sindura ngantos pecah. Nanging pecah kemawon kok inggih pejah.
Ranggalawe    : Iblis laknat kowe adol kekendelan ing ngarepku tampanana iki…
Minakjingga    : Ranggalawe, sampeyan ora kena dieman. Mula paripaksa aku kudu wani tandhing lan kowe.
Ranggalawe    : Bagus Jingga… majuwa legane atiku (Minakjingga mlayu)
                        Keparat Minakjingga. Kena tak cempalani malah tinggal glanggang colong playu…
Wangsapati     : Dhuh Kanjeng Adipati
Ranggalawe    : Piye Wangsapati
Wangsapati     : Adipati Minakjingga sampun mundur sawadyane. Pramila mangga kondur kemawon Kanjeng…
Ranggalawe    : Wangsapati, Minakjingga iku wong kang sugih akal ukil. Mula aja wedi kangelan ayo dibujung Minakjingga…
Babak 9
Casting: Minakjingga, Ranggalawe, Jarumuka, Wangsapati, Watangan, lan Buntaran.
Setting: Alas
Adegan 1. Minakjingga kepethuk Jarumuka
Minakjingga    : Siyu cethut ngono… sida mati tenan mungsuh Ranggalawe…
Jarumuka         : Kados pundi Kanjeng?
Minakjingga    : Ranggalawe jebul wong ra kena disangga entheng. Tandangi ngedap-edapi nganti aku meh bisa katingkes.
Jarumuka         : Adipati Ranggalawe menika anggadhahi piyandel Kanjeng. Awujud Songsong Gilap. Menawi panjenengan saged ngrisak songsong Gilap tamtu saged ngasoraken Adipati Ranggalawe…
Minakjingga    : Yen mangkono Jarumuka, sawegakna jemparing. Ranggalawe diudani panah…
Jarumuka         : Sendika kanjeng
Adegan 2.
Wangsapati     : Wah menika sampun dugi sukunipun arga kanjeng
Ranggalawe    : Iya, iki ana ing Gunung Seraung…
Wangsapati     : Nanging Adipati Minakjingga kok mboten ketingal…
Ranggalawe    : Coba tak sumbarane… He Minakjingga!!! Kowe aja licik… metuwa… ayo tandhingana Ranggalawe…
Wangsapati     : Hlo kanjeng jawah jemparing…
Ranggalawe    : Ati-ati Wangsapati… Songsong Gilap cawisna!
Wangsapati     : Hlo… Kanjeng Songsong Gilap risak… adhuh!!!!
Ranggalawe    : Wangsapati!!! Kowe kena jemparing.
Wangsapati     : Inggih Kanjeng… mangga kondur kemawon…
Ranggalawe    : Wangsapati kowe baliya aku bakal mbujung Minakjingga….!!!
Wangsapati     : Kanjeng Adipati… adhuh…
Adegan 2. Watangan Buntaran kepethuk Wangsapati
Koor                : hlo Paman Wangsapati…
Buntaran         : Paman panjenengan kok ngantos tatu kados mekaten…
Watangan        : Pundi Kanjeng rama Paman?
Wangsapati     : Adhuh, Raden Buntaran saha Raden Watangan, ingkang rama saweg mbujung Minakjingga. Raden saderengipun kula pejah keparenga kula ndherek titip Raden
Watangan        : Titip menapa Pamana?
Wangsapati     : Semah kula samenika nedheng nggarbini sepuh. Mila menawi mangke miyos putri panjenengan paringi jimat asma Sri Huning…
Buntaran         : Hlo Paman… Paman Wangsapati. Dhi ayo ngupadi Kanjeng rama…
Watangan        : Mangga kangmas…


Babak 10
Casting: Minakjingga, Ranggalawe, Raden Buntaran, Raden Watangan
Setting: alas
Adegan 1.
Ranggalawe    : Arep mlayu tekan lak-lakane naga kowe mesthi kecandhak Minakjingga…
Minakjingga    : Ranggalawe, kowe wis ora nggawa piyandelmu Songsong Gilap. Sawangen iki piyandel Blambangan kang bakal nguntabne nyawamu…
Ranggalawe    : Bagus majuwa Jingga!!
(Minakjingga ketlikung, Gada Wesi Kuning direbut Ranggalawe)
Ranggalawe    : Hayo mati kowe, kowe wis tak tlikung pusakamu dhewe kang bakal nguntabne nyawamu iblis
Minakjingga    : Adhuh mati aku aku Ranggalawe, mati tenan aku…. Kula nyuwun urip Kanjeng Adipati Ranggalawe..
Ranggalawe    : Ora bakal aku nguripi manungsa kaya dhapurmu!!!
(Swara)            : Kaki Ranggalawe wis tumeka kalamangsane jeneng kita kudu netepi janjimu. Samangsa jeneng kita ayun-ayunan klawan Kaki Minakjingga ya ing kono jeneng kita bakal munggah ing kaswargan. Mula aja kaget jeneng kita ulun BANJUT.
Minakjingga    : kok gak ndang ditamakne. Hlo kok saya kendho anggone mikut. Hlo Ranggalawe mati…!!! Ranggalawe mati ngadeg!!!!
Adegan 2. Raden Buntaran lan Raden Watangan
Koor                : Dhuh Kanjeng Rama…
Buntaran         : Dhuh rama, mboten nginten bilih panjenengan kapupuh ing rananggana. Rama, sanajan panjenengan seda nanging mboten kasdu njerbabah ing bumi, kepara raga panjenengan taksih jumeneng jejeg.
Watangan        : Adhuh Kanjeng rama, kula kang putra dereng saged nyembulih menapa-menapa dhumateng sudarma, nanging panjenengan sampun ngrumiyini sowan ing ngayunan dhuh rama Adipati.
Buntaran         : Dhimas…
Watangan        : Kula kangmas…
Buntaran         : Aja kesuwen ayo kunarpane kanjeng rama Ranggalawe iki enggal-enggal kaboyong kondur ing Kadipaten nuli karukti.
Watangan        : Sumangga kangmas…
(Ragane Ranggalawe ilang)
Koor                : Dhuh Kanjeng Rama!!! Kanjeng rama!!!!






























Tidak ada komentar:

Posting Komentar