Kamis, 01 Oktober 2015

Fragmen Babad Tulungagung



Fragmen 15 menitan
Adipati Kalang Gugur
(Serial Babad Tulungagung)


Sutradara:        Faisal Dhony
Paraga:                        -Rara Kembangsore:Arum
                        -Adipati Kalang: Hamdan S
                        -Retna Mursada: Jenita
                        -Rara Ringgit:Dian
                        -Patih Harya Permada:Wiyandi
                        -Patih Barerangkas: Bheni
                        -Adipati Menaksopal: Teguh
-Ki Sarwa: Deni Sidik
                        -Ki Sarwana: Riza Koetjhoen
                        -Prajurit Majapahit: Mugsan, Afik, Kithir.
                        -Prajurit Tanggulangin: Sureng, Bandot, Ikrar









Babak 1.
Casting: Harya Permada, Kalang, Menaksopal, Jurit Majapahit, Jurit Tanggulangin, Barerangkas.
Adegan 1. Gepuk Tanggulangin kalah Kalang nungkul.
Iringan: Srepeg Metaraman lajeng kasesegaken katampen Lancaran Perang, Kalang majeng irama seseg lajeng suwuk.
HP       : Kalang kowe?!
AK      : Inggih Ki Patih, kula pun Kalang…
HP       : Yagene kowe nyembah sesedokan marang aku. Kamangka kowe sing mbaluhi sedulurmu sapeguron si Bedalem bupati Betak lan Kasan Besari supaya mbalela marang Majapait kanthi cara nyedani Pangeran Lembupeteng.
AK      : Adhuh Ki Patih, sewu-sewu kalepatan kula diagung pangaksaminipun. Kawuningana, sampun mboten kirang-kirang anggen kula ngemutaken dhumateng patrapipun Kangmas Bedalem lan Kakang Kasan Besari nanging menapa daya kula. Piyambakipun mboten nggega atur kula.
AM      : Hahaha Kakang Dipati Kalang, kowe aja goroh. Aku ngerti larah-larahe prahara ing Banarawa kepungkur. Kowe karo Kakang Kasan Besari nduwe sedya ala klawan Bapa Guru Kyai Pacet. Iya apa ora?
HP       : Wis wis… Sopal, aja nggedhekne anggonmu sujana klawan si Kalang. Pancen iku lelakon ing Banarawa nanging ora ngembet klawan lelakon sedane Pangeran Bedalem.
AM      : Inggih kanjeng, kula namung nyumanggakaken.
HP       : Kalang…
AK      : Kula Ki Patih…
HP       : Kowe tak ngapura sakabehing kaluputanmu, merga ora kabukten kaluputanmu. Lan aku nedha nrima klawan kowe jalaran kowe wis ngelingne tumindake Bedalem nadyan kowe gagar wigar.
AK      : Adhuh ngaturaken agenging panuwun Ki Patih.
HP       : Lan dina iki uga Kadipaten Betak tak pasrahake marang kowe borong apik eleke Bumi Betak. Prajurit…
Jurit     : Inggih kula…
HP       : Ayo nutugne laku mideri Brang Kidul (Iringan: Srepeg Mataraman suwuk saksampunipun Rara Ringgit prapta)
Adegan 2. Rara Ringgit prapta
RR       : Yayi Kalang…
AK      : O kangmbok Rara Ringgit mangga mangga
RR       : Ora nyana lelakon ing Betak kaya mangkene. Kakangmas Adipati Bedalem gugur cumemplung ing rawa. Banjur sapa yayi… sing mengkone ngayomi aku lan kawula ing Betak…
AK      : Kangmbok Rara Ringgit, kawuningana bilih saksampunipun perang antawisipun Majapait lan Betak rampung, Gusti Patih Harya Permada paring dhawuh bilih Bumi Betak dipun pasrahaken kaliyan kula. Dados ampun was sumelang kula ingkang ngayomi panjenengan saha kawula Betak.
RR       : Sukur yayi… nanging, sedane Kangmas Bedalem agawe kekesing atiku. Apa maneh, pulunanku Nini Kembangsore oncat saka kaputren, mbuh ana ngendi papane. Jalaran kepedhotan sih katresnane klawan Pangeran Lembupeteng.
AK      : He’em (dhehem) e… ngaten kangmbok. Bab sedanipun Kangmas Bedalem ampun sanget-sanget anggenipun nawung sungkawa. Keparaaaa…
RR       : Apa Yayi?
AK      : Dipun getunana kangmas Bedalem mboten saged gesang malih. Malah samangke kula aturi mikir ingkang taksih gesang mawon.
RR       : Kersane Yayi Kalang apa?
AK      : Kersaa panjenengan kula wengku garwa supados kinayoman gesang panjenengan kakangmbok Rara Ringgit.
RR       : Yayi Kalang, aja ngecomang calemong tembungmu. Aku isih nandhang sungkawa kaya mangkene teka kowe arep nambahi ruweting kahanan.
AK      : Kangmbok Ringgit, sakmenika panjenengan wis ora ana sing ngayomi kejaba mung Kalang. Mula manuta sun wengku garwa.
RR       : Ora, aku ora sudi ngladeni wong kaya dhedhapuranmu Kalang…
AK      : Wah rudha peksa tenan kowe… (srepeg Metaraman Seseg, ngantos Retna Mursada prapta kasuwuk)
Adegan 3. Rara Ringgit nyemplung sendhang. Retna Mursada prapta.
RM      : Kalang, ora nyana jebul nistha budimu. Kowe kumawani bakal ngrudhapeksa kadangku yayi Ringgit malah dina iki dheweke nglalu nyemplung sendhang.
AK      : Nggih kula akoni. Kula gandrung lan Kangmbok Ringgit. Lan malihipun Kadipaten Betak sampun dados panguwaos kula. Dados sampeyan mboten wenang nyaru wuwus pikajeng kula. Malah dinten samangke sampeyan kula aturi minggat saking Kadipaten.
RM      : Ora mbok tundhung aku bakal minggat. Lan ngertenana Kalang kabeh tumindakmu bakal tak aturke ing Majapait. (Iringan Srepeg Mataraman Seseg lajeng Kasuwuk)
Adegan 4. Kalang nimbali Barerangkas.
AK      : Tih Barerangkas!
PB       : Kula kanjeng…
AK      : Lan prajurit Tanggulangin kabeh wae…
Pt         : Kula kula kula…
AK      : Seksenana patine Kangmbok Ringgit nyemplung ing sendhang, mula sendhang kene yen besuk ana rejane jaman katelaha “SENDHANG RINGGIT”.(Iringan: Srepeg Mataraman Seseg) Barerangkas
PB       : Kula wonten dhawuh…
AK      : Dherekna lakuku nungka Kangmbok Retna Mursada, yen kecekel pateni..
PB       : Sendika ngestokaken dhawuh. (srepeg Mataraman)

Babak 2.
Casting: Rara Kembangsore, Sarwa, Sarwana, Patih Harya Permada, Retna Mursada.
Adegan 1. Rara Kembangsore diadhep siswane.
RK      : Kabeh siswaku…
SRW   : Kula Sang Empu
SRWN: Kula sang Empu
RK      : Iki dina bakal ana gaweyan kang abot kanggomu mula kowe kudu samapta.
SRW   : Inggih sang Empu kula namung ngestokaken dhawuh Sang Empu. (srepeg Mataraman)
Adegan 2. Harya Permada prapta.
RK      : Teja teja sulaksana tejane sang anyar katon, ngajeng pundi kang sinedya, wingking saking pundi papan dunungipun, tigas kawuryan sinten sambeting wangi.
HP       : Iya, aku warangka dalem ing Majapait Patih Harya Permada. Dene praptaku iki mung kepengin ngaso ing pertapan kene. Iki pertapan apa jenenge?
RK      : Inggih menika pertapan Gunung Bolo. Kula ingkang mangarsani name kula Empu Winadi.
Adegan 3 Retna Mursada prapta. (srepeg Mataraman Seseg)
RM      : Dhuh Sang Empu kula ingkang sowan. Kula nyuwun pangayoman sang Empu.
RK      : Nyai kena nggene sliramu kaya dene dibujung sardula kaya mangkono.
HP       : Loh kowe rak Retna Mursada…
RM      : Lho… Gusti Patih Harya Permada. Kawuningana, saksampunipun Kadipaten Betak kapasrahaken dening Adipati Kalang, piyambakipun tumindak sawenang-wenang malah damel pejahipun Yayi Rara Ringgit. Kepara kula samangke katundhung saking Kadipaten dados buroning andhahanipun Kalang.
(Kembangsore semaput) iringan Srepeg Mataraman seseg
SRW   : Lho sang Empu.. lha kok semaput iki piye…
SRWN: Wadhuh cilaka mencit iki… kados pundi niki Gusti Patih…
HP       : Sik aja gupuh. Retna Mursada coba rumatana Sang Empu Winadi kae…
RM      : Inggih Gusti Patih…
RK      : Ibu, niki kula pun Rara Kembangsore ibu….
RM      : Lho… anakku nini Kembangsore……(srepeg Mataraman seseg)
HP       : O… jebul Empu Winadi iki Rara Kembangsore.
RK      : Inggih Gusti Patih. Pramila saking menika lelampahan menika kedah enggal raampung. Sarwa lan kowe Sarwana tampanana pusaka iki lan pethukana Adipati Kalang. Pamerana pusaka iki nganti dheweke gelem tumeka ing papan kene.
SRW   : O inggih sendika ngestokaken dhawuh. (Srepeg Mataraman, Kalang sawadya tampil irama kasesegaken lajeng suwuk)
HP       : Sang Empu lilanana aku bakal pacak baris numpes Si Kalang sing wis cetha kaluputane.

Babak 3.
Casting: Kalang, Barerangkas, Prajurit Tanggulangin, Sarwa, Sarwana, Harya Permada, Prajurit Majapahit.
AK      : Ana cah ndesa nggawa pusaka sajak arep pamer. He kowe kuwi sapa?
SRW   : Kula Sarwa kanjenge niki adhi kula Sarwana. Lha niku sinten ana wong kok lemu endhek…
PB       : Aja angger muwus kowe aku Patih Barerangkas…
SRWN: O Patih Barang bekas…
PB       : Barangbekas dhenggelmu, Patih Barerangkas…
SRW   : O inggih, ngaten kanjenge, sowan kula niki badhe nyobi pusaka kula menika.
AK      : Hahahahaha… pusaka kaya cuthik enjet wae kok dipamerne hmmm…
PB       : Pusaka apa ganjel lawang kuwi…
SRW   : Lho ngenyek, cobi mang tingali….
AK      : Lho pusaka kok ampuh temen. Iya aku percaya. He Wa…
SRW   : Kula…
AK      : Pusakamu tak tukune, pira regane kandhaa…
SRWN: Anu kanjeng pusaka nika sejatosipun kula nyewa…
PB       : Andene pusaka silihan kok lehmu kementhus…
AK      : O alah Na Na… wis ya ben yen pancen iki pusaka silihan njur sing nduwe kuwi sapa?
SRW   : Niki sing kagungan Sang Empu Winadi saking gunung Bolo. Lha kula dipun weling kalihan Sang Empu bilih sok sinten kemawon ingkang mbetahaken pusaka menika kedah laku dhodhok saking ngriki ngantos dumugi gunung Bolo.
SRWN:  Inggih kanjenege lan saben pitung jangkah kedah nyembah dhumateng Sang Empu lan mboten pareng ndangak. Dospundi saguh napa mboten…
AK      : Iya saguh aku. Tih ayo dherekna lakuku…
Babak 4.
Casting: Rara Kembangsore, Patih Harya Permada sawadya, Kalang sawadya..
AK      : Dhuh Sang Empu Winadi kula nyuwun pusaka ingkang dipun bekta Sarwa lan Sarwana.
RK      : Kalang…
AK      : Wah… sajake iki Tih sing asmane Empu Winadi. Inggih kados pundi?
RK      : Yen wis antuk pusaka kuwi arep mbok nggo apa?
AK      : Inggih sepisan badhe kula damel sipat kandel, kaping kalih badhe kula damel ngrebahaken Majapait
HP       : Piye?!! (srepeg Mataraman Seseg)
AK      : Lho… mati aku…
PB       : Adhuh mati aku…
(Kalang diranjab gaman, wadya Tanggulangin mati)
HP       : Hmm… Jebul mung semono kasektenmu Kalang. (irama sirep utawi siyak, lajeng seseg malih)
(Kalang mlayu)
HP       : Ragane Kalang pating sluwir daginge. Kanggo pangeling-eling papan kene mbesuk katelaha “CUWIRI”. Lan prajurite Kalang akeh sing padha mati tumangsang ing wit aren. Mbesuk yen ana rejane jaman katelaha “BATHANGSAREN”. Bujung playune Kalang.
(Kalang diranjab lan kasembret-sembret anggane banjur ragane cumemplung kali)
HP       : Haa wis mati Kalang, kanthi kahanan awake disembret-sembret. Besuk yen ana rejane jaman papan kene katelaha “KALANGBRET”. Lan kali kanggo  papan pandhelikane si Kalang katelaha “KALI SONG”

Tidak ada komentar:

Posting Komentar