Kamis, 01 Oktober 2015

Dumadine Pawukon


Patine Prabu Watugunung
(Serat Pustakaraja Purwa)
Sutradara               :
Paraga                   : -Prabu Watugunung:
                              -Dewi Sinta:
                             -Dewi Kuningan:
                             -Emban Parekan:
                             -Emban Parekan:
          -Patih Wukir:
          -Raden Prangbakat:
                             -Raden Bala:
                             -Raden Maktal:
                             -Raden Anggara:
                             -Raden Sukra:
                             -Bathara Guru:
                             -Bathara Narada:
                             -Bathara Indra:
                             -Resi Satmata:
                             -Bathara Brama:
                             -Bathara Bayu:
          -Bathara Arjunawinanga:
          -Bathara Citrasena:
          -Dewi Sri Yuwati:
                             -Raden Srigati:
                             -Begawan Radi:
                             -Bathara Yamadipati:
                             -Repat:
Babak 1
Setting: Kahyangan Suralaya
Casting: Bathara Guru, Bathara Narada, Bathara Indra, para wadya dorandara, Patih Wukir.
Adegan 1.
Guru            : Aom awignam astu namasiddam sekaring bawana langgeng, nuwun mangke ta kakang, kakang Resi Kanekaputra.
Narada         : Oww… Pragenjong-pragenjong pak pak pong waru dhoyong tinegor nguwong kali Codhe sapa sing nggawe. Kawula nuwun wonten timbalan ing adhawuh adhi Guru.
Guru            : Kakang… Gara-gara ingkang sumundhul ing Kahyangan temah damel horeging kalenggahaning para dewa. Menika gara-garanipun sinten? Menapa wonten kayu watu ingkang mawi teja, utawi brahmana ingkang amalik tingal. Menawi wonten kayu watu mawi teja manira sendhal mayang kinarya saka saha umpaking Bale Martyukundhamanik, menawi wonten brahmana ingkang amalik tengal manira sendhal mayang tumuli kacemplungna ing kawah Candradimuka supados dados intiping naraka Jahanam.
Narada         : O lha dalah hahahahaha… Adhi Guru..
Guru            : Punapi Kakang?
Narada         : Gara-gara ingkang tumempuh mboten kok saking kayu watu ingkang mawi teja utawi brahmana ingkang amalik tingal, nanging gara-gara menika dipun sababaken kaliyan titah pujangkara pun Watugunung ingkang dhaup kaliyan Dewi Sinta Adhi…
Guru            : Kakang…
Narada         : Nuwun kula…
Guru            : Dhedhaupanipun Kaki Selacala inggih Watugunung kaliyan Dewi Shinta kok ngantos dados gara-gara punapi sababipun?
Narada         : Menapa Adhi Guru kalipyan menawi Dewi Sinta inggih Dewi Basundari menika ibunipun Jaka Wudhug inggih Raden raditya. Mangka Jaka wudhug sakmenika sampun jumeneng nata ing Gilingwesi ajejuluk Prabu Watugunung.
Indra           : Aduh Rama Pukulun keparenga kula sumela atur.
Guru            : Iya Kulup Bathara Indra wus Ulun idini.
Indra           : Pakartinipun Prabu Watugunung menika sampun mboten pantes tinulad. Katimbang njemberi jagad tumuli kabanjuta kemawon pun Selacala inggih Prabu Watugunung.
Brama          : Leres menapa ingkang dipun aturaken kaliyan Yayi Pukulun Bathara Indra Rama. Mendah aloking jagad menawi wonten ibu kok dhaup kaliyan anak.
Bayu            : Yen menggah kula pun Bathara Bayu, pakartinipun Watugunung menika sanes jejering narendra gung. Nanging pakartinipun  sato kewan..
Narada         : Lho kosik… dewa-dewa kok padha getem-getem ki ngapa. Ing atase wong loro wis padha senenge ha ya mbok men.
Indra           : Nanging menika mboten limrah Wa Pukulun.
Narada         : Alah wong padumu meri karo sing dhapuk Watugunung. Ya memper yen kowe meri wong aku dhewe ya meri. Ngapa kok sing gandheng Arum kok mesthi Teguh…
Guru            : Kakang ampun sora-sora kula piyambak inggih meri. Ngapa sing dhapuk Watugunung kae dudu aku…
Narada         : Hahahahaha… padha wae jebulane. Lajeng keparengipun Adhi Guru kados pundi?
Guru            : Kakang ampun daya-daya kebrananging penggalih. Luwih-luwih jeneng kita Indra, Brama lan Bayu. Ayo dirembug murih becike.
Koor           : Ngestokaken dhawuh Pukulun
Adegan 2.
Wukir          : Amit-amit kula ingkang sowan…
Guru            : Aom awignam astu namasiddam sekaring bawana langgeng, kang marak ing ngarsa ulun iki kaya titah Ulun Patih Wukir…
Wukir          : Inggih Pukulun, lepat diagung pangaksama panjenengan dene sowan kula adamel kaget. Sakderengipun kula ngaturaken sumungkeming pangabekti konjuka Pukulun.
Guru            : Iya wis Ulun tampa, pangestu Ulun diage tampanana
Wukir          : Sangeting pamundhi kula mugiya dados jejimat. Pukulun Bathara Narada bekti kula katur
Narada         : Iya wus ulun tampa, penakna nggonmu lungguh Kaki…
Wukir          : Nuwun inggih sampun mboten kirang prayogi.
Guru            : Kajaba saka iku heh Patih Wukir, apa baya kang dadi kersanira dene kita munggah ing kahyangan  tanpa tinimbalan.
Wukir          : Sewu lewat diagung pangaksama jengandika Pukulun, sowan kula awrat mundhi parentahipun Gusti kula ingkang sinuwun Prabu Watugunung kinen nglamar mantasaning widadari Bathari Supraba. Keparenga ing dinten menika kula boyong sareng saklampah kula.
Bayu            : Rama pukulun nyuwun pangapunten (ndhupak Patih Wukir)
Narada         : Wei lhadalah kojur-kojur tenan iki….
Guru            : Kados pundi kakang, menawi wonten lelampahan ingkang kados menika…
Narada         : Wa… ngeten mawon Adhi Guru, bab Patih Wukir sawadya kinen ngunduraken kemawon. Menawi gagal mangke kula ingkang badhe ngrenah Prabu Watugunung.
Guru            : mekaten Kakang. Heh Indra lan kita Brama
Indra           : Kula Pukulun
Brama          : Wonten dhawuh pukulun
Guru            : Awat-awatana kadangira Bathara Maruta ya Bathara Bayu
Koor           : Ngestokaken dhawuh Pukulun….
Guru            : Kulup Bathara Yama, majua lungguhmu
Yamadipati  : Inggih Paman Pukulun
Guru            : Yama, kawruhanana, kalamun ing dina iki kaya wus tumeka kalamangsane Dewi Sinta lan Dewi Landhep pinulung ing dewa kudu bali mring Lokabaka.
Yamadipati  : Keparengipun?
Guru            : Dina iki jeneng kita ulun kanthi tumedhak ing Ngarcapada, mbanjut Dewi Sinta lan Dewi Landhep.
Yamadipati  : Menawi tetela mekaten sumangga kula dherekaken Lun…

Babak 3.
Setting: Repat Kapanasan
Adegan 1.
Prangbakat   : Piye Kabare Ki Patih.
Bala             : Sajak bar dikampleng nguwong Ki Patih
Sukra           : Iya ana apa Kyai Patih
Anggara       : gage ngendikaa Ki Patih
Wukir          : Prangbakat, Bala lan andika Raden Sukra saha Raden Anggara
Koor           : Iya Piye…
Wukir          : Dewa ora kena digawe becik, aku didugang nganti glangsaran.
Sukra           : Njur panglamare Kaka Prabu Watugunung kepriye?
Wukir          : Kadosipun dipun tulak Raden. Mila purun mboten purun dewa kedah ginebag sarana paprangan. Prangbakat, Bala, Tolu, Maktal lan kabeh wae, siyagakna prajuritmu. Karang abang kahyangan Suralaya…
Koor           : Sendika….
Adegan 2. Gepuk. Dewa kasoran Narada maju.
Narada         : He kulup Wukir, Sukra, Anggara lan kabeh wae lerena anggonmu bandayuda…
Wukir          : Menawi dewa mboten minangkani panyuwunipun Gusti Kula Prabu Watugunung tamtu kula lajengaken paprangan menika…
Anggara       : Inggih Pukulun, bebasan dewa kula tanting, bangga apa nurut…
Narada         : O wis… wong jenenge bubar perang isine mung panas baran atine. Lha iki ngene, anut sabdhane Hyang Hodipati lamun panyuwune Ratu Gustimu bakal disembadani nanging ya kuwi, jer basuki mawa beya.
Wukir          : Lajeng prabeyanipun pinter tamtu kula banggi…
Sukra           : Kangmas
Anggara       : Apa Yayi?
Sukra           : Dipun banggi menika menapa?
Anggara       : Dipun banggi kuwi dibayar
Sukra           : E… lagi mudeng aku…
Narada         : Pitukone dudu mas picis rajabrana inten barleyan jumerud nanging Ulun nyuwun piandel Gilingwesi yaiku jemparing Herawana lan langkap kyai Gandhiwa.
Wukir          : Mekaten pukulun
Narada         : Iya, malah kita aja munggah ing kahyangan maneh ulun lan kabeh wadya dorandara bakal ngenteni ana ing tapel wates Negara Gilingwesi.
Wukir          : Inggih menawi mekaten kula nyuwun pamit, he kanca ayo matur ing ngarsane kanjeng sinuwun.
Koor           : Nggih mangga…
Narada         : Kulup Indra, Brama, Bayu, Citrasena, Harjunawinanga lan kabeh wae
Koor           : Kula pukulun
Narada         : Dina iki ayo Ulun kanthi tumedhak ing ngarcapada jumujug ing tapel watesing Negara Gilingwesi
Indra           : Lajeng kepareng jengandika kados pundi pukulun, kula kok kirang ndungkap
Brama          : Inggih Wa Pukulun keparenga paring dhawuh
Bayu            : Iya aja mbebingung rasane atiku Siwa Narada
Narada         : Kowe ki dadi dewa kok bodho ta… wah wis ndilalah… olehmu dadi dewa biyen nyogok nganggo dhuwit ya ngono kuwi oleh-olehe. Ngene, yen mengko Watugunung wis ngaturake pusaka loro tumuli tamakna geguntur murih Prabu Watugunung kontal mring negarane. Lha yen wis mangkono Prabu Watugunung mesthi apes jalaran pusaka Herawana lan langkap Kyai Gandhiwa wus sinendhal mayang.
Indra           : O mekaten Wa pukulun
Narada         : Mula ta mula, dadi dewa mbok sing lantip panggrahitamu…
Indra           : Inggih pukulun kula nyuwun pangapunten
Narada         : Iya mula aja kesuwen, Bayu Nggerr
Bayu            : Apa Pukulun
Narada         : Yen mengko Watugunung wus maringake pusakane tumuli seblaken nganggo Guntur maruta kulup
Bayu            : Iya ngestokake dhawuh

Babak 2
Setting: Taman Sari Gilingwesi
Casting: Prabu Watugunung, Dewi Sinta, Dewi Kuningan, lan Emban
Adegan 1. Emban gegojegan
Emban 1      : Mandheg sik Ndhuk…
Emban 2      : Iya Yung… Kok ndengaren yahmene awake dhewe wis metu
Emban 1      : Critane ki dawa Ndhuk, yen awake dhewe ora ndang metu mundhak ora oleh nggon nggo metu. Percuma olehe paes iki mau…
Emban 2      : Iya kok Yung. Iki khajate apa?
Emban 1      : Khajate yakuwi ajegan Ndhuk, pendhak setaun pisan Jurusan Basa Jawa ki nganakake pentas Kethoprak sing diarani kegiatan Paket Lebaran. Wah jiaaannn senengku tanpa upama
Emban 2      : Sebabe apa
Emban 1      : Aku bisa pentas bareng lan kanca-kanca malah iki ketua Bharada uga kepareng nyarirani Pribadi
Emban 2      : Iya kok Yung. Ning awakedhewe kudu ngrumangsani lho, pentas kethoprak iki ujube ora kok hura-hura nanging belajar olah basal an ajar main drama tradisional.
Emban 1      : Iya kok Ndhuk bener… coba ndhuk tak pamer suwara dhisik (mangga ndamel banyolan piyambak +nembang)
Adegan 2. Prabu Watugunung, Dewi Kuningan prapta.
Watugunung: Heh biyung emban
Koor           : Kula sinuwun
Watugunung: Sawetara cawisna unjukan, ingsun sayah banget
Emban 1      : Mekaten Sinuwun
Watugunung: Iya gage kana menyanga pepungkuran
Emban 1      : Inggih sinuwun ayo ndhuk enggal ing pepungkuran, mundhak gawe dukane ingkang sinuwun
Emban 2      : Iya ayo tak dherekne Yung
Watugunung: Yayi Garwane pun kakang Yayi Landhep,
Landhep      : Kula wonten dhawuh Kangmas Prabu… Ketingalipun panjenengan nawung sungkawa menapa ta sababipun? Kula aturi ngendika kangmas…
Watugunung: Nimas garwane pun kakang, gorehing atiku ora kaya dina iki. Dene marumu yayi Dewi Sinta darbe panyuwunan kang abot sanggane.
Landhep      : Lajeng menapa ta panyuwunipun kakangmbok Dewi Sinta kangmas?
Watugunung: Yayi Dewi Sinta nyuwun kamaru mantasaning widadari Bathari Supraba.
Landhep      : Kados pundi larah-larahipun kok kakangmbok nyuwun kamaru widadari?
Watugunung: nalika semana pun kakang lan Yayi Dewi Sinta lagi cangkrama ing taman keputren. Nanging nalika yayi Sinta metegi pun kakang dumadakan rada rengu polatane banjur nyuwun kamaru widadari iku mau. Pun kakang dhewe uga ora ngerti apa kersane yayi Sinta. Mula kang saka kuwi, Yayi Landhep, caketana mbakayumu. Tlesihen apa karepe kok darbe trekah kang kaya mangkono.
Landhep      : Inggih sendika, lajeng panjenengan badhe tindak pundi?
Watugunung: Ingsun bakal parentah mring para putra lan sentana supaya sowan ing ngarsane pukulun Bathara Guru
Landhep      : Sungkem kula ingkang ndherek  jengkar panjenengan sinuwun…
Babak 4.
Setting        : Taman keputren
Casting       : Dewi Sinta, Dewi Landhep, lan Bathara Guru
Adegan 1.
Landhep      : Kakangmbok kula ingkang sowan
Sinta            : Kene-kene yayi Dewi Landhep
Landhep      : Nyuwun pangapunten kangmbok, teka panjenengan beneh kaliyan padatan. Nalika sinuwun Prabu Watugunung kondur ngedhaton namung panjenengan ingkang mboten ketingal methuk kondure kanjeng Sinuwun. Wonten napa ta Kangmbok?
Sinta            : Yayi Landhep, aja mbok sengguh yen aku dimaru lan siadhi njalari runtik atiku babar pisan ora. Nanging pun kakang nandhang wirang. Iba suraking jagad lamun wewadiku kewiyak dening liyan.
Landhep      : Dhuh kakangmbok, menapa ta ingkang panjenengan penggalih, mbok inggiha panjenengan medaraken dhumateng kula. Sinten ngertos menawi kula saged paring kalidamar.
Sinta            : Yayi sumurupa, nalika pun kakang lagya cangkrama lan Sinuwun Prabu Watugunung ndilalah pun kakang nyumurupi benthet mestakane kanjeng sinuwun. Aku banjur kelingan lelakon pirang puluh taun kepungkur. Nalika iku aku darbe putra yaiku Jaka Wudhug. Dheweke rewel njaluk mangan nanging anggonku adang durung mateng. Jaka Wudhug banjur tak pala nganti sirahe tak thuthuk nganggo enthong nganti benthet sirahe. Nganti saiki aku ora ngerteni papan dununge ana ngendi.
Landhep      : Lajeng sambung rapetipun kaliyan lampahanipun Kanjeng Sinuwun Prabu Watugunung menapa?
Sinta            : Ya Prabu Watugunung iku putraku yayi…
Landhep      : Lho…. Kangmbok kok ngantos semanten lampahan panjenengan. Dados cethanipun Prabu Watugunung menika kalebet pulunan kula.
Sinta            : Mula saka kuwi yayi katimbang mbeber wirang aku banjur nyuwun marang Prabu Watugunung supaya nyuwun kamaru Bathari Supraba. Aku percaya lamun Prabu Watugunung bakale tiwas dening para jawata
Landhep      : Lajeng kula lan panjenengan kados pundi? Kula wirang kakangmbok…
Sinta            : Ayo nyuwun ing ngarsane Hyang Widhi supaya diapura sakebehing kaluputanku lan siadhi..
Adegan 2. Bathara Guru lan Yamadipati rawuh
Guru            : Astungkara siddam sekaring Bawana langgeng, Titah ulun ngger Basundari lan kita Landhep jugara anggon kita semedhi Ulun kang prapta.
Sinta            : Sarawuh panjenengan Hyang Adi Pukulun Bathara Guru saha pukulun Bathara Yamdipati kula ngaturaken pangabekti Pukulun.
Guru            : Iya wus Ulun tampa akarya suka tyasing Ulun
Yamadipati  : Iya tak tampa pangabektimu
Landhep      : Semanten ugi kula ngaturaken pangabekti Pukulun
Guru            : Iya Landhep wus Ulun tampa anggon kita ngaturake pangabekti.
Yamadipati  : Iya wus tak tampa, weh ra nyangka metu wae kok sakpanggung karo wong wadon tur ayu-ayu. Hmmm degane krambil ijo nggih Lun…
Guru            : Kuwi apa Yama?
Yamadipati  : Begjane sing nduwe bojo. Napa malih wong loro niki. Biyuh… Nggen kula enten lho Lun bocahe bagus ning pijer apes kemawon.
Guru            : Sapa Yama?
Yamadipati  : Mboten kula omongke, mundhak dikira bubrahke wong omah-omah.
Sinta            : Pukulun, menapa darunanipun panjenengan rawuh mrepegi unggyan kula?
Guru            : Basundari, Ulun wis ngerti apa ta darunane dene jeneng kita nyuwun kamaru widadari, jebula mung kinarya sarana murih patine Prabu Watugunung ya putranira. Nanging kawruhanana Nini sakarone…
Sinta            : Inggih kados pundi Pukulun
Landhep      : Inggih kados pundi Pukulun
Guru            : Jeneng kita kaanggep luput jalaran sing dadi tuk sumbering dahuru ya mung saka pakarti kita. Mula iki dina manuta bakal sun banjut munggah ing kahyangan.
Landhep      : Kados pundi kakangmbok, dene wonten lelampahan ingkang kados mekaten
Sinta            : Yayi, tinimbang urip ana janaloka mung nandang wirang luwung tumekeng pati. Sira katrema ing praja, pun kakang nyuwun pamit bakal munggah ing Yomani Loka
Landhep      : Dhuh Kakangmbok, kula mboten saged pisah lan panjenengan. Tinimbang kula pisah lan panjenengan luwung kula enthengaken pejah kawula.
Guru            : Yama…
Yamadipati  : Kula Paman Pukulun
Guru            : Diage banjuten Dewi Sinta lan Dewi Landhep tumuli lebokna ing Jalasutra Tampang Kencana
Yamadipati  : Wadhuh bocah ayu-ayu tur isih enom malah kon mbanjut…
Guru            : Gage tindakna Yama…
Yamadipati  : Inggih Lun

Babak 5.
Setting: alas bolong
Casting: Bathara Indra, Bathara Brama, Bathara Bayu, Wadya dorandara,
Prabu Watugunung sawadya.
Adegan 1.
Watugunung: Sarawuh panjenengan pukulun sungkem kula katur
Indra           : Iya Selacala.
Brama          : Iya tak tampa Watugunung
Bayu            : Hmmmm… Watugunung ning kene ora susah ndadak kakeyan rembug sing wigati endi bebanane calon penganten.
Watugunung: Inggih pukulun Bathara Bayu. Mangga kula aturi nampi wujudipun Pusaka Kyai Herawana miwah langkap Kyai Gandhiwa.
Indra           : Sumurupa heh Watugunung, pusaka iki ageman ulun du king nguni. Mula bakal tak asta kondur makahyangan.
Watugunung: Lajeng wonten pundi Bathari Supraba badhe kula pondhong ing tilam rum.
Bayu            : Iki Bathari Supraba (sarwi ngedalaken Guntur maruta, Prabu Watugunung kontal, Para Dewa makahyangan)

Babak 5
Setting: alun-alun Gilingwesi
Casting: Prabu Watugunung sawadya, Resi Radi
Adegan 1.
Wukir          : Wadhuh cetha Dewa mbalenjani sinuwun
Anggara       : Inggih Kangmas, Wah dewa kok mencla-mencle
Prangbakat   : Kula mboten trimah rama badhe kula gebag malih Kahyangan
Bala             : inggih Rama, Dewa kedah tanggel jawab bab menika
Watugunung: Wis wis padha menenga, ora nyana yen ingsun bakal kapusan. Harya Maktal
Maktal         : Kula wonten dhawuh Rama
Watugunung: Timbalana Wakmu Begawan Radi kinen marak sowan.
Maktal         : Sendika rama
Adegan 2.
Radi            : Kula ingkang sowan Sang Prabu
Watugunung: Mangga Kakang, sami karaharjan rawuh ndika kakang
Radi            : Inggih awit pangsetu sampeyan dalem mboten manggih alangan setunggal menapa. Kula nungsung pawartos sinuwun.
Watugunung: Kakang, menapa badhe wurung panjangka kula dene para Dewa sampun ngrebat piyandel kula.
Radi            : Sinuwun, keparenga kula matur, bilih titah ing ngarcapada menika sampun dipun tetepaken jodonipun dening Kang Amurbeng Dumadi. Yen jodhone Hapsara menika kalih hapsari, Dewa kalih Dewi, Widadara lan widadari, Satriya kaliyan putri, Endhang kaliyan Bambang. Menawi panjenengan ngrangsang Kahyangan nyuwun mantasaning widadari menika mokal badhene kasembadan.
Watugunung: Kakang, sedya kula menika muhung mituruti panyuwunipun garwa kula Yayi Dewi Sinta ingkang mothah kepengin kamaru Bathari Supraba.
Radi            : Sinuwun, nuwun sewu sepisan malih kula aturi enget, panjenengan menika jejering narendra mboten kok ngratoni kulawarga nanging ngratoni bangsa sa Gilingwesi. Menawi panjenengan katrem minangkani panyuwunipun kang garwa nanging panjenengan mboten metang kasangsayaning para kawula dasih.
Adegan 3
Tolu            : Kula ingkang sowan Rama
Watugunung: Tolu mlayu-mlayu eneng apa?
Tolu            : Ngaturi kawuningan bilih kanjeng ibu Dewi Sinta miwah kanjeng ibu Dewi Landhep kabanjut ing dewa
Watugunung: Piye!!!! Ora kena dieman para Dewa. Kakang Radi, cetha dewa mboten adil. Badhe kula byuki bathang sayuta.
Radi            : Malah dhawah ing kosok wangsul,Menika cetha sinuwun, menawi jengandika kasiku ing dewa
Watugunung: Wis ora nggagas, padune sampeyan niku wong jirih. Heh Wukir
Wukir          : Kula sinuwun
Watugunung: Kerigna kabeh wadya bala Gilingwesi waton lanang nyekel gaman. Lurug Kahyangan Suralaya!!!
Wukir          : Sendika…
Radi            : We lha… wis nampik pitutur becik, iya ya… coba tak seksenane saka kadohan.

Babak 6.
Setting: Dhukuh Kayuwan
Casting: Repat, Resi Satmata, Dewi Sri Yuwati, Raden Srigati lan warga
Kayuwan.
Adegan 1. Repat sami guyonan
Adegan 2. Resi Satmata sagarwa putra rawuh.
Repat 1        : Sang Resi rawuh Ca…
Repat 2        : Biyuh nggawe putih-putih jiaaannn kaya…
Repat 3        : Wis aja diterusne
Repat 1        : Iya aja diterusne. Ning kene aja mbok gawe kalah-kalahan, engko nek nganti pindhah saka Unesa mbuh lho engko.
Repat 2        : Lho arep pindhah
Repat 3        : wah sing nggawe crita pinter iki…
Repat 1        : Kok isa…
Repat 3        : Iya, lha saiki apa tumon Kakekane Imam dadi roll. Dhapukane mesthi dadi wong tuwa. Lha saiki coba dadi pandhita tur garwane isih kinyis-kinyis. Mulane ben ora pindhah saka Unesa.
Satmata       : Heh Trik, kowe kuwi padha guneman apa? Wis menenga sawetara…
Repat 2        : Kuwi sajak e wis ngempet ora betah…
Repat 1        : Ngempet apa?
Repat 2        : Nyawang bojone…
Repat 1        : Eling… he eling…
Repat 3        : Eling umur Kek…
Satmata       : Koen iku jok rame ae ta Nak-nak… bapak ape butuh ki lho…
Repat 1        : Lha ketok ta asline…
Sri Yuwati    : Trik garwaku mbok aja digarapi wae ta…
Repat 2        : Inggih Yang…
Repat 1        : Heh… ngawur ae iya Say…. Alah keceplosan…
Repat 3        : Padha wae jebulane…
Satmata       : Wis wis Trik ndamar mancung cinupet tekan semene wae, selak dioyak menitan. Iki jam rolas kudu wis rampung…
Repat koor  : Nggih Mbah…
Sri Gati        : Kowe aja kurang ajar klawan kanjeng rama yen ora kepengin tak palagantang.
Satmata       : Hahahaha… Yayi Dewi Sri Yuwati
Sri Yuwati    : Kula Panembahan
Satmata       : Trimak-trimakna ya Yayi, sira lan pun kakang kasiku dening Bathara temah pun kakang lan siadhi diutus tumurun ing Ngarcapada.
Sri Yuwati    : Inggih Panembahan, nyatanipun gesang ing kahyangan Swarga Nguntara kaliyan ing Dhukuh kayuwan mboten wonten bentenipun. Malah kula kraos jenjem gesang ing padhusunan. Buktinipun kula lan panjenengan sampun peputra pun Sri gati menika Panembahan.
Repat 2        : Lho jebul isih isa nggawe anak ta…
Repat 1        : iki cangkeme mbok meneng…
Satmata       : Kowe isa meneng apa ora
Repat          : Injihhhh
Satmata       : Iya Yayi Dewi. Putraku ngger Sri Gati
Sri Gati        : Kula rama
Satmata       : Kowe wis dewasa, lan aja lali pitungkase pun bapa klawan sira, jejering nom-noman bisaa ngupadi ngelmu sak akeh-akeh kanggo sangumu mbesuk. Aja jer demo wae. Bbm mundhak kowe demo njur ngebongi Ban turut ndalan. Apa ya patut kaya ngono kuwi.
Sri Gati        : Inggih rama, menika kagem ngemutaken dhumateng pamarintah supados ampun gampil nibakaken perkawis sakgelemipun piyambak.
Satmata       : Nanging ya ora kudu mengkono. Saiki sliramu jejering nom-noman ngudiya ngelmu nganti pinter banjur yen wis pinter gage gentenana pimpinan-pimpinan sing wis ora bisa mimpin kae.
Sri Yuwati    : Bener ature ramamu ngger…
Satmata       : Sapa sing teka kae…
Adegan 3. Warga Kayuwan prapta.
Warga         : Nuwun sewu Sang Panembahan
Satmata       : Iya Kisanak ana wigati apa?
Warga         : Panembahan, kula ngriki butuh bandha donya ingkang kathah. Lha kacariyos ing wit ringin wingking nika saged damel tiyang sugih dadakan. Mila menawi panjenengan menika juru kuncinipun pramila kula nyuwun tulung tumuli larapna ing ngarsanipun dahyang ingkang ngreksa wit ringin niku.
Repat 1        : Ndhapuk Thoprak pisan ae njaluk pesugihan Ben Ben…
Warga         : Kowe menenga aku ora butuh karo dhapurmu…
Satmata       : Hehehe Kisanak
Warga         : Nuwun kula
Satmata       : Sampeyan yen njaluk kesugihan ing wit ringin kuwi sengara bakale kelakon.
Warga         : Lho kok ngaten
Satmata       : Iya jalaran wit Ringin kuwi ora bakal bisa mituruti panyuwunmu. Aja maneh kok menehi dhuwit sedheng obah saka panggone wae ora bisa. Yen ta njaluk kuwi kudune ana ngarsane Hyang Sukma Kawekas lan yen kepengin antuk dhuwit ya kudu nyambut gawe kisanak…
Warga         : Wah lhadalah Wisnu ngger….. (badar Narada)
Narada         : Aja kaget Ulun kang memba pawongan mau Kaki Wisnu…
Satmata       : Bekti kula katur pukulun
Narada         : Iya tak tampa dene kita ngaturake pangabekti
Sri Yuwati    : Pangabekti kula katur Pukulun
Narada         : Sapa iki?
Sri Yuwati    : Kula pun Sri Yuwati Pukulun
Narada         : Ow… Ya nini pangabektimu wus ulun tampa
Sri gati         : Bekti kula katur pukulun
Narada         : Sapa ki?
Sri gati         : Kula pun Sri Gati putranipun kanjeng rama Resi satmata
Narada         : Iya tak tampa kulup dene kita ngaturke bekti. Heh Satmata…
Satmata       : Kula wonten dhawuh
Narada         : jebul kowe isih bisa… hahahaha
Satmata       : Pangestu panjenengan pukulun, nyatanipun saged peputra Sri Gati menika
Narada         : Iya iya… Sri Yuwati
Sri Yuwati    : Kula pukulun
Narada         : Kita ya isih saguh ngladeni bojomu iki?
Sri Yuwati    : Inggih taksih pukulun, namung menika guru laki kula janaloka prapteng delahan.
Narada         : Sukur. Ngene Satmata, iki dina Kahyangan Suralaya kalurug dening wadya Gilingaya ya Gilingwesi. Prabu Watugunung sakwadya bala mesanggrah ing Repat Kepanasan kang wigati njaluk palakrama klawan mantasaning widadari yaiku Bathari Supraba. Para dewa ora marengake. Mula bab pangamuke Prabu Watugunung sakwadya ulun borongake marang kita Satmata.
Satmata       : Menawi tetela mekaten kula sagahi pukulun.
Narada         : Iya ulun ranti ing Repat kepanasan ya Ngger…
Satmata       : Yayi Dewi
Sri Yuwati    : Kula Panembahan
Satmata       : Mbok menawa iki dalane kanggo pun kakang lan siadhi kondur ing Kahyangan Untara.
Sri Yuwati    : Kula namung memuji mugi saged lebda ing karya.
Satmata       : Iya, Kulup Sri Gati, ayo dherekna pun rama
Sri gati         : Sumangga rama…

Babak 7.
Setting: Kahyangan
Casting: Wadya dorandara mengsah wadya Gilingwesi, Sri Gati.
Adegan 1. Perang Brubuh.
Wukir pejah dening Sri Gati,
Maktal pejah dening Bathara Brama
Sukra pejah dening Bathara Citrasena
Anggara pejah dening bathara Indra
Bala kabanjut Bathara Yamadipati
Prangbakat pejah dening Bathara Arjunawinanga
Watugunung majeng para dewa kasoran.
Adegan 2. Bathara Narada lan Satmata pinanggih Resi Radi
Narada         : Pragenjong Pragenjong Pak Pak Pong, Begawan Radi…
Radi            : Wadhuh pukulun, nyuwun deduka ingkang akathah dene kula mboten saged ngrerimuk dhumateng sesembahan kula.
Narada         : Jeneng kita bakal Ulun ngapura waton jeneng kita nuduhake pengapesane Prabu Watugunung.
Radi            : Inggih pukulun, Prabu Watugunung menika pikantuk kanugrahan saking Sang Hyang Wenang bilih anggenipun bandayuda mboten badhe kasoran. Nanging menika saged dipun sirnakaken nanging kedah pikajengipun piyambak.
Narada         : Satmata
Satmata       : Kula Pukulun
Narada         : Palagantangen Watugunung dimen teluk
Satmata       : Sendika…
Adegan 3. Watugunung aben pengabaran kaliyan Satmata, Watugunung teluk.
Watugunung: Heh Resi Satmata, aku ngakoni kalah karo kowe nanging aku suthik teluk karo para dewa.
Satmata       : Lho kowe wis kalah kok emoh teluk ki karepmu piye
Watugunung: Aku pilih matiku. Nanging ngertiya, aku bisa mati nanging yen aku wis lila. Yen kowe bisa mbatang cangkrimanku aku saguh mbok pateni sarana bedhatiku.
Satmata       : Iya, coba cangkrimanmu kepriye tak batange…
Watugunung: SUPILA WIPALA kuwi tegese apa lan karepe kepriye?
Satmata       : SUPILA WIPALA iku tegese Wit Dhakah woh Dhikih iku batangane Waringin. Dene karepmu sapungkurmu bali ing kelanggengan aja ana sing ngarepake garwamu. Iya apa ora?
Watugunung: Iya bener, saiki yen SUPALA KUPALA kuwi tegese apa lan apa maknane?
Satmata       : SUPALA KUPALA iku tegese wit Dhakah woh Dhakah iku batangane krambil. Dene werdine sapungkurmu mbesuk anak turunmu nemua kamulyan. Iya apa ora?
Watugunung: Titis Satmata, banjur sing pungkasan KUPILA HUPALA kuwi tegese apa lan karepe kepriye?
Satmata       : KUPILA HUPALA iku tegese Wit Dhikih woh Dhakah yaiku semangka. Iku mengku karep yen kowe tumeka pati wadya balamu saturun-turune antuka pengayoman kaya jaman suwita marang sira. Iya apa ora?
Watugunung: Wadhuh Satmata aku rumangsa kalah wis tumuli aku patenana Satmata.

Babak 8.
Setting: Kahyangan
Casting : Para dewa
Adegan 1.
Guru            : Kadiparan dumadosing palagan Kakang?
Narada         : Wah rame sanget Adhi Guru. Inggih namung Satmata inggih Wisnu sak yoganipun ingkang saged mbengkas karya.
Guru            : Mekaten Kakang. Wisnu…
Satmata       : Kula rama Pukulun
Guru            : Gandheng jeneng kita wus bisa madhangake kahyangan mula iki dina kita baliya mring kahyangan Swarga Nguntara lan Garwa kita Sri Yuwati apa dene atmaja kita.
Satmata       : Nuwun ngaturaken agunging pangaksami Pukulun.
Guru            : Kakang Narada
Narada         : Punapi Adhi Guru…
Guru            : Kinarya pepenget pejahipun Sukra, Anggara, Prabu Respati lan sanes-sanesipun manjinga ing dinten dene pejahipun Prabu Watugunung manjinga ing Pawukon. Gandheng ingkang rumiyin manjing ing kaswargan pun Dewi Sinta pramila wuku ingkang angka sepisan katelah wuku Sinta, gandheng Watugunung damel dahuru ing kahyangan pramila Watugunung pikantuk kaswargan ingkang wingking piyambak. Pramila wuku ingkang pungkasan sinebat Wuku Watugunung.

Purna

Tidak ada komentar:

Posting Komentar