Kamis, 01 Oktober 2015

Fragmen Suminten Edan



Fragmen Suminten Edan

Casting:            -Warok Suramenggala  :
                        -Warok Gunaseca                    :
                        -Raden Subrata                        :
                        -Cempluk Warsiyah                  :
                        -Suminten                                 :
Babak 1.
Adegan 1. Raden Subrata langen asmara lan Cempluk Warsiyah
Subrata            : Piye nimas apa kira-kira sliramu wis madhep mantep nampa katresnane pun kakang wong ayu?
Cempluk          : Menapa mboten klentu ta Den? Kedahipun ingkang matur mekaten rak inggih kula. Menapa panjenengan mboten lingsem menawi njenengan mengku kula. Wong nyatanipun kula namung drajat anake demang.
Subrata            : Ora, Cempluk ngertenana sing diarani tresna iku ora mawas endhek dhuwuring drajat pangkat nanging ati sing dadi pawitane. Sakbisa-bisa Raden Subrata ora nyawang gebyaring wanita mung saka drajat lan pangkate wong ayu.
Cempluk          : Menawi mekaten lha mbok inggih kula namung sendika ngestokaken dhawuh panjenengan. Sinten ta ingkang nulak menawi badhe kawengku dening panjenengan dhasar piyayine nggih gagah, bagus…
Subrata            : hahaha… iya sukur wong ayu… Gandheng paman Suramenggala ya wong atuwamu uga wis nyarujuki sesambunganku lan sliramu.
Cempluk          : Kados pundi menawi pemanggihipun Gusti Adipati Dibya Ngalim inggih kang rama?
Subrata            : Perkara kanjeng rama tinemu gampang. Mengko aku sing matur…

Adegan 2. Bakul dhawet
Gunaseca         : Dhawet Den…
Subrata            : Iya Pak kene… Nimas pun kakang ngorong banget kepengin ngunjuk dhawet
Cempluk          : Kula nggih ngorong sanget Den…
Gunaseca         : Wah Dhawete kantun setunggal niku Den
Subrata            : Ya wis ora dadi ngapa. Mara age racikna
Cempluk          : Lha panjenengan napa mboten ngunjuk Den?
Subrata            : Mengko aku bisa ngunjuk unjukan liyane bakune sliramu ora ngelak
Gunaseca         : Niki Den dhawete. (Menehke dhawet dibayar njur lunga)
Subrata            : Gage ndang diombe Jeng…
Adegan 3. Cempluk mati, Suramenggala prapta
Subrata            : Pluk… lha kok malah turu ning kene… Pluk tangi Jeng… Pluk Cempluk… lho….
Suramenggala   : Kok bengok-bengok enten napa Den? Lha niku Cempluk kok turu teng ngriki. Mbok ken ndang tangi…
Subrata            : Paman Suramenggala, Cempluk pejah paman…
Suramenggala   : Lho… niki wau kenging napa kok ngantos Cempluk mati?
Subrata            : Niku wau bibar nginum dhawet lajeng kantaka.
Suramenggala   : O… nggih, niki jenenge Dhawet Upas. Mpun Cempluk kula warasne lajeng mang bekta wangsul dhateng Ngampel. Pluk durung wancine nduk, tangi ndukkk…
Cempluk          : Lho Pak… Den…
Suramenggala   : Ya nduk saiki kowe karo Denmase Brata baliya dhisik nang Ngampel aku arep ngadili wong luput iki…
Adegan 4. Gunaseca prapta saperlu nonton kahanane Cempluk.
Suramenggala   : He mandeg kisanak…
Gunaseca         : Hahaha Kakang Nggala…
Suramenggala   : Wong tuwek ora genah ki ya dhapurmu kuwi
Gunaseca         : Hahaha kakang Nggala, apa karepmu ngucap kaya ngono
Suramenggala   : Kowe aja selak. Kowe sing mateni ponakanmu si Cempluk lantaran dhawet upas
Gunaseca         : Ya tak akoni. Pancen aku sing tumindak. Merga kowe wong tuwa ora isa nuturi anak. Aku nganti kewirangan ya merga pokal gawemu. Ngiras dina iki tak rampit kakang Nggala.
Suramenggala   : O cethane ngajak benthak sirah ya Le tak ladeni.
Gunaseca         : Modar kowe kakang Nggala.
(Suramenggala perang lan Gunaseca. Suminten teka)
Suminten          : Hahahahaha Denmas aku cinta padamu denmas… hahahaha aku aja mbok tinggal ta denmas… aku tresna panjenengan lho Denmas… Denmas Brata…
Gunaseca         : Iki lho Kang… sawangen ponakanmu, nganti edan merga wurung dhaup lan Denmase Brata. Saiki upama kowe dadi aku apa ora nelangsa…
Suramenggala   : Hmmm Yen ana lelakon kaya ngene ki mbok dirembug sing sareh. Ora grusa-grusu kaya kelakuanmu ngono kuwi. Ya sejatine aku ki ora nduwe karep pengin njodohne ponakanmu Cempluk karo Denmase Brata. Nanging wong jenenge tresna aku ora bisa meksa. Ya wis sing baku ngene Suminten tak warasne dhisik… Ten asalmu waras balik waras nduuukkkk…
Suminten          : Pak… lha kok nganti kaya ngene… aku isin Pak….
Suramenggala   : Ten… ora maido sepira larane atimu. Ning eling den eling Ten… yen pancen Denmase Brata kae jodhomu ora bakal adoh karo kowe. Sing baku saiki Suminten wis ora edan…


Tidak ada komentar:

Posting Komentar