Serial Singasari – Majapahit
Senjakala ing
Singasari-Babad Alas Tarik-Wijaya Ngratu
Paraga:
1.
-Kaisar Ike Messin: Bagus Akbar
2.
-Panglima Sin Phe Kausin: Rizky Hastana
3.
-Wadya Tar-tar : Yoseph Vischa
4.
-Wadya Tar-tar : Imam
5.
-Prabu Jayakatong/Jayakatwang: Rizky Putra (Astuti)
6.
-Prameswari : Selvy
7.
-Patih Kebo Mundarang: Diki Fajar
8.
-Senapati Parungsari: Iing
9.
-Manteri Segara Winotan: Sain
10.
-Senapati Ranggajanur: Pungki
11.
-Arya Banyakwidhe/Arya Wiraraja: Pambayun
12.
-Raden Ardaraja: Hadi
13.
-Wadya Gelang-gelang: Joko
14.
-Prabu Ciwabudha/Kertanagara: Danang Ragil
15.
-Patih Kebo Anengah: Rozaki
16.
-Senapati Gajah Pagon: Alip
17.
-Prameswari Bajradewi: Titis
18.
-Dyah Tribuwana: Yunita
19.
-Dyah Gayatri: Ayun
20.
-Wadya Singasari: Asyik
21.
-Wadya Singasari: Mamlak
22.
-Dyah Sanggramawijaya: Alvian
23.
-Ken Sora: Ari
24.
-Lawe: Rezky
25.
-Nambi: Rhama
26.
–Lurah Kudadu :Faisal Hindarto
27.
-Emban 1: Rinda
28.
-Emban 2: Erna
1.
Prolog
Kaisar
Ikke Messi lan wadya bala tar-tar dumugi ing tlatah Nusantara. Sedyanipun
kautus Kaisar Kubhilai Khan supados nyepeng Prabu Kertanegara jalaran sampun
natoni dhuta saking Tar-tar. Prajurit kabidhalaken.
2.
Jejer Kadipaten Gelang-gelang
Prabu
Jayakatwang kaadhep Prameswari, Patih Kebo Mundharang, Menteri Segara Winotan,
Senapati Parungsari, Senapati Ranggajanur miwah para wadya. Ngrembag bab
silsilah nagari Kediri ngantos dumugi Gelang-gelang. Kasaru praptanipun Adipati
Arya Banyakwidhe ingkang mrayogekaken supados Prabu Jayakatwang nggebag nagari
Singasari. Prabu Jayakatwang nyagahi tumunten mbidhalaken wadya Gelang-gelang.
3.
Tapel wates Singasari
Wadya
Gelang-gelang kapapag wadya Singasari ingkang kapandhegan Patih Kebo Anengah
miwah Senapati Gajah Pagon. Sulayanipun rembag dados pancakara. Patih Kebo
Anengah gugur kalimpe Raden Ardaraja. Wadya Singasari kocar-kacir. Gajah Pagon
mlajar manjing dhatulaya. Raden Ardaraja pinanggih Patih Kebo Mundharang paring
kabar menawi Singasari sampun saged kagebag jalaran Prabu Kertanegara saweg
lena. Bidhal.
4.
Taman Kaputren
Prabu
Kertanegara saweg wuru nginum tuwak tuwin waragang dipunladosi dening kang
garwa Prameswari Bajradewi, Dyah Gayatri, Dyah Tribuana saha dhayang. Kang
garwa miwah kang putra kekalih ngemutaken Prabu Kertanegara parandene mboten
dipunpaelu. Kedadak wonten abdi pacalang matur menawi Singasari kenepung wakul
binaya mangap dening Wadya Gelang-gelang. Kasaru praptanipun Prabu Jayakatwang.
Sulaya ing ginem Prabu Kertanegara dipunpejahi, prameswari saha putri kekalih
dipun kunjara. Prabu Jayakatwang ngebroki praja Singasari.
5.
Kasatriyan
Dyah
Wijaya, Ken Sora, Lawe, Nambi arsa nggempur wadya Gelang-gelang kasaru
praptanipun Gajah Pagon matur menawi Prabu Kertanegara gugur. Garwanipun Dyah
Wijaya kekalih dipunkukup Prabu Jayakatwang. Angles penggalihipun Dyah Wijaya,
Ken Sora mrayogekaken supados Dyah Wijaya ngayom dhateng Songenep (Sumenep).
Bidhal.
6.
Strat margi
Dhagelan
dipunprepegi Dyah Wijaya saha pandherek manggihi Adipati Banyak Widhe. Ing
pagedhonganipun Arya Banyak Widhe prapta ing ngriku jalaran nedheng niti
jajahan. Dyah Wijaya pasrah dhumateng Arya Banyak Widhe nunten kalarapaken ing
Prabu Jayakatwang bidhal.
7.
Adegan Kediri
Prabu
Jayakatwang, Prameswari, Ardaraja, Kebo Mundarang, Arya Banyakwidhe, Dyah
Wijaya. Rembag Dyah Wijaya nungkul dhateng Prabu Jayakatwang. Ketang welasipun
dhateng putra pulunan lajeng pinaringan Bumi Wana Tarik kinen mbabat. Bidhal.
8.
Adegan Wana Tarik
Wadya
bala pandherekipun Dyah Wijaya kraos sayah anggenipun mbabat lajeng methik woh
Maja. Nuli katedha nanging raosipun pait. Dyah Wijaya paring nama bumi Tarik
kanthi nami Majalengka inggih Majapait. Praptanipun Kaisar Ike Messi ingkang
arsa ngrangket Prabu Kertanegara. Saking wasisipun Arya Banyak Widhe, Kaisar
Ike Messi kablithuk kinen nungkulaken Wadya Kediri. Bidhal.
9.
Alun-alun Kadiri
Perang
amuk-amukan. Segara Winotan gugur mengsah Lawe, Kebo Mundharang pejah dening
Ken Sora, Ardaraja kacepeng nuli kabanda. Prabu Jayakatwang kakepung wadya
Tar-tar lajeng muksa. Senapati Parungsari mengsah Dyah Wijaya, Senapati
Parungsari gugur. Kaisar Ikke Messi nagih janji dhumateng Wijaya nanging mboten
dipuntetepi kepara Wadya Tartar dipuntandangi Lawe saha Ken Sora mlajar ing
nagrinipun.
10.
Praja Majapait
Dyah
Wijaya kawisudha minangka narendra jejuluk Prabu Kertarajasa Jayawardhana, Arya
Banyak Widhe kaparingan bumi Lumajang, Ken Sora kajumenengaken Patih ing Daha
ngrangkani Dyah Gayatri, Lawe kaparingan bumi Tuban kanthi sesebatan Adipati
Ranggalawe miwah sinebat Manteri Nusantara, Nambi kawisudha minangka patih
Mangkubhumi. Sareng midhanget Nambi nedya kawisudha minangka Patih, Ranggalawe
muntab. (Candhakipun ing lampahan Ranggalawe-Lembusora-Gajah Biru-Juru Demung
Gugur)
Babak
1
Paraga : Ikke messi, shin phe kausin, wadya
tar-tar
Setting : strat
Adegan
1. Panglima Ikke Messi sawadya tumeka ing Pelabuhan Canggu
Ikke messi :
Panglima Shin phe, adoh saka bumi tar-tar
Mongol aku lan
kowe wis teka pelabuhan canggu.
Shin phe kausin : iya, nitik saka lemah kang subur
lan ijo royo-royo tetanduran iki genah wis tumeka ing tanah jawa
Ikke messi : Iya, ngertiya Shin Phe..
Shin Phe : Piye kakang
Ikke Messi ; Aku lan kowe kautus dening
Kaisar Khubilai Khan ing Mongol kang supaya ngadili Sri Kertanagara ing
Singasari
Shin
phe kausin : Mengko dhisik
Kakang, blaka wae aku durung ngerti apa kersane Tuan Khubilai Khan kok ngutus
awake dhewe tumuju ing Nusa Jawa ngadili Sri Kertanagara?
Ikke messi : Tenane mangkene, Sri
Kertanegara iku kaangep luput kang sepisan dheweke ora gelem ngakoni yen kang
nguwasani Jagad raya iku Tuan Khubilai Khan, kapindho Sri Kertanegara nate
natoni dhuta saka ing Tar-tar. Mangka kowe ngerti dhewe yen sawijine dhuta iku
ora kena cilike dilarani apamaneh dipateni
Shin phe kausin : O mangkono, hla yen mangkene aku
gamblang cetha ora mangu-mangu anggone tumandang gawe Kaisar. Banjur kersane
Kaisar kepriye?
Ikke Messi : Kang dadi bingunge rasaku
yaiku aku durung mangerteni papan dununge Kedhaton Singasari. Prayogane
kepriye?
Shin Phe Kausin : He kowe… sapa jenengmu
Wadya Tar-tar 1 : Kula inggih kawula panjenengan. Nami
kula Cong Ik
Shin Phe Kausin : Kowe Cong Ik?
Wadya Tar-tar 1 : Inggih panglima
Shin Phe kausin : Hla iki, kowe ya wong asli Tar-tar
Wadya Tar-tar 2 : Inggih, nami kula Vis Cha
Shin Phe Kausin : Iki Kaisar, wong loro iki becike
diutus nggolek pawongan asli kene supaya nggolekne pawongan kang ngerti dununge
kedhaton Singasari lan nuduhke dalan tumuju ing Singasari
Ikke Messi : mangkono uga becik. He kowe
wong loro
Wadya Tar-tar : Inggih dospundi Panglima
Ikke Messi : Kowe takutus goleki
pawongan kang saguh nuduhke papan Kedhaton singasari dene aku lan Panglima Shin
Phe bakal mbangun pasanggrahan ing papan kene
Wadya Tar-tar : Sendika Tuan
Babak 2
Paraga :
Jayakatwang, Prameswari, Patih Kebo Mundarang, Mentri Segara Winotan, Sonopati
Parungsari, Senopati Ranggajanur, Adipati Arya Banyakwidhe
Setting :
Kraton Gelang-gelang
Jayakatwang : Heh Patih Kebo Mundharang,
Rada maju pasebanmu sang Patih,
Ingsun mundhut pawartamu,
Matura kang prasaja,
kebo mundarang : Sowanipun
kang abdi manggih rahayu,
Parungsari : Miwah sagunging pra wadya,
Anengga dhawuh sang Aji
Jayakatwang : ya, dikepenakake anggonmu
lungguh.
Kebo mudarang :
inggih gusti.
Jayakatwang : senopati Ranggajanur?
Ranggajanur : dhawuh tinimbalan gusti
jayakatwang.
Jayakatwang : aku
kepengin mangerteni, kepiye kahanane Kadipaten gelang-gelang? Lak ya padha
becik ta?
Ranggajanur : inggih
sinuwun, kawontenanipun Kadipaten gelang-gelang samenika hayom hayem tentrem
boten wonten alangan satunggal menapa-menapa.
Jayakatwang : syukur,
yen ta pancen kahanane Kadipaten Gelang-gelang katon ayem tentrem ora ana
kahanan apa-apa. Parungsari
Parungsari : Kula
wonten dhawuh Sinuwun
Jayakatwang : Sanajan
sira iku sipate wanita nanging kowe pantes minangka satriyane praja
Parungsari :
inggih sinuwun jalaran, kula sampun sumpah aprasetya bilih jejeripun wanita kedah
tumut rumeksa karaharjanipun praja mboten namung kaum priya sinuwun
Jayakatwang :
Ndadekne bungahe atiku, pancen bener jejere wanita aja nganti kalah klawan
jejere priya. Kepenakna anggonmu sowan
Parungsari :
Mboten kirang prayogi sinuwun
Jayakatwang : yayi
Prameswari
Prameswari :
Inggih kula kangmas Adipati
Jayakatwang : Iki mau
ndherek sowan
Prameswari :
Inggih
Jayakatwang : Kepriye
anggonmu nggulawenthah sakabehe para putri ing Kadipaten Gelang-gelang
Prameswari :
Pikantuk pangestu panjenengan kangmas Dipati, nyatanipun sadaya para putri
tansah sumanggem ing parentah, mboten kesupen kula ngaturaken sungkem
pangabekti mugi konjuk
Jayakatwang :
Taktampa gawe gedhene atiku, dikepenakne anggone sowan
Prameswari :
inggih mangestokaken dhawuh.
Jayakatwang : Bali
marang sira Patih Kebo Mundharang
Kebo mundharang : Inggih kados
pundi Kanjeng Dipati
Jayakatwang : Ing
pasewakan dina iki ingsun bakal ngandharake sedyaku yaiku ingsun bakal njaluk
wewenangku kang wus suwe diregem dening wong-wong Singasari
Kebo mundharang : Kersanipun
Kanjeng sinuwun menika kados pundi kok kirang ndungkap raosing batos kula
Jayakatwang :
Mangkene, ingsun bubar manjing ing Bale Pustaka. Ing kono disebutake lamun
ingsun iki sejatine kang pantes nglungguhi praja Singasari. Jalaran leluhurku
Prabu Dhandhanggendhis duk nalika samana disedani dening Akuwu Ken Arok ing
Tumapel. Wekasan Ken Arok bisa ngedegake praja Singasari. Sawise Ken Arok murud
ing kasedan jati anak turune Ken Arok kang nguwasani praja Singasari. Wiwit saka
Anusapati, Tohjaya, Siwa Prabu Wisnuwardhana lan Kakang Prabu Kertanegara. Mula
dina iki aku nduwe niat nungkulke Singasari jalaran iku darbeke Adipati
Jayakatwang
Prameswari : Dhuh
Kangmas mbok inggih dipunpenggalih malih
Jayakatwang : Kepriye
Yayi
Prameswari :
Menawi panjenengan badhe nglurug dhateng Singasari, samenika kula aturi
menggalih sinten Prabu Kertanegara menika. Menika ugi besan panjenengan ugi nak
ndulur kaliyan panjenengan. Menapa badhe
kelampahan unen-unen “merangi tangan landhesan dhengkul”?
Jayakatwang : Ora
yayi, iki perkara hak waris. Leluhure Kertanegara wis nduwe utang nyawa marang
leluhurku mula aku kang bakal nagih utang iku mau.
Adegan 2. Banyak Widhe teka
Jayakatwang :
Mangga-mangga Kakang Arya Banyak Widhe
Banyak Widhe : Iya yayi dipati..
Jayakatwang : Sami
sugeng rawuhipun Kakang
Banyak Widhe : Iya yayi
Dipati, tekaku ora ana alangan sawiji apa. Taklimku tampanana Yayi
Jayakatwang : Inggih
kakang dhawaha sami-sami. Janur gunung panjenengan rawuh ing Kadipaten
Gelang-gelang
Banyak Widhe : Iya, Yayi
Jayakatwang
Jayakatwang : Kados
pundi kakang?
Banyak Widhe : Tekaku
iki sepisan kepengin mangerteni kahanan ing Gelang-gelang, kaping pindho pun
kakang kepengin tilik kasugengane yayi Adipati sakulawangsa dene jangkepe perlu
mangkene yayi, dina iki kraton SIngasari ringkih jalaran wadya bala saperangan
gedhe kautus nglurug menyang Swarnabhumi.
Jayakatwang : Lajeng
bab menika menapa wonten gandheng cenengipun kaliyan kula Kakang?
Banyak Widhe : Ana, dina
iki praja SIngasari ringkih,
Jayakatwang : menapa
kula kedah sabiyantu Prabu Kertanegara mrih saya kiyat nagari Singasari
Banyak WIdhe : Kosik ta,
durung tutug anggonku matur. Siadhi dina iki prayogane nglurug Singasari….
Jayakatwang : Hlo,
mangke riyin kakang kok panjenengan darbe pamanggih kados makaten dhasaripun
menapa
Banyakwidhe : ngene,
saka rumangsaku praja Singasari kaasta dening Prabu Ciwabudha ya Prabu
Kertanegara iki kahanane ora tentrem. Sabab sang Prabu amung nengenake bab
jembare jajahan ora mikir bab kahanane kawulane. Kepara sang Prabu ketungkul
anggone suka parisuka kombul bujana andrawina. Mula yayi, ya mung sliramu kang
bisa ngadili Prabu Kertanegara. Coba dipenggalih
Jayakatwang : Inggih
kakang, sedya kula sekawit namung kepengin njongkeng kawibawanipun praja Singasari.
Saya wimbuh grengseng ati kula sareng kula nampi kabar saking panjenengan
menawi Singasari samangke ringkih.
Banyakwidhe : Mula bab
pangluruge si adhi becik rembugan klawan wadya balamu, pun kakang njaluk pamit
bali mring Songeneb yayi
Jayakatwang : Inggih
sumangga Kakang, ndherekaken raharjanipun lampah…. Tih Kebo Mundarang
Kebo Mundharang : Kula Gusti
Jayakatwang : Metuwa
njaba gelar baris nglurug Singasari
Kebo Mundharang : Sendika
mangestokaken dhawuh
Jayakatwang :
Pasewakan kena kabubarake.
Babak 3.
Casting: Kebo Mundharang
sawadya, Kebo Anengah, Senapati Gajah Pagon
sawadya,Ardaraja
Setting: Alas
Adegan 1. Kebo Anengah , Gajah Pagon
njaga katentreman ing Singasari
Kebo Anengah : Gajah
Pagon lan kabeh prajurit Singasari
Gajah Pagon : Kados pundi
Ki Patih
Kebo Anengah : Iki dina
praja Singasari ringkih jalaran saperangan gedhe prajurit kautus nglurug
menyang Swarnabhumi ya ing Malayu. Mula saka kuwi aja mbok kendhoni barismu,
kepara rapetana.
Gajah Pagon : inggih
ki Patih sanajan ing mangke wonten pangamukipun parangmuka kula sawadya saged
nyingkiraken jalaran SIngasari nedheng ketaman lara ayu dados kathah ingkang
ngayunaken
Kebo Anengah : Iya bagus
hlo apa kae dhampyak-dhampyak
Adegan 2. Kebo Mundharang sawadya teka
Kebo Anengah : Kebo
Mundharang
Kebo Mundharang : Inggih Gusti
Patih Kebo Anengah
Kebo Anengah : iki dudu
dina pisowanan kok sira prapta ing laladan Singasari tur nggawa prajurit
sagelar sepapan
Kebo Mundharang : Ki Patih,
kula dugi ing tapel wates praja SIngasari mboten badhe sowan Prabu Kertanegara
nanging kula badhe nglurug perang, Sang Prabu Kertanegara kedah lengser saking
kalenggahan
Kebo Anengah : O cethane
kowe mbarang ngamuk, heh Gajah Pagon cekelen Kebo Mundharang sawadyane…
Adegan 3. Kebo Anengah mengsah Kebo Mundharang
Kebo Mundharang : Wadya
Singasari wis kapracondhang kepara akeh kang ngemasi. Mula kowe nungkula Kebo
Anengah
Kebo Anengah : Tangeh
nggendhong lamun kowe bisa ngrubuhake Singasari yen aku isih mbregagah
Kebo Mundharang : Keparat tuwa
pikun klakon takremet dadi klalare epek-epek kowe
Adegan 4. Kebo Anengah dilimpe dening Raden Ardaraja.
Ardaraja : Wa
Patih Kebo Mundharang
Kebo Mundharang : Inggih Raden
Ardaraja : Wa,
aku wis krungu yen dina iki Kanjeng Rama Jayakatwang nglurug marang Singasari.
Aku jejere anak kudu bisa mikul ndhuwur mendhem jero klawan wong atuwaku
Kebo Mundharang : kersanipun
Raden Ardaraja
Ardaraja :
Dinane iki Kanjeng Rama Prabu Kertanegara lagi langen suka ing Taman Keputren,
mula diage lurugen ing Taman Keputren mumpung durung kadenangan Kakang Dyah
Wijaya saandhahane
Kebo Mundharang : Sendika
Raden
Babak
4
Setting: Taman sari
Casting: Kertanegara,
Prameswari, Tribuana, Gayatri, Emban
Adegan
1.
Prabu Kertanegara (wuru) kaadhep prameswari, para putri, lan dhayang
Kertanegara : Ibune....
Prameswari : Kula ramane
Kertanegara : Mulya-mulyane urip ora kaya
panjenenganingsun, dadi ratu gung binathara, jembar jajahanku, tur sinuyudan
dening para kawula sapraja hahahaha... Embaann
Emban
1 : Kula Gusti
Kertanegara : Kene unjukan karemenaningsun cawisna
Prameswari : Kangmas Prabu
Kertanegara : Piye ibune
Prameswari : Kula aturi menggalih sarana penggalih
ingkang wening, panjenengan menika jejeripun narendra ingkang gung binathara
tur kathah kawula ingkang sumuyud ing sahandhap pepeda. Nanging karemenan
panjenengan ingkang kirang trep menggahipun kula kangmas
Kertanegara : Hahahahaha... kowe mesthi bakal ndakwa
yen bab anggonku remen wuru ngunjuk tuwak lan waragang iki. Ibune sumurupa, yen
sawijine narendra iku kwajibane utawa jejibahane ya mung mikir. Mangka yen wong
mikir ning pikirane ora jenak ya tundhone ora wening. Mula aku ngunjuk iki
kareben wening pikirku.
Gayatri : Dhuh rama nyuwun pangapunten
Kertanegara : (ngunjuk waragang) Hmmm... Gayatri
Gayatri : Nyuwun pangapunten saderengipun,
menawi pamanggih kula rama,,
Kertanegara : Piye
Gayatri : Para wasu pitri tuwin brahmana
sampun netepaken bilih wuru menika kalebet maksiyat rama.
Tribuana : Semanten ugi kula sumela atur rama,
Kertanegara : Hmmm... ahhhh... Tribuana
Tribuana : Inggih rama, leres aturipun Kanjeng
ibu saha kangmbok Gayatri, menawi wuru menika kalebet larangan utawi awisan ing
nagari Singasari jalaran saged ngrisak kasarasan Kanjeng Rama..
Kertanegara : Hahahaha... Ibune, Gayatri lan kowe
Tribuana. Wurune utawa mendeme sawijine ratu iku ora larangan jalaran kang
wenang ngatur abang ijone paprintahan ing Singasari ya mung Ingsun Prabu
Ciwabudha ya Prabu Kertanegara. Dadai cethane ora ana sing wani nglarang klawan
kekarepanku. Yen wong cilik-cilik kae ora kena wuru kejaba Ingsun...
Embaaannnn...!!!
Emban : Ku..kula Sinuwun
Kertanegara : Ngapa ndadak mandheg... kene diiseni
maneh...
Prameswari : Kangmas menika winastanan Gajah ngidak
rapah, palang mangan tandur. Pranatan ing Singasari menika dipuncak-aken sedaya
warga ing Singasari kalebet ratu
Kertanegara : Ibune, wis aja kakehan kang dirembug
cukup menenga, lan kowe Gayatri Tribuana. Sanajan aku iki kulawargamu nanging
saliyane iku aku uga ratu gustimu. Kowe ora kena mejang klawan aku...
Embaannn!!!
Emban : Inggih sinuwun, menika sampun
telas setunggal kendhi.
Kertanegara : Tambahi maneh!!! Kowe ki piye kok nganti
kentekan heee!!
Emban : Nyuwun pangapunten sinuwun menika
taksih kula padosne
Prameswari : Emban kana age dicawiske maneh, aja gawe
dukane kanjeng Sinuwun
Gayatri : Kados pundi kanjeng ibu
Prameswari : Wis turutana kersane ramamu wae Nini
Emban : Inggih Gusti Ratu, menika sinuwun
sampun kula cawisaken enggal
Kertanegara : Hlahh ya mengkono. Nyambut gawe ki sing
temen, kowe takingu ki mligi kanggo nyawisi unjukaningsun ngerti...
Emban : Inggih sinuwun
Kertanegara : Takpecat apa piye
Emban : Inggih ampun ta Sinuwun
Kertanegara : Takpecat klakon manggon neng Jarak kowe.
Kene cawisne... Hmmmm...
Prameswari : Sampun keladuk ta kangmas
Kertanegara : Ibune... aku durung tuwuk anggonku
ngunjuk. Ahhhh ... hmmm
Adegan 2.
Prajurit sowan
Prajurit : Adhuh sinuwun ketiwasan
Kertanegara : Sapa sing sowan tanpa sun timbali iku.
Sapa Bu?
Prameswari : Menika abdi pacalang kangmas nanging
kebak ing tatu dedamel. Mesakaken sanget kangmas
Kertanegara : Hlahhh wis lumrah, jenenge abdi pacalang
iku genah lagi gegladhen banjur kena sasarane tumbak
Prameswari : Gayatri Tribuana piye iki
Gayatri : Enggal kadangu kemawon ibu
Tribuana : Inggih ibu kadosipun wonten bab
ingkang mboten ngremenaken.
Prameswari : Bocah prajurit ana kedadeyan apa kok
nganti kowe tatu kaya mangkono?
Prajurit : Adhuh Gusti Ratu, kawuningana
Praja Singsari ing samangke kinepung wakul binaya mangap dening wadya
sak...king... Gel.. (mati)
Prameswari : Bocah prajurit... adhuh gek ana apa iki,
kangmas Prabu...
Kertanegara : Hmmm
Prameswari : Kedhaton Singasari kinepung wakul binaya
mangap... kados pundi kangmas?
Kertanegara : Hahahaha... prajurit ngayawara, dheweke
mati iku jalaran goroh anggone matur... wis kareben mati
Prameswari : Ndhu Tribuana lan Gayatri
Gayatri : Kados pundi ibu
Prameswari : Wis nini, katone praja Singasari lagi
ing swasana gawat. Mula kowe age mlajara liwat kori bebutulan. Golekana garwamu
Dyah Wijaya Nini... age aja kesuwen
Gayatri : Inggih sendika kanjeng ibu, ayo
Yayi
Tribuana
: Mangga kangmbok
Adegan 3.
Jayakatwang lan Kebo Mundaranag teka
Jayakatwang : Amuk –amuk...!!!
Prameswari : Kangmas menika Yayi Jayakatwang ingkang
sowan
Kertanegara : Hmmm... Jayakatwang. Kene rada maju
Jayakatwang : Inggih Kangmas Prabu
Kertanegara : Sejatine, kowe lan sapa kuwi
Kebo
M : Kula Patih Kebo Mundarang
Kertanegara : Manjing ing taman kaputren kalebu luput
amarga yen kowe butuh lan jenengingsun kudu sapatemon ing Sitinggil, nanging
gandheng kowe iku adhiku mula taklilani. Ana wigati apa hmmmm...
Jayakatwang : Kangmas, kula sowan menika sedya kula
nglurug ing Singasari, panjenengan kedah nungkul dhateng kula
Prameswari : Kados pundi kangmas
Kertanegara : Hmmm kowe apa lagi mendem Jayakatwang
haaa?? Mokal yen kowe bisa nungkulake Singasari takupamakne wong ngipi ing
wayah awan.
Jayakatwang : Nanging sedya kula badhe kasembadan,
katitik wadya Singasari kathah ingkang kaseser jurit. Beteng Singasari sampun
bedhah mila panjenengan kula aturi nungkul. Kula ingkang jumeneng nata ing
Singasari
Kertanegara : Hahahaha klakon taktumpes sacindhil
abangmu kowe Jayakatwang
Jayakatwang : Ratu ora urus tampanana pusaka piyandel
Gelang-gelang
Prameswari : Kangmas Prabu...!
Kertanegara : Bune kowe mlayua..mlayu bune...
(Kertanegara mati)
Jayakatwang : Tih
Kebo
M : Kula sinuwun
Jayakatwang : Prameswari Bajradewi lebokne pakunjaran
Kebo
M : Sendika
Jayakatwang : Patih Kebo Mundarang, Ardaraja lan kowe
kabeh
Koor : Kula sinuwun
Jayakatwang : Singasari wis sunbedhah. Mula ingsun bakal
mindhah punjere paprintahan ana ing Kadiri, ingsun kang jumeneng nata ing kana
kanthi jejuluk Prabu Jayakatwang. Ayo diusungi rajabrana Singasari
Koor : nggih sendika
Babak 5.
Setting: Beteng
Casting: Wijaya, Ken Sora,
Lawe, Nambi, Gajah Pagon, Tribuana, Gayatri
Adegan 1. Wijaya bakal
ngundurake wadya Gelang-gelang
Wijaya :
Paman Ken Sora
Ken Sora :
Kados pundi Gusti Nararya
Wijaya :
Wadhuh paman kecolongan, jebul wadya ing Gelang-gelang menika sampun limpad ing
gelar baris katitik samangke sampun kasil mlebet ing kedhaton
Ken Sora :
Lajeng kersanipun Gusti Nararya kadospundi
Wijaya :
Samangke mangga Paman Ken Sora, kakang Lawe saha panjenengan Kakang Nambi.
Ngempalaken prajurit bhayangkari ingkang taksih sugeng tumunten nggebag wadya
Gelang-gelang.
Lawe :
Raden, menawi bab wadya Gelang-gelang cekap kula piyambak ingkang badhe
ngrampungi.
Ken Sora :
mengko dhisik Lawe, yen ngrembug bab iki mung nggunakne okol tanpa akal bakale
tuna kang kaping pindho. Becike ayo nylametake praja Singasari saka cengkremane
wadya Gelang-gelang
Adegan 3. Gajah Pagon teka
Wijaya :
Paman Gajah Pagon iki
Gajah Pagon : Inggih
Raden, ngaturaken ketiwasan, wadya Gelang-gelang samangke sampun kasil njebol
beteng saha ngrisak kedhaton, kepara Kanjeng Sinuwun Prabu Kertanegara sampun
gugur
Wijaya :
Rama Prabu gugur!!!... sampun kedangon Paman Sora, mangga sami nggebag wadya
Gelang-gelang
Ken Sora :
Mangke riyin Raden, kula wau sampun matur. Menawi namung nggendelaken okol
badhe kapitunan ing tembenipun
Nambi :
Inggih Raden, prayogi panjenengan menggalih kasugenganipun kang garwa kekalih
Dyah Tribuana saha Dyah Gayatri
Wijaya : O
inggih Kakang leres panjenengan Kakang Nambi
Adegan 4. Tribuana lan gayatri teka
Wijaya :
Oh… Yayi Gayatri lan Tribuana sukur sliramu isih slamet yayi
Gayatri : Inggih
Pangeran, kula ajrih sanget pangeran
Tribuana :
Dhuh pangeran kados pundi menika, kanjeng ibu Prameswari samangke dipunkunjara
dening Paman Jayakatwang
Wijaya :
Kados pundi Paman Ken Sora?
Ken Sora :
Prayoginipun sumangga enggal oncat saking Singasari jalaran kula sumelang
wonten telik sandhinipun Adipati Jayakatwang ingkang nedya munasika panjenengan
Raden
Wijaya :
Lajeng, ngayom dhateng sinten Paman
Lawe :
Ngayom dhateng Songenep mawon Raden, mangke kula ingkang nglarapaken dhumateng
Kanjeng Rama Adipati Banyak Widhe
Wijaya :
Makaten inggih prayogi Kakang Lawe. Paman Gajah Pagon
Gajah Pagon : kula
Raden
Wijaya :
Dina iki aku bakal tumuju ing Songeneb, takjaluk si Paman uga oncat saka
Singasari mapana ing salor kulone Nermada Canggu.
Gajah Pagon :
Sendika Raden
Wijaya :
Yayi Garwane pun kakang lan panjenengan Paman Sora, Lawe, saha Nambi. Sumangga
enggal-enggal lumawat ing Sumenep.
Babak 6.
Setting: Omah desa
Casting: Lurah Kudadu, Ki
Joko, Congik, lan Vischa
Adegan 1. Lurah Kudadu
bawarasa klawan Ki Joko
Lurah :
He Cekel
Joko :
Kula Ki Lurah
Lurah :
Leren sik sawetara, wis suwe anggonku ora tilik warga desa ing Kudadu kene.
Joko :
Hla nggih ta Ki Lurah, njenengan niku saking tindak pundi kemawon kok ngantos
nilar desa ngriki. Kula sing bingung, upami wonten wong njaluk surat-surat tur
sing wonten tapak asmane panjenengan mangka panjenengan mboten wonten ing
kelurahan.
Lurah :
Cekel, ya ngene iki abot-abote ngemban dhawuh saka Gustimu ing Sumenep Sang
Adipati Banyak Widhe kang paring dhawuh marang aku supaya mbiyantu bot-repote
Gusti Sanggramawijaya anggone babat alas Tarik. Mula ya sing gedhe pangapuramu.
Joko :
Napa sampun rampung Ki Lurah?
Lurah :
Sik aku takndongeng, nalika samana Gustimu Raden Sanggramawijaya wis sowan ana
ngarsane Kanjeng Adipati ing Sumenep. Banjur kasowanake ing ngarsane Sri
Jayakatwang ing Kediri. Takkira Gusti Sanggramawijaya iki bakal dipidana, jebul
diparingi alas gledhegan supaya diwangun dadi padhukuhan
Joko : Wah
jebul nggih wicaksana nggih narendra Kadiri niku
Lurah :
Anggepane Sinuwun Jayakatwang iku kang dadi mungsuh amung Sinuwun Prabu
Kertanegara dudu Raden Sanggramawijaya. Hla dina iki anggone babat alas wis meh
rampung, mula aku bali ing Kudadu.
Joko :
Wah ketingale njenengan sayah niki,
Lurah :
Iya, Cekel… aku butuh hiburan.
Joko :
Ingkang dipunkersakaken kadospundi Ki Lurah
Lurah :
Nyi Rerik timbalana mrene aku kangen swara kencanane
Joko :
napa niku Ki Lurah?
Lurah :
Swara emas… kana ndang timbalana.
(Saged dipunimprovisasi)
Adegan 2. Congik lan Vischa teka
Lurah :
Sik sik, nitik sandhangane kowe iki dudu wong Kediri utawa wong Sumenep
Congik :
Bener aku wong saka Tar-tar
Lurah :
Tar-tar?
Congik : Iya
abdine sesembahanku Kaisar Kubilai Khan
Lurah :
banjur tekamu ing sudhungku kene ana wigati apa?
Congik :
Cethane aku sawadya bala sing dipandhegani dening Panglima Ike Messi bakal
ngrangket Ratu ing Singasari kang jejuluk Prabu kertanegara
Vischa :
Iya, gandheng kowe asli wong kene mesthine genah lan ngerti papan dununge praja
Singasari. Aku njaluk tulung larapna ing praja Singasari.
Lurah :
Ngene sik jenengmu sapa?
Congik : Aku
Cong Ik
Vischa :
Vis Cha
Lurah :
Ngertiya dina iki Singasari wis rubuh. Sinuwun Kertanegara wus gugur. Hla sing
isih iki mung kulawangsane Prabu Kertanegara kang mapan ing Tarik ya ing
Majapait
Congik : Iya
saiki aku larapna taktumpese pisan
Lurah :
Sik ta, prayogane sampeyan nganthi panglimamu ngadhep ing Tarik kareben cetha
lan gamblang.
Congik :
Piye iki
Vischa :
Dituruti wae timbang kesuwen
Congik : Iya
aku manut. Tuduhna panggonane
Lurah :
ayo manuta aku.
Babak 7.
Casting: Jayakatwang, Kebo
Mundharang, Ardaraja, Senapati Parungsari,
Ranggajanur, Segara Winotan.
Setting: Pendhapa
Adegan 1. Jayakatwang
sawadya
Ardaraja :
Ngaturaken ketiwasan Rama Prabu
Jayakatwang : Ana
wigati apa ngger sajak magita-gita anggonmu lumaku
Ardaraja :
Rama, alas Tarik sampun kababat dening Kakang Sanggramawijaya
Jayakatwang : Iya
pancen Sanggramawijaya takutus mbabat wana Tarik kinarya papan dunung jalaran
Singasari wis ludhes tanpa sisa
Ardaraja : inggih
nanging rama, wekdal samangke Kakang Wijaya saha pendherekipun ngimpun
kekiyatan badhe ngrebat kamukten ing Kediri.
Jayakatwang : Kowe
matur kang kaya mangkono dhasarmu apa?
Ardaraja :
Awit Kakang Wijaya sampun manjer gendhera perang saha nanem wringin kurung
sakembaran. Cetha menawi kakang Wijaya badhe ngembari panguwaos panjenengan
Rama.
Jayakatwang : Dudu
karepe dhewe, siyaga ing gegaman, taktumpese Wijaya sawadyane
Parungsari :
mangke riyin sinuwun, saderengipun panjenengan majeng ing palagan kula ingkang
badhe ngrumiyini nigas jangganipun Wijaya
Segarawinotan : Kula ugi
mboten kantun sinuwun kula sagah minangka tawuring prang
Ranggajanur :
Sinuwun nadyan ajur kinarya sesawur, putung kinarya bebalang kula sagah
ndhepani bumi Kediri
Jayakatwang : Bagus,
ndhisikana laku aku bakal sumusul ing mburi. Kebo Mundharang
Kebo Mundharang : Kula sinuwun
Jayakatwang :
Siyagakne prajurit mawa gelar Emprit neba, byuki bathang sayuta Majapait
Kebo mundharang : sendika
sinuwun.
Babak
8.
Casting:
Sanggramawijaya, Arya Wiraraja, Lawe, Ken Sora, Nambi, Ikke Messi sawadya.
Setting:
Pendhapa
Adegan 1. Wijaya sapendherek lan Arya Wiraraja
ngrembug bab kahanan Majapait
Wijaya :
Paman Adipati Arya Banyakwidhe
Banyakwidhe :
Kula nakmas
Wijaya :
Samenika kula sampun saged mbangun alas Tarik ugi sampun kaparingan nami
Majapait. Sisanipun wadya Singasari ugi kathah ingkang ngrojongi pikajeng kula
supados ngrebat panguwaos ing Kediri.
Banyakwidhe : Mangke
riyin nakmas, panjenengan menawi badhe ngrabasa ing Kediri mangkenipun saged
dipunwastani menawi panjenengan menika mboten ngertos lelabetanipun tiyang
sanes. Mboten kok kula ngewangi kang Paman Prabu Jayakatwang, nanging kekiyatan
Majapait taksih dereng saged timbang kaliyan wadya Kediri.
Wijaya :
Lajeng mbenjang menapa kula saged ngrebat kamukten ing Kediri. Sakawit
panjenengan dhawuh bilih anggen kula pasrah bongkokan dhumateng Paman
Jayakatwang saha mbabat alas Tarik lajeng nggebag Kediri. Mangka samenika
anggen kula mbabat sampun rampung.
Lawe :
Inggih Rama kula sampun sawega lair batos badhe nggebag Kediri.
Banyakwidhe : Inggih
kula ngertos nanging panjenengan sampun ngantos nggelak wanci nggege mangsa.
Prajurit Kediri langkung kathah cacahipun. Pramila kula aturi sabar nakmas.
Adegan 2. Ikke Messi lan Shin Phe teka ing Pendhapa
Wijaya :
Paman Ken Sora
Ken Sora : Kula
Gusti Nararya
Wijaya :
Menika wonten pawongan ingkang sowan, kula aturi murba
Ken Sora :
inggih, He Kisanak, sira iku sapa lan nduwe karep apa.
Ikke Messi : Iya
Tuan, aku Panglima Ikke Messi saka Tar-tar. Dene tekaku mrene bakal numpes
wong-wong Singasari andhahane Prabu Kertanegara
Lawe :
Iblis laknat piye!!!
Banyakwidhe : Sik-sik
sabar Lawe, aja keburu nafsu. Coba takpurbane. Tuan…
Ikke Messi : Kowe
sapa… cetha yen iki wong-wong ing Singasari mula manuta takrangket taksowanake
sesembahanku Kaisar Kubilai Khan..
Banyakwidhe : Iya aku
ngerti, iki kabeh pancen wong-wong Singasari. Kae Raden Sanggramawijaya, iki
putraku Lawe, kae Ken Sora lan Nambi dene aku Bupati ing Sumenep jenengku
Banyakwidhe
Ikke Messi : Wis
dina iki nungkula kabeh bakal takrangket
Banyakwidhe : Yen
panjenengan bakal ngrangket priyayi ing kene mesthi bisa nanging, apa ora
prayoga panjenengan ngrangket ratu kang wus bisa ngrubuhke Singasari
Ikke Messi :
Banjur apa bathiku yen aku bisa ningkes wong sing wis bisa ngrubuhke Singasari.
Banyakwidhe : Sepisan,
panjenengan bakal antuk nagara jajahan, kapindho, panjenengan bakal antuk mas
picis rajabrana saka kraton Kediri.
Ikke Messi : Piye
Shin Phee?
Shin Phee : Kula
namung ndherek kersa panjenengan
Ikke Messi : Iya,
Banyakwidhe aku manut kowe. Nanging kanthi prajanjen yen nganti Kediri wis bisa
ditungkulake, Kediri bakal dadi jajahan Tar-tar.
Banyakwidhe : Iya, yen
perlu mengko wong-wong Majapait bakal sabiyantu. Saiki ndhisikana laku
Ikke Messi : Iya
yen ngono aku ndhisiki laku.
Wijaya :
Paman Banyakwidhe
Banyakwidhe : Kados
pundi Nakmas?
Wijaya :
Menika kados pundi kersa panjenengan kok masarahaken nagari Kediri dhateng
wadya sabrang niki wau
Ken sora :
Kakang Adipati, menapa mboten muspra anggen kita mangun Majapait ingkang ing
tembenipun namung dipunparingaken tiyang-tiyang Tar-tar?
Banyakwidhe : Menika
namung samudana, wadya Tar-tar menika prajuritipun kathah. Kula pitados saged
nelukaken Kediri, menawi sampun kasil nelukaken Kediri, Lawe saha Ken Sora
enggal-enggal ngrabasa wadya Tar-tar saha ngobong praunipun tiyang-tiyang
Tar-tar.
Wijaya : O
makaten, inggih kula sampun cetha. Kakang Lawe, Paman Sora saha Kakang Nambi.
Mangga sabiyantu wadya tar-tar.
Koor :
Mangga Gusti Nararya
Babak
9.
Casting:
Wadya Tar-tar, Wadya Kediri, Wadya Majapait.
Setting : Alun-alun Kediri
Adegan
1. Ranggajanur, Segara Winotan kepethuk Ranggalawe perang. Ranggajanur lan Segara Winotan
gugur.
Ranggajanur :
Iki Senapati Lawe
Lawe :
Ora kleru aku Lawe, kowe Ranggajanur lan Segara Winotan
Segara Winotan :
Iya, apa karepmu dene macak baris lan ngrabasa Kediri.
Lawe :
Cekak cukupe dina iki Prabu Jayakatwang kudu mudhun saka dhampar keprabon
Ranggajanur : Klakon
sedyamu yen wis tugel guluku
Lawe :
Majuwa sajangkah takremet klakon dadi klalare epek-epek!!
Adegan 2. Parungsari mungsuh Dyah Wijaya
Parungsari :
Hamuk-hamuk ndi wong-wong Majapait iki tandhingana Senapati Parungsari!!
Wijaya :
Iki senapati wanita ing Kediri
Parungsari : Ora
kleru, heh Dyah Wijaya bagus rupamu nanging letheg gegedhohanmu. Mula manuta
bakal taktugel gulumu
Wijaya :
Tinimbang kowe mungsuh aku luwung kowe manuta takdadekne garwaku. Manuta wong
ayu…
Parungsari :
Wijaya, aja sembrana klakon pecah dhadhamu
Wijaya :
Manuta sun emban sun pondhong
Parungsari :
Tampanana pusakaku iki (Parungsari gugur kena pusakane Nambi)
Wijaya :
Kakang nambi…
Nambi :
Awrat Gayatri napa Parungsari…mangga kalajengaken malih Raden.
Adegan 3. Kebo Mundharang lan Ardaraja ngroyok Ken Sora
Ardaraja :
Menungsa lumuh dibeciki kowe Sora
Ken Sora :
Kepara kuwalik, kowe sageranganmu nungkula jalaran wus kumawani nggebag ing
Singasari.
Ardaraja :
Paman Kebo Mundharang cekelen Sora.
(Kebo Mundharang gugur, Ardaraja gugur kakrubut wadya Tar-tar)
Adegan 4. Jayakatwang lan garwane
Jayakatwang : Yayi
Ratu
Prameswari : Kula
sinuwun
Jayakatwang : Kaya
wus teka kalamangsane yen punkakang kudu bali ing alam kamuksan, mula ayo
takdherekake ngeningke cipta
Prameswari :
Sumangga sinuwun
Adegan 5. Ikke Messi sawadya teka
Ikke Messi : Hla iki
ratu Kediri, ayo tugel gulune
Wadya tar-tar : Hlo
Ratu Kediri ilang…Jayakatwang ngilang…
Adegan 6. Lawe lan Sora nggempur Wadya Tar-tar
Babak 10.
Casting: Wijaya sawadya
Setting: Pendhapa
Adegan 1. Wijaya jumeneng
ratu
Wijaya :
Ingsun jumeneng nata ing Majapait kanthi jejuluk Sri Kertarajasa Jayawardhana.
Paman Arya Banyakwidhe kula paringi bumi sasigar semangka jajahan Kediri
ingkang sisih wetan. Paman Ken Sora ingsun tetepake minangka pepatih ing Daha
kanthi sebutan Patih Lembusora, ngrangkani Diajeng Gayatri. Kakang Lawe sun
wisudha minangka Manteri Nusantara ugi Adipati ing Tuban kanthi sebatan Adipati
Ranggalawe. Dene kang minangka patih Amangkubumi, sun tetepake Kakang Nambi
kanthi sebutan Patih Mpu Nambi. sapa sing ora sarujuk gage matura!
Ranggalawe : Kula
mboten sarujuk!!!!!!
(Candhake Carita Dahuru ing
Majapait)
Tidak ada komentar:
Posting Komentar